Srawungku Karo Sastra Jawa

Home » » Esei Sastra Jawa

Esei Sastra Jawa


“Ngene. Wangsulana layange Holiday on Ice iki. Kandhakna yen fasiliti gedhong kanggo ice skating ing Surabaya ora ana. Dadi mokal main pentas ing kana. Iki layange lan alamate ing Amerika.”

Sirtu nggawa layang kuwi metu. Limalas menit Sirtu bali menehake layang garapane wis tik-tikan.

“Heh? Wis rampung? Wah, hebat! Hebat! Sinau neng ngendi korespondensi Inggrismu?!” Baharudin ngacungake tangane, nyalami Sirtu, digegem kenceng, digoncang-goncang..... (kaca 29).

Iku mau salah sijine gegambaran kasudibyane Sirtu Mekarndalu. Sapa Sirtu iku? Ora liya ya paragatama utawa nona sekretaris ing novel romane Bapa Suparto Brata kang asesirah Nona Sekretaris. Banjur sekolahe apa lan bocah saka kutha lan keluwarga sing kaya ngapa kok bisa wasis lan gesit kaya ngono mau? Dudu sarjana, mung lulusan SMA ditambah kursus-kursus, kayata ngetik, steno, tata buku lan basa Inggris. Saka keluwarga biasa, ibune guru dene almarhum ramane sawijining pengarang. Asale uga saka kutha cilik kang kalebu ing provinsi Jawa Tengah, Sragen.

Saka irah-irahane novel iki wis katon cetha, senadyan nggunakake basa Jawa nanging dudu crita roman klasik sing nyritakake lelakone kenya kang lagi ngenam asmara karo priya mudha ing karang padesan sing endah, nanging crita ing panguripan modern sing kudu nut kemajuane teknologi.

Ing babagan teknik penggarapan, asma Suparto Brata wis dadi trademark utawa jaminan mutu. Tegese senadyan iki mung rekan utawa crita fiksi ora digarap serampangan, senadyan umpamane mung arep lelungan ing sawijining panggonan, kepriye carane kang lumrah wektu iku, kudu liwat ngendi, numpak apa, kabeh dijlentrehake komplit. Semono uga ngenani sawijining profesi, apa kuwi sekretaris, dhirektur, penari, koreografer utawa malah bagian sing masarake utawa ngiklanake, kabeh dicritakake kanthi profesional, saengga profesi-profesi sing disandhang dening para paragane ora mung terkesan kaya “tempelan”.

Salah sijine ciri khase Bapa Suparto Brata sing tansah takkagumi yaiku carane milih jeneng kanggo paraga-paraga ing crita, mesthi unik. Kaya paragatamane crita iki, Sirtu Mekarndalu, umpanane. Senadyan ora lumrah, nanging krasa endah lan seje, saengga gampang dielingi. Iki mbokmenawa “kiate” pengarang kanggo narik kawigatene para pemaose marang tokoh sentere. Nanging uga ora aneh, wong bapake Sirtu iku pengarang, mula pinter golek jeneng sing endah. Saka tembung mekarndalu, mbokmenawa ‘sirtu’ iku jeneng sawijining kembang(?). Iki mbokmenawa uga salah sijining cara kanggo nglestarekake basa Jawa kanthi njenengi para putra nganggo basa Jawa, tetep keprungu ‘keren’ lan endah senadyan ora ‘kebarat-baratan’ kaya selebritis.

Diwawas saka aluring crita uga gampang dimangerteni, amarga dicritakake runtut kanthi alur maju, senadyan ing perangan-perangan tinamtu digawe ‘flash back’ kanggo nyengkuyung ganeping crita.

Nyemak lelakone Sirtu Mekarndalu ing novel Nona Sekretaris, dening pengarang kita diajak njingglengi panguripan kutha gedhe Jakarta, utamane ing donyaning panggung hiburan kang gumebyar nengsemake nanging kebak paeka, kebak eri sing bisa njlomprongake. Seting critane novel iki kelakon ing taun 1984-an, dadi pancen durung ana TV swasta ing Indonesia sing saben dina nyuguhake gumebyare donyane selebritis liwat sinetron, infoteinmen, iklan lan lomba-lomba sing tujuane mburu popularitas lan golek dhuwit kanthi gampang. Senadyan mengkono, donyaning hiburan uga wis anjrah, wiwit saka sing tradhisional kayata kethoprak lan wayang wong apadene sing modern kaya grup tari (dance) utawa sandiwara-sandiwara sing saben-saben gawe gebyagan ing sadhengah acara utawa pahargyan.

Sirtu Mekarndalu, senadyan kanugrahan rupa ayu, pawakan kang mranani, apamaneh ing kampunge wis dicedhaki dening pegawe negeri Drs. Pambudi, ewa semono ora pasrah marang kahanan. Kaya Kartini ing jamane, dheweke nyoba ngrubah nasib ing Jakarta. Nanging ora mung modhal rupa ayu lan nekad thok, nanging wis sangu kepinteran kaya kang katur ing dhuwur. Tur tujuane ing Jakarta ya cetha, menyang kantor Biro Jasa Kartika, sawijining biro penyalur tenaga kerja sing alamate diwaca saka pariwara sawijining layangkabar Jakarta sing sumebar tekan Sragen. Sanadyan sidane dadi sekretaris ing Biro Pentas Artis, sawijining event organizer, dheweke tetep profesional, ora kengguh dening gebyare donyaning panggung hiburan.

Aku dadi eling rikala mbukak-mbukak situs ing internet ngenani Bapa Suiparto Brata, aku nemokake sawijining blog (Vavai.mht) sing nulis mengkene:

Bagi para wanita, bacalah buku-buku Pak Suparto Brata dan dapatkan semangat wanita yang ulet berwawasan luas. Wanita mandiri yang berpendidikan, bekerja, berkeluarga, dan bertindak tanduk halus, tidak meninggalkan sifat khas dan sopan santun keluarga.

Sajake penulis blog iki (ngagem asma: Muhamad Rivai Andargini) wis akeh maos karyane Bapa Suparto Brata, saengga bisa nduweni wawasan lan ajakan kaya mengkono. Liwat tokoh Sirtu iki wae, aku percaya menawa ajakane Mas Rivai iku ora ‘berlebihan’. Bapa Suparto Brata bener-bener paring patuladhan tumrap kaum wanita liwat paraga iki.

Konflik sing diangkat ing novel iki satemene konflik kang lumrah dumadi ing madyaning panggung hiburan, yaiku ‘persaingan’ ing babagan ‘ketenaran’ uga ‘persaingan’ ing babagan asmara. Panguripan panggung lan biro sing mentasake digambarake kanthi gamblang nganti sing maca kaya-kaya bisa melu ngestreni anggone gladhen pentas, apadene panase swasana rapat sing ngrembug persiapan-persiapan kanggo pentas. Semono uga rikala njlentrehake papan-papan dumadine lelakon runtut digambarake kepriye kahanane, upamane rikala Bathara nggawa Sirtu sowan ramane ing Nite Club, anggone dhangsah lan tatacarane wong mlebu Nite Club, ndadekake crita iki ‘urip’, ora mung saderma rekan utawa fiksi. Swasana utawa lelakon ing alam nyata sing kelakon wektu iku (upamane perang Libanon, apadene adegane Miss Piggi lan Kermit ing Muppet Show kang digiyarake TVRI wektu semana) uga melu nyengkuyung saengga lelakone Sirtu kaya bener-bener dumadi. Anggone nggambarake para paragane, upamane artis-artis panggunge kayata Normasari, Puspita Dewi, Kuntum, Ratih lan liya-liyane sajak pas karo perane dhewe-dhewe. Paraga Julaehaque uga mujudake paraga wanita sing nggawa ‘misi tersendiri’ ing novel iki. Minangka bocah lola, kanthi tekad kang kuwat kasil mecaki donyaning panguripan kang abot ing Jakarta, senadyan ora bisa uwal saka pangaribawane donyaning panggung.

Kang perlu disemak ing crita iki mbokmenawa khusus critane kutha Sragen minangka dhaerah asale Sirtu. Ing crita iki akeh disebutake jeneng-jeneng panggonan ing kutha Sragen sing saiki mbokmenawa wis ora ditepungi maneh. Gedhung bioskup Garuda upamane, saiki wis dadi kompleks pertokoan merga tau kobongan gedhen-gedhenan, utawa Pasar Kuwungsari (aku nganti nyuwun pirsa Bapakku sing asli priyayi Sragen, ing ngendi papane pasar iku). Semono uga rikala nyritakake kahanane kutha rilaka iku liwat paraga Ugrasamsi... “Taun pira kira-kira kutha iki dibangun?.... (kaca 209), banjur Sirtu njlentrehake sebabe, kenapa Sragen ora duwe bangunan-bangunan kuna, saengga kaya-kaya Sragen iku sawijining kutha anyar sing umure durung ganep seket taunan (kaca 210). Pranyata senadyan mung crita rekan utawa fiksi nanging bisa diselipi sejarah, utawa prastawa sing bener-bener nate kedadeyan, sakliyane bisa ‘nguripake’ crita uga njembarake wawasane para maos ngenani sawijining panggonan. Saupama wulangan-wulangan ing sekolah sing dianggep angel uga bisa digawe kaya karya sastra sing enak diwaca ora kudu nggekeng ngono mbokmenawa bocah-bocah Indonesia luwih gampang nampa wulangan, kanthi senenging ati ora kepeksa, lan ora gampang dilalekake. Ora mokal lho, contone kaya sawijining guru Fisika ing Sulawesi Selatan sing asma Arizenjaya iku bisa ngajari Fisika sing angel marang murid-muride kanthi nyenengake, yakuwi nggawe laporan utawa rumus-rumus nganggo basa saksenenge, kaya puisi upamene, kaya dolanan nanging serius, bener lan ora gampang lali (nate digiyarake dening MetroTV ing acara Kick Andy). Iki mujudake tantangan tumrap para bapak lan ibu guru.

Sing rada keladuk idheal pancen tokoh Sirtu, kok gampang temen, ing atase mung bocah saka kutha cilik, lagi teka sedina ing Jakarta kok wis entuk gaweyan. Gek langsung dadi paraga penting ing kantor impresario, senajan dudu perusahaan gedhe. Semono uga rikala ngadhepi lamarane Bathara Nainggolan sing bisa ndadekake dheweke minangka ‘Cinderela’. Rada angel kelakone ing jaman nyata kaya jaman saiki, nanging yen kepengin gegebengan nganggo rasa ‘keadilan’, kudune sing idheal dumadi ing panguripan iku ya kaya mengkono. Pawongan diregani ora saka bleger lan kahanan jasmanine nanging saka tindak-tanduk, kapinterane nyalarasake swasana lan kapinterane nguwasani teknologi nut jaman kelakone. Patuladhan tumrap para wanita kanggo ambyur ing jagading panguripan.

Konflik ing babagan asmara uga digarap rada jembar, senadyan kepeksa dibumboni ukara-ukara sing rada ‘vulgar’, nanging ngelingi iki nyritakake donyaning panggung mbokmenawa isih bisa dimaklumi. Sing rada ‘menggelitik’ iku adegane Sirtu karo Ugrasamsi ing kaca 111 sing sabanjure dijlentrehake ing crita-crita sakbanjure, embuh iki kersane pengarange ‘membela’ kaum priya utawa malah pesen tumrap kaum priya, senadyan ‘bajul buntung’, nanging ngadhepi wanita sing isih resik kudu tetep ngurmati, ora malah ngrusak kaya sikepe priya-priya sing kagungan dhuwit lan panguwasa ing dinane iki (?).

Nah, kepriye lelakone Sirtu sawutuhe? Ana Drs.Pambudi, Bathara Nainggolan anak konglomerat sing wis wara-wara ing koran minangka tunangane Sirtu, Ugrasamsi lan mbokmenawa ana paraga anyar katon maneh, sapa sing sidane dadi jatukramane? Kepriye sabanjure profesine minangka sekretaris? Kepriye ramene ‘persaingan’ antarane Normasari, Kuntum apa Julaehaque ing donyaning panggung? Banjur apa Drs.Pambudi meneng wae bareng Sirtu mlayu menyang Jakarta kanggo dadi sekretaris? Mesthine ya ora seru yen panjenengan ora maos dhewe. Mangkono kira-kira gegambarane ngenani novel Nona Sekretaris anggitane Bapa Suparto Brata. Muga-muga kanthi novel basa Jawa nanging ngangkat tema-tema crita ing panguripan modern kaya ngene iki bisa nambahi daya tarike crita basa Jawa, bisaa narik kawigatene para mudha Jawa kanggo luwih seneng maca crita basa Jawa, supaya sastra Jawa ora dadi tamu ing omahe dhewe. Kurang luwihe aturku nyuwun gunging pangaksami. Nuwun. (Drs. Sriyanti, M.Si)

(Ngaturaken Sugeng Tanggap Warsa ingkang kaping 79 katur Bapa Suparto Brata kala tanggal 27 Februari 2011, mugi-mugi Allah tansah maringi kasarasan, panjang yuswa, semangat kagem ngasilaken karya-karya ingkang langkung sae malih. Amin).

Kapethik saka: Majalah Panjebar Semangat Surabaya, No.14, 2 April 2011.

Tags:

0 comments to "Esei Sastra Jawa"

Leave a comment