Srawungku Karo Sastra Jawa

Home » » Buku Sastra Jawa Modern

Buku Sastra Jawa Modern


SUPARTO BRATA’S OMNIBUS, (584 kaca, rega Rp 70.000,00).
Roman telu dadi siji: Astirin Mbalela, Clemang-Clemong, Bekasi Remeng-remeng. Ditambah oncek-oncekan bab novel-novel kuwi dening Darni Ragil Suparlan, dosen Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, FBS Unesa Surabaya. Astirin Mbalela: Perjuwangane wanita mudha tumaruna aran Astirin anggone ngranggeh gegayuhane minangka wanita kang ora mung pasrah marang kungkungane budaya lan kahanan, nanging ndarbeni kekuwatan lan jatidhiri. Crita iki ora mung isine wae kang mentes, bungkuse kang dumadi saka paraga, alur, lan latar, uga ginarap kanthi mateng. Clemang-Clemong: Kang nambahi ngese carita iki anane tembung-tembung kang ngemu teges erotis. Kaya ta ‘aku seneng karo susune Mbak Jujur’. Nanging rinasa ora porno, amarga dibungkus kanthi permati. Bekasi Remeng-remeng: Iki crita genre detektif sing dadi kadibyane pengarange. Nanging ora nyuguhake alibi kang kuwat lan muyeg kaya modhele roman seri Detektip Handaka. Luwih wigati pangripta ngaturake wawasane prekara kalungguhane kaum wanita, para wanita kang mandhiri, lantip, uga kendel, sawijine emansipasi kang mligi Jawa. Wanita bisa mandhiri lan dikurmati dening priya, nanging uga ora perlu ninggalake titah kodrate, kaya ta ditresnani, mangun bale wisma, duwe anak, nduweni tindak-tanduk kang alus, tetep nglungguhi tata susila utawa kasusilan Jawa.





JARING KALAMANGGA, (266 kaca, rega Rp 35.000,00).
Sanggar, sawenehe wakil direktur perusahakan dagang mbutuhake jurutulis kanggo kantor cabange sing ana ing Tretes, kutha cilik ing wilayah pegunungan. Dheweke ngirimake surat panggilan marang calon jurutulise sing anyar supaya gage mlebu nyambutgawe. Jurutulis anyar mau jenenge Handaka, pakaryane dadi detektif. “Sing dibutuhke niku jurutulis. Ning sing sampeyan timbali kok detektif? Enten napa?” Lan kuwi uga dadi pitakone para sing maos novel iki. Nimbali detektif mesthi ana bab kang ngenani prakara kriminal. Buku iki pancen crita genre detektif.








EMPRIT ABUNTUT BEDHUG, (160 kaca, rega Rp 25.000,00).
Magerip malem Jumuwah mambu kutug, Jarot numpak sepedhah ngliwati praliman Blawuran Surabaya, srempetan karo sepedhahe cah wadon. Ana kanthonge cah wadon mau sing mencelat saka setange. Dijupuk Jarot, diulungake marang sing duwe. Nanging bocahe nampik kipa-kipa, jare kuwi dudu kanthonge. Apa isine kanthong? Jebul buntute crita perlu karo panylidikane Detektif Handaka. Crita misteri kriminal.





DOM SUMURUP ING BANYU, (238 kaca, rega Rp 30.000,00).
Iki crita spion Jawa, kaya dene James Bond, ora kalah muyege karo 007. Herlambang spione Walanda nlusup menyang dhaerah RI, saperlu njupuk formula kimia. Kajaba kepranggulan mungsuh uga dikancani wong ayu kenalan ing ndalan, Ngesthireni, jebul ya kanca spion. Ngesthireni sing kudu memba-memba dadi wong RI, ora kena nganggo kutang nylon, underok sutra, dilucuti dening Herlambang. Malah banjur diprawasa pisan, ben ora prawan maneh. Mengkono kurbane wong dadi spione Walanda jaman taun 1948. Apa para spion mau kasil maneni tugase? Kepriye wong RI anggone nanggulangi?






LELAKONE SI LAN MAN, (372 kaca, rega Rp 50.000,00).
Si pinter, nanging lelaranen. Man bodho, nanging waras. Kepengin weruh sepur, Man ngeterake goncengan pit saka ndesane. Tekan kutha, Si kumat, tumekane pati. Digawa mulih dening Man goncengan pit. Kuwi salah siji crita ing kumpulan 20 crita cekak. Para maos bisa melu jengkel marang tumindake dr Hasan, Uun, lan Marleni, upamane ing cerkak Pasien Pungkasan, utawa melu gronjalan atine nalika maos basa ragam dhialek Surabaya kang ethes, nggemesake, ing cerkake Ruwete Benang Tenun.







Pesenan tambah ongkos kirim Rp 15.000,00.

Bisa dipundhut ing:
PENERBIT NARASI,
Jl. Irian Jaya D-24 Perum. Nogotirto Elok II Yogyakarta 55292
Telepon (0274)7103084, Fax (0274)620879
Utawa:
PT. BUKU KITA,
Jl. H. Montong No. 57 RT 006/02, Ciganjur Jagakarsa, Jakarta 12630
Telepon (021) 7888-3030, Fax (021)787-3446

Tags:

3 comments to "Buku Sastra Jawa Modern"

  1. Anonymous says:

    di surabaya bs didapatkan dimana? saya ingin membelinya?

  2. Suparto Brata says:

    Tulis Judul buku,Harga buku seperti tercantum di blog ditambah biaya kirim Rp. 10.000,- pembayaran melalui wesel pos kirim ke alamat saya Jalan Rungkut Asri III/12 Perum YKP RL- I - C 17 Surabaya 60293 tel, 031 8702759

  3. Anonymous says:

    Di Sukoharjo Jawa Tengah bisa didapatkan dimana??
    Saya cari di toko2 buku daerah Solo sulit sekali, harap balas karena novel pak Suparto Brata saya jadikan referensi skripsi saya.
    Nuwun

Leave a comment