Srawungku Karo Sastra Jawa

Home » » Buku Sastra Jawa anyar Suparto Brata 2015

Buku Sastra Jawa anyar Suparto Brata 2015

Srawungku Karo Sastra Jawa Iki buku kumpulan lelabete, lelakone, conto tulisane para jamhur sastra Jawa modern sing kasrawungan dening Suparto Brata. Kaya ta Winter (Kejawen 1864), M.Ng.Kramapawira (1874), S.Darsono 1930 bab Dedalane Guna Lawan Sekti. Dr.Soetomo (Panjebar Semangat Setu 2 September 1933). Polemik Dr.Soetomo vs S.Ajat, Hoofdredacteur DAGBLAD “EXPRES” 16 Des 1930 lan 1 Juli 1938. Lelabete Tajib Ermadi ngedegake Djojobojo ing Kediri 1945, mlebu Surabaya pas 10 November 1945, bisa nggawa mulih klise lan leter duweke NV.de Brantas sing nyithak Suara Asia jaman Nippon.Cerkake Soebagio IN (Pandji Poestaka 15 Maret 1944, Nyoewoen Pamit Kyai). Poerwadie Atmodihardjo (Dara Kapidara, Djaja Baja, April 1964), Sar BS (kondhang Sang Prajaka, Djaja Baja). M.Radjien, Basoeki Rachmat, Soenarno Sisworahardjo, Any Asmara, Widi Widayat, Satim Kadarjono, Totilawati Tjitrawasita, St.Iesmaniasita, Esmiet. Agustus 1966 Hardjono HP, Susilomurti, Handung Sudiyarsana madeg OPSD ing Sanggar Bambu Jogyakarta. Drs. Gendon Humardani ngelola PKJT ing Sasanamulya 1977-1980. Muncul para jamhur sastra Jawa: N.Sakdani Darmopamudjo, Poer Adhie Prawoto, Ruswandiyatmo, Sukardo Hadisukarno, Anjar Any, Moh. Nursahid Purnomo, Arswendo Atmowiloto, Sudharmo KD, Muryalelana, Tamsir AS. Bambang Widoyo SP. Kabeh lelabetan lan conto karyane kapacak ing buku iki. Regane Rp 70.000,- Bisa dipundhut marang Rini T.Puspohardini, email: tripuspohardini@gmail.com HP +628157704313

Tags:

1 comments to "Buku Sastra Jawa anyar Suparto Brata 2015"

  1. New Slots Casino - JTM Hub
    Welcome to JTM's new slots 경기도 출장마사지 app 시흥 출장샵 and exciting free slots! Experience the best Vegas casino slot 부산광역 출장안마 machines 의왕 출장마사지 at the JTM casino! JTM has you covered. 당진 출장마사지

Leave a comment