Srawungku Karo Sastra Jawa

Home » » NOVEL PAWESTRI TANPA IDENTITI

NOVEL PAWESTRI TANPA IDENTITI

Novele Suparto Brata
NOVEL PAWESTRI TANPA IDENTITI :
Konvensi Detektif ing Satengahing Novel Bisnis Keluwarga
Dening Dra Sri Widati




Pendhak taun keri-keri iki, Suparto Brata kanthi ajeg nyithak buku-buku karyane, padatane awujud roman utawa novel, ana kang cithakan ambalan saka novel sing wis nate terbit, utawa nate kapacak minangka cerita sambung ing majalah Jawa, lan ana uga sing riptan anyar. Miturut Panjenengane, anggone nyrempeng nyithak buku-buku karyane iku amarga buku iku bisa minangka warisan kang tanpa upama regane awit bisa aweh piwulang kreativitas, inovasi, owah-owahaning jaman marang masarakat, lan nggrengsengake jagad kasusastran Jawa, dimen regeng kaya duk jaman kawuri.

Taun 2010 kapungkur, Suparto Brata nyithak buku 5 judhul, kabeh awujud roman utawa novel, yaiku Cintrong Paju-Pat (nate kapacak minangka cerbung ing Panjebar Semangat, 2006), Nona Sekretaris (rampung katulis taun 1983-1984), ‘t Spookhuis (crita sambung Panjebar Semangat Februari-April 1991), Riwayat Madege Propinsi Jawa Timur: Lelabuhane Gubernur Jawa Timur I R.M.T.A.Suryo (kacithak taun 2010), lan Pawestri Tanpa Idhentiti (rampung kaserat wulan Agustus 2009, kacithak taun 2010). Ing antarane novel lima mau, novel kang judhule Pawestri Tanpa Idhentiti kang narik kawigatenku amarga ana sawetara bab kang nggawokake. Sepisan, saliyane isih anyar (rampung kaserat taun 2009), miturut pamawasku, marga objek kang digarap isih arang diambah dening para panyerat novel Jawa. Yaiku bab dedagangan gedhe, mligine sing ing kene dagang daging sapi njendhel utawa daging sapi beku kang diimport saka manca, Australia. Dedagangan daging njendhel kanthi jeneng PT Frozenmeat Raya iku duweke Panuluh Barata lan Alm.Pandora (garwane). Dene kantor pusate mapan ing Jatiwaringin, Jakarta Wetan, dadi siji karo omah keluwarga.

Kapindho, yen kawawas kanthi premati, wiwit maca judhule, “….tanpa idhentiti” tumekaning rampung crita, akeh tinemu tandha-tandha misteri lan kupiya nglacak misteri, kaya yen kita maca crita detektif, utawa crita nglacak misteri. Dene kang katelu, novel PTI nggarap aspek-aspek feminisme, mligine kawigatene pangripta marang kesetaraan gender. Kanthi ngangkat drajate Pawestri, paraga wadon temon kang diina minangka palanyahan, mligine dening Pangestu lan dianggep gawe kucem kulawarga Panuluh-Pandora. Pawestri uga dicubriyani arep ngroyok bandhane keluwarga Panuluh-Pandora. Nanging pandumuk-pandumuk ala mau ora bener. Paraga Pawesri dening pangriptane dicritakake ora mung ayu rupane, nanging uga ayu atine. Uga cukat lan trengginas ing gawe, pinter, terampil nyekel bisnis, lan sumanak marang sapa wae. Pokoke, lumantar wewatekane Pawestri, Suparto Brata nulak panampane masarakat yen wanita iku padatane didumuk minangka mahluk kang bodho, kesed, lan mung trima swarga nunut lan neraka katut. Lumantar wewatekane Pandora (swargi) lan Pawestri, Suparto Brata uga nulak pandumuk ala dening masarakat ngenani posisi-sosial wanita (Jawa) kang steriotipe, yaiku mung dadi kanca wingking.

2. PTI, Novel Bisnis kang Kompleks

Kaya kang kasebutake ing ngarep inti njingglengi novel PTI iku, tandha kang sepisanan katon yaiku paraga-paraga kang ndarbeni profesi padha: ngupakara bisnis daging njendhel. Yakuwi Panuluh Barata, Dhirektur PT Forzenmeat Raya, lan Victor Holiday, Dhirektur PT Meatcrop Inc. Banjur ana paraga wadon kang tanpa idhentiti (Pawestri), lan Dhokter Radjiman, kancane Panuluh Barata, sing ing crita iki uga ora lepas saka anggone ngupakara bisnis daging njendhel. Muncule paraga wadon tanpa idhentiti ing Hotel Batavia Inn (Pawestri) iku sawijining misteri sing ora dimangerteni dening sapa wae. Misteri kang tumempel ing dhiri pribadhine Pawestri mau kang terus mblebed dadi nyalawadi ing sadawaning novel PTI.

Ing jagading sastra Jawa periodhe pascakamardikan, novel PTI mujudake novel Jawa kang sepisanan ngrebug bisnis, mligine ing kene bisnis daging njendhel kang diimport saka Australia. Novel iki ngelingake kita marang sawijining novel sadurunge kamardikan, yaiku novel Gawaning Wewatekan I dan II (GW I, II, 1928), cithakan Balai Poestaka, anggitane Koesoemadigda. Novel GW I lan II mau salah sijining conto novel Jawa periodhe prakamardikan kang njupuk tema “Dadi priyayi, utawa pegawe Negara, iku dudu siji-sijine pegaweyan kang luhur. Isih akeh pegaweyan luhur liyane kang uga halal, kayata dagang”. Ing novele iku pangripta (Koesoemadigda) njurung para mudha Jawa lulusan sekolah formal Walanda murih ora isin yen ora bisa dadi priyayi. Suwalike, para mudha kudu wani makarya gaweyan liyane kang halal lan bisa nekakake rejeki lan ngundhakake drajat, umpane bisnis dagang. Lumantar para paragatamane kang nduwe wawasan jembar lan krenteg kang teguh, ing novele GW I, II, Koesoemadigda nuduhake pamaos murih ora kena nganggep dadi priyayi utawa pegawe pamarentah iku kalungguhan kang paling luhur ora ana tandhinge. Suwalike, perlu diuningani menawa dagang iku uga dudu gaweyan asor, buktine bisnis dagang akeh kagilut dening bangsa Cina utawa Arab (priksani novel Tan Loen Tik lan Tan Loen Chong, Ayu ingkang Siyal, sarta novel Pameleh). Mengkono, sajatine bakat dagang kuwi uga kudu didarbeni dening bangsa Jawa, kaya kang dituduhake ing novel Gawaning Wewatekan (I, II) iku.

Nganti ing periodhe kamardikan iki, profesi dagang isih tetep arang digarap dening novelis Jawa. Kamangka ing jaman saiki wis akeh wong Jawa sukses ing madyaning bisnis gedhe. Kanthi mengkono, novel Pawestri Tanpa Idhentiti (PTI, tahun 2010) karyane Suparto Brata iki minangka novel pioneer (perintis), utawa kang sepisanan ngrembug bab bisnis dagang gedhe kang katindakake dening wong Jawa: Panuluh Barata. Novel kasebut kandele 392 kaca, kanthi ukuran buku kuwarto. Jumbuh karo ajuning jaman, bisnis kang ditidakake keluarga Panuluh Barata iku bisnis daging sapi njendhel sing diimport saka PT Meatcrop Inc. ing Perth, Australia. Ananging, sing paling narik kawigaten tumrape para sing maos novel iki carane ngandharake crita babon bab bisnis daging, kang diokulasi karo alur panglacake misteri, lan konsep feminisme saengga dadi sawijining novel bisnis daging njendhel kang wutuh lan endah, tur njawani.

Alur babon (alur inti/alur primer) novel PTI iki sajatine bab dhinamikane bisnis daging sapi njendhel kang diimport saka Australia, darbeke Panuluh Barata-Pandora. Ananging, ing crita babon iku uga kacritakake panelusuran sawijining misteri kang tumempel ing dhirine Pawestri, saengga ana perangan alur crita kagarap kanthi mirunggan kaya ing crita detektif. Suparto Brata pancen trampil nyerat novel detektif basa Jawa ing taun 1960-an, kayata kang asesirah Tanpa Tlacak, Tretes Tintrim, Garudha Putih, Pethite Nyai Blorong, lan Jaring Kalamangga. Saperangan novel-novel mau kacithak dadi pocket book utawa buku saku kang kalebu jinise panglipur wuyung, kang populer ing antarane taun 1960-an tumeka taun 1970-an. Saperangan crita detektife Suparto Brata kasebut ana sing wis dicithak maneh, kayata Emprit Abuntut Bedhug, Garudha Putih, lan Jaring Kalamangga. Crita detektif pancen salah sijine subgenre fiksi kang nengenake teknik alur kang manjila, yaiku padhet (ora kena akeh dhigresi), saengga nuwuhake efek kang dijenengi renggep, kang nuwuhake tegangan (suspense). Kanthi mengkono, para maos katut gregete para paraga nggone nglacak misteri utawa kadurjanan.

Ciri crita detektif padatane kawiwitan anane kurban, utawa kadadeyan kang misterius, kaya ing PTI iki, banjur muncul konflik kang magepokan karo misteri. Banjur ana sawijining paraga kang wiwit nglacak misteri (diarani detektif). Padatane, detektif kang muncul ing satengahe crita detektif palsu utawa gadhungan. Ing novel PTI iki, Pangestu, dibiyantu para kancane wis wiwit awaling alur nyoba dadi detektif. Pangestu neter bapake (Panuluh Barata) supaya ngaku anggone andon katresnan karo Pawestri ing hotel. Awit mokal ora nindakake apa-apa yen bali saka hotel wae nggawa Pawestri menyang Rumah Sakit, apa maneh nganti nggawa bali mulih lan manggon ing daleme. Ing perangan mburi, Pangestu uga neter Pawestri supaya ngaku ora ana gayutane karo kulawarga Panuluh, ora arep njarah bandhane Panuluh, lan ngusir wanita mau (karo anake) saka dalem Jatiwaringin, lan ngeculake kabeh pangkat lan bandhane keluwarga ageng Panuluh-Pandora. Nanging kabeh pandakwa marang bapake bisa kaduwa dening Panuluh Barata dhewe kanthi wani nggawe layang prejanjen kang dikukuhi materai Rp6.000,00, lan disekseni notaris. Peran Pangestu kadidena ‘detektif gadhungan’ utawa ‘detektif palsu’ iku kanggo nggrengsengake swasana. Perangan alur mengkono iku kang nuwuhake tegangan (suspense). Mula pancen dudu tugase detektif palsu (Pangestu) sing miyak wewadi utawa misteri. Dene sabanjure, ing sajrone proses nglacak misteri utawa kadurjanan iku mesthi ana clue (panuduh/panuntun) lan alibi (panandha luput saka pandakwa) digalerake ing alure crita saengga crita saya panas, nganti tumekaning perangan klimaks.

Alur babon novel PTI iki nyritakake keluwarga Panuluh Barata anggone bisnis daging njendhel kang diimport saka Australia. Critane kawiwitan saka parepatan bisnis ing Hotel Batavia Inn, Jatinegara Januari 2007. Parepatan mau sing paling penting mupakati kontrak import daging njendhel saka Australia. Kontrak mau kudu ditapakastani dening Panuluh Barata pihak sing pesen lan Victor Holiday pihak sing dodol daging. Victor Holiday kuwi, dhirektur eksportir daging njendhel ing Perth, Australia. Buntute parepatan mau, Panuluh kepeksa nulungi mitra usahane saka Australia mau nalika ana gropyokan pulisi ing hotel, sarana nylametake paraga wadon ayu, nanging tanpa daya lan tanpa idhentiti (kang dening Panuluh dijenengi Pawestri) iku. Bisnis daging njendhel kang dipandhegani Panuluh Barata iku jenenge PT Frozenmeat Raya kang pusate ing Jatiwaringin. Duwe cabange ing Depok dipandhegani Pangestu, putrane. Sabanjure alur babon nyritakake ruwet-renteng lakune bisnis daging njendhel mau ing Jatiwaringin, dipandhegani paragatama Panuluh Barata. Ing kantor dibantu Kuncahya (anak mantu), ing ndalem diladeni Srigadhing (pramuwisma). Ing RS Waluyajati Bekasi nandhang amnesia, Pawestri tetep ora bisa eling marang dina-dina kawurine. Ora ana paraga sing bisa mbalekake grahitane Pawestri kaya sadurunge amnesia, klebu para dhokter ing RS Waluyajati ing Bekasi, yaiku Dhokter. Rajiman lan Dhokter Nining. Ya mung kari amnesiane, ora eling dina-dina kawurine. Nanging fisik lan pikirane wis waras-wiris. Marga kuwi becike kudu metu saka rumah sakit. Diboyong Panuluh menyang dalem lan kantore ing Jatiwaringin, diwarasake obat jalan. Critane dadi umyek bareng Pawestri kang nembe mari iku ing dalem Jatiwaringin, dipapanake ing kamar gedhe, kamare Panuluh lan Pandora biyen. Tetep nandhang amnesia Pawestri kanthi cepet adhaptasi marang kahanan anyar ing sakiwa-tengene. Lan miwiti sinau ngenani sapa dheweke (kang anyar), srawung karo wong-wong ing sakiwa-tengene. Mbaka sithik Pawestri miwiti sinau bab-bab anyar kang durung nate dimangerteni. Maklum, dheweke ora bisa eling maneh apa kang wis dumadi kawuri. Sing dielingi mung jaman saiki dheweke kuwi wong wadon jeneng Pawestri, urip ing keluwarga bisnis daging njendhel ing kantor pusat Jatiwaringin..

Kabeh paraga ing Jatiwaringin ngakoni Pawestri iku wong wadon kang seneng sinau. Kanthi cepet dheweke wis terampil nggunakake komputer, lan IT. Uga ajar nyopir, sarta melu nyinau bisnis daging njendhel. Malah banjur menehi idhe-idhe kanggo nggedhekake bisnis dagange Panuluh. Lumantar inisiatife Pawestri PT Frozenmeat Raya maju. Diakoni dening para pandarbe saham yen Pawestri iku sawijining superwoman ndarbeni katyasan kang manjila. Pawestri ora mutungan. Nalika Panuluh ora ngakoni minangka bapake calon bayi kang dikandhut, dheweke bisa nampa kahanan kang dumadi. Pawestri ngopeni anake, Damaree Pararatu (Rere) kanthi becik. Wewatekane Pawestri iku sajatine, mujudake alibi kang duwa pandakwane Pangestu, yen Pawestri iku dudu wanita palanyahan. Nanging, kanggone Pangestu, samubarang katyasane Pawestri mau malah saya mantepake pandakwane yen Pawestri iku pinter gawe-gawe, kanthi alus arep ngrampog bandhane kulawarga Panuluh Barata-Pandora

Klimaks alur novel PTI dumadi nalika Panuluh Barata seda dadakan. Kanggo Pangestu, sedane bapake (Panuluh Barata) iku malah dadi gaman kang ampuh kanggo ngusir Pawestri lan anake, Damaree Pararatu (Rere) saka dalem Jatiwaringin lan saka PT Frozenmeat Raya.

3. Badhare Lelakon kang Surprise

Tekan perangan iki, alur babon babagan bisnis daging njendhel, sanajan wis tanpa Panuluh, tetep ngrembaka. Dene Pangestu, minangka paraga antagonis uga nerusake alure minangka oposisi, kang tansah nduwa protagonis. Miturut teori paraga, jinis paraga protagonis lan antagonis iku perlu banget murih crita bisa umyeg, akeh tegangan, saengga alur dadi dhinamis, ora ayem terus. Ing teori paraga, kang ndarbeni watak kaya Pangestu iku disebut paraga antagonis. Sawise bapake seda Pangestu watake minangka paraga antagonis ora owah. Semangate arep ngusir Pawestri lan anake (Rere) saya adreng.

Ing adicara milih gantine Direktur Pratama PT Frozenmeat Raya, para pandarbe saham mutusake sacara aklamasi Pawestri kapilih minangka Dhirektur Pratama. Pangestu ora trima. Miturut pamawase, kang nggenteni bapake minangka Dhirektur Pratama iku kudu dharah Panuluh-Pandora, kang uga mesthine pandarbe saham paling gedhe. Ora trimane Pangestu lan semangate ngusir Pawestri saka bisnis lan dalem Jatiwaringin dilapurake pulisi lan dirampungake ing sidhang Pengadilan umum. Pengadilan umum didadekake ajang klimakse lelakon novel PTI iki kanthi menang utawa kalahe prekara miturut hukum sing adil lan resmi.

Badhare prekara liwat Pengadilan umum langka banget didadekake alur babon ing sastra Jawa, sastra Jawa prakamardikan uga nganti saprene. Crita detektif akeh-akehe wis rampung ketemu durjanane sadurunge mlebu sidhang pengadilan. Prekara rebut salah apa bener, uga becik ketitik lan ala ketarane wis kawedhar ing pungkasane crita tanpa kudu diadili ing Pengadilan resmi utawa manut undhang-undhang. Ing Pengadilan umum menang kalahe prekara digelar miturut undhang-undhang negara mawa pesakitan (ginugat), jeksa, pembela, hakim, seksi lan bukti-bukti sing dianggep sah. Ana aturane, ana istilahe mligi, upamane: eksepsi, klien, attorney counsellor at law, a de charge. Marga kuwi mbokmenawa banjur langka banget Pengadilan umum didadekake alur babone sastra Jawa. Nanging ing novel PTI klimakse lelakon diwedhar ing Pengadilan umum. Menang kalahe prekara resmi miturut undhang-undhang. Ing PTI akeh banget prekara lelakone dibenerake (ditrapake) manut undhang-undhang. Upamane bab sudagaran, nyopir, akte kelairan, hak waris, UU HaKI. Lan ora alergi migunakake istilah manca mligi sing wis wiwit populer ing masyarakat Jawa intelek: jetlag, cluster, cyber, QHSE, klik learning, cardilac arrest.

Sanajan prekara ing Pengadilan umum saiki wis dadi waosan adreng ing suratkabar, nanging nganti saprene isih langka banget diwacana ing sastra Jawa. Apa pengarang sastra Jawa alergi karo lakune jaman? Mula pengarang novel PTI kena diarani pioneer. Muga wae pengarang sastra Jawa liyane gage nututi ora alergi karo lakune jaman, ngarang crita sing tema latare prekara profesi (pegaweyan) modhern kayata: pengusaha real-estat, persaingan bank, para diplomat, bisnis pesawat terbang. Ing berita (pers) basa Jawa bab kuwi wis wani ngonceki, nanging ing cerita (sastra) durung kanton ngrembug prekara profesi modhern mau. Sing dirembug isih prekara pakaryan lawas (guru, tani, tukang becak), tradhisional, adat lan katresnan.

Nyuntheli pamawasku ngenani novel PTI iki ana sawetara bab kang dakwawas penting: (1) lumantar novel iki Suparto Brata mbuktekake yen novel Jawa iku jembar tlatahe, kaya dene novel-novel liya ing sakiwa tengene; (2) novel Jawa ora kena alergi karo masalah apa wae kang dumadi ing jaman modhern iki. Kanthi mengkono, novel Jawa ora kena alergi uga karo istilah-istilah serapan saka manca. Bisa kerasukan teori-teori anyar, kayata feminisme. Ing era globalisasi iki informasi apa wae enggal banget mlebu ing tlatah utawa disiplin apa wae, klebu ing tlatahe kasusastran Jawa gagrag anyar, utamane novel; (3) novel PTI mujudake novel “hibrida” (blasteran) kang manjila, lan tetep tegen minangka novel Jawa kang “njawani”. Ciri kasebut bisa kadudut saka ciri karakteristik Jawa-ne ing wewatekane Panuluh minangka bapa kang kudu ngayomi kanca lan kulawargane; wewatekane Pawestri minangka paraga wadon kang becik, lan pungkasaning alur kang nengenake konsep nglenggana lan “rukun”, senajan ing ngarep padha cecongkrahan. Novel (novel), miturut tegese ing kamus Inggris yaiku “anyar”, dadi didarbeni sistem kang bisa nampa lan adhaptasi marang informasi anyar, lan bisa njumbuhake karo kahanan utawa konvensi kasusastran Jawa sing lumaku.

Ana cathetan sethithik ngenani novel PTI iki, sing dakrasa rada ngganjel, utamane kang magepokan karo ciri PTI minangka novel gagrag anyar, yaiku kang ndarbeni aspek modhern. Sepisan, novel modhern ndarbeni ciri ora ngguroni, klebu carane nduduhake wewatekane para paraga lan carane nbabar crita wiwit ngarep tekan pungkasan (novel PTI akeh sing ngguroni). Kapindho, masrahake interpretasi karyane pangripta marang para maos. Dadi, pangripta ora perlu maringi piwulang utawa nasihat marang para maos, ing karyane. Yen ana piwulang, becike aja karana blaka, utawa mlaha. Akeh teknik utawa cara modhern kanggo ngandharake informasi dhidhaktis kasebut marang para maos. Nuwun.

Kapethik saka: Panyebar Semangat No.17, 23 April 2011.

Tags:

2 comments to "NOVEL PAWESTRI TANPA IDENTITI"

  1. Anonymous says:

    apa bukunya dijual bebas..pngn beli bwt tugas akhir..

  2. Unknown says:

    gan ., ini bukunya masih ada ?
    lagi nyari" buku ini sush amat ,., buat tugas akhir .

Leave a comment