Srawungku Karo Sastra Jawa

Home » » Sumpahe Arèk Surabaya

Sumpahe Arèk Surabaya

Ésun lair ndhuk Surabaya 1932. Ndhuk Rumah Sakit Omum Simpang, basa Landane CBZ. Saniki CBZ iku dadi kompleks Surabaya Plaza. Dolin, sekolah, nyambut, rumah tangga, sampek pensiyun, tetep aé ndhuk Surabaya. Cumak nalika geger 10 Nopember 1945 sampek taun 1950 aku merat saka Surabaya, mergane ngungsi gak gelem dijajah mbarek Inggris-Gurkha-Landa.

Omahku Gersikan II/23. Kancaku dolin Kuknan, Matali, Pasal, anak-anake tangga, anake tani utawa boruh rendhahan, omahe gobuk utawa sèsèk. Cumak omahku sing tembok. Dolinanku ngolukne layangan ndhuk sawah Bronggalan, benthik thokthir, oluk gambar wayang, gamparan. Mesthi adu kalah-menang, ngotot, omong dhebatan tèlèk menang. Omonge rame pendheke. Tapi lèk wis, ... rokun maneh. Sèsèr tèlèk iwak bethik, gogo yuyu, mancing, adus kali. Adus kali kerep-kerep byur-byuran, nyemplunge ambyur. Mentas saka kali, ambyur maneh. Sering aé mari oluk ndhik latar omahe Kuknan, langsung adus kali. Esik ndhuk gang wis mlayu, cocul kathok, kathok ditinggal, ~ kancaku dolin biyasane gak ngangge klambi, kathokan cekak thok ~ wuda, mlayu balapan ambyur kali. Byur! Byur! Byur! Uénak tenan!

Nate, kebacut ambyur byur-byur, ndadakna jenggelek, eruh Bik Marsaid lagek ndhodhok nésing ngguk plangkringane, cedhak kono. Bik Said mbarek Misri. Misri iku arek celik anake Ning Mai sing dodolan rujak petis. Temene onok taèk kemambang dhuk kali, kene adus, ya gak papa. Disingkiri aé. Kadhang taèk kemambang liwat, dislulupi aé ndhuk ngisore. Tapi sakniki ngonangi metune taèk saka pabrike ~ bokonge Bik Said sing mledhing ngono, ~ mbok, gak kaop rasaé!

“Bik! Sampeyan empuni nopok-a, nisinge!” Kuknan nglaruhi Bik Said.

“É, jamput! Koën iku sing nggarahi taèkku wedi metu! Nyengkrih!”

Kuknan terus diéwangi mbarek kene kabeh. Dhebatan rame. ‘Krama inggile’ metu: taèk, jancuk, dobol. Misri celik anake Ning Mai, nangis, nguwisi nesinge, njopuk seweke sing nglombruk ndhuk penggir kali, terus digaé, diubetna awake sesih ngisor. Padha arek lanang, gak kathik klambi. Kene esik gak lega. Mbalah bokong mledhinge Bik Said dibajongi. Kepeksa bokong dicawiki cepet-cepet, terus Bik Said ngadeg. Mbarek esik usrak-usrek mlorotna seweke sing nyencing sak bangkekan, Bik Said madhep ndhuk nggone kene, karo muni-muni, mesuh-mesuh. “Iku! Anake priyayi iku! Kandhakna ibuke!” Eruh lakange Bik Said madhep mrene onok susure ireng, arek-arek cekikikan. Arek-arek gak mendha, sirat-sirat banyu mbarek mbengoki ngosir, koyok arek Bronggalan ngosir manuk mangan pari ngguk sawah.

Molih, totuk omah, aku dijewer mbarek sibu. Ibu wis dilapuri. “Gak oleh adus kali!”

“Opok-a?”
“Arek-arek iku lak gak sekolah. Koën sekolah.”

Cumak esun ancene arek sing sekolah. Ndhuk Ploso. Sekolahe omah sèsèk amoh.

Sampek jaman Jepang, esun omur 10 taun, esik sukak adus kali ngono iku. Tau Kuknan nemu karet plembungan kentir. Dicekel. Terus disebul. Kene ngguyu-ngguyu. Ana Cak Delar liwat ndhuk embong. Ngelokna, “Kuk! Buwang! Iku duduk plembungan! Iku kapoces!” Tembe mburi esun ngreti gunane kapoces. Jaman sakniki jenenge kondom. Weruhku sepisan ya disebul Kuknan jaman Jepang iku.

Mari jaman Jepang, jaman Siap. Merdeka lepas sedhiluk saka penjajahan Jepang, ana Landa-Inggris-Gurkha-Nica ndharat ndhuk Surabaya. “Siaaap! Siaaap!” rame arek-arek nanggapi jaman. Saben krungu wong mbengok “Siaaap!” terus aé ditotugna, arek-arek ya mbengok “Siaaap!” Mbarek cagak-cagak listrik dithuthuki, thèng-thèng-thèng!! Gak ngreti apa bebayane, mbengok “Siaaap!” mbarek nabuh thèng-thèng-thèng! ngono aé. Isok bahayane wong eruh pasukan Landa-Gurkha ndhuk Kapasari, sing mbengok “Siaap!” sampek arek Pacarkeling-Tambangboyo.

Sidane perang temen. Inggris-Gurkha nembaki Surabaya liwat dharat, laut, mbarek udhara. Peluru mriyem mbarek mortir bleng-bleng-bleng ngancurna omah tengah kutha. Gak ketok wonge, bome aé sing ceblok lan mbledhos. Duduk menungsa, sing maju tank raksasa! Mbok, medeni! Tapi arek-arek ya wani aé kluyuran, ndelok tank raksasa. Gak ndelok, nginceng. Ndhedhepi. Katene eruh aé yok apa hebate mosuh!

Tau esun mbarek Kuknan asik sèsèr iwak bethik ndhuk kali watese Tambangboyo-Gresikan. Ancene bom mbledhos utawa peluru syiuuut nyabrangi langit ya ana, tapi aduoh kana. Gak kira mbebayani. Bengok-bengok ‘Siaaap!’ ya gak ana baneke. Ndadakna, syiuuut glar! Glar! Glar! Udan bom ~ utawa pelurune mriyem tah mortir ~ ngguk kebon sayur, terus mrembet ngetan, marani nggonku! Glar! Glar! Grog! “Siaaap! Siaaap! Mlayu Kuk!” Ésun sing nggawa iwake langsung mlayu marani kampungku, Gresikan. Kuknan sing nyemplung kali, esik kudu mentas dhesik saka kali mbarek nggawa sèsère. “Tooo! Partooo! Toluuung!”

Ésun noleh. Ndadakna Kuknan kleset-kleset ndhuk tengah embong. Gak isok mlayu. Getih mancur ndhuk pupune. Glar! Omah gedhong sing onok asu herdere, Tambangboyo nomer 200, kena bom. Pas cedhake Kuknan glangsaran. Ésun mlayu mbarek nangis mlebu kampung Gresikan gang buntu, terus aé torut plengsengan kali. Kepethukan Cak Delar, terus aé esun lapur mbarek nangis.

Kuknan gogur. Jisime dipetak sore iku uga ndhuk makam Gang Loro kono. Bik Pasiani, emake nangis golung koming. Sak-aken! Inggris iku jancukan temen! Esik arek-arek Kuknan iku, dibom, dipateni!

Dina-dina totuge bom mortir saya rame. Kampung sowung, ditinggal ngungsi. Ibuk, Cacak mbarek esun ya wis katene ngungsi. Cumak ngenteni Bapak sing nyambut ndhuk Marine. Kampung wis sowung, sidane Cacak ~ wis nyambut ndhuk Listrik Gemblongan ~ ngajak kene ninggal Bapak. Gak wani liwat embong Tambangboyo, liwat omahe Atmogurdi, Kebon Sayur, terus tasiyun Gubeng. Gawanku abot, mlakune aduooh! “Mboknancuk temen Inggris-Gurkha-Nika iku! Awas, ya, lek sampek Bapak gak ketemu maneh, esun sumpah, sumpahe Arek Surabaya. Ésun gak katene ngambah Surabaya lek esik dijajah Landa. Mené-mené lek esun wis wani nggawa bedhil, tak osir penjajah iku teka Surabaya! Sumpah! Surabaya kudu mardeka!” sumpahku mbarek mlaku gentoyongan nggawa barang abot.

Totuk tasiyun, sepur angkutan ngungsi wis brangkat. Mbarek sing jaga tasiyun kene dikon numpak truk sing cepak ndhuk ngarep tasiyun. Truk BOO, Barisan Oesoeng-oesoeng! Diosung ndhuk Sidoarjo. Mbarek wong akeh!

Temen! Ésun gak ketemu mbarek Bapak maneh. Sumpahku, sumpahe Arek Surabaya, kudu dilakoni. Takéting-éting temen. Lek esun wis cekel bedhil, penjajah takosir teka Surabaya!

Dadakna njlekethek 5 taun tutuge, 1950, Surabaya merdeka. Gak dijajah Landa maneh. Esun, Ibu, Cacak, balik omah Gresikan maneh. Prabote wis gusis dirayah uwong, mbalah kayu lawang lan jendhelane ya wis amblas. Dhesikane dienggoni ya ditambali sèsèk aé lawang-cendhelane. Ésun notugna sekolah ndhuk SMPN Jalan Kepanjen, biyek jenenge Tempelstraat. Sekolahanku ngarepe onok greja, mburine onok mesjid. Apane gak suci!

Taun 1960, esun wis kerja ndhuk Kantor Pos. Cacak wis kawin, ndhuk Bandung. Ibu melok mrana, melok mrene. Sering ngresula, “Koën iku, lo, Tok. Rabia opok-a!”

Iya ancene. Omur wis cokup, omah wis ana, wis cekel gae mapan. Kancaku dolin Matali, wis kawin mbarek Misri. Pasal mbarek Baiyah, Arek Jagiran, padha-padha arek kampung. La esun mosok ya kawin mbarek arek kampung, Rèk? Matali kerjane ider dodolan manuk dara. Pasal, dadi manol ndhuk plabuhan. La esun arek sekolah, É. Ya tèlèk arek sekolahan.

Sidane ana arek wedok mondhok ngguk nomer 17. Wis nyambut ndhuk BPM. Dakkenal jare Arek Solo, jenenge Sri. “Sri iku lo, arek sekolahan!” jare Ibu ngojok-ojoki. Saking aé kebelet botuh cepetan oleh bojo, usrung-usrung pédékaté, areke langsung daktari rabi. Dadakna gelem. Ésun dikon gage aé nembung ndhuk wongtuwane, ndhuk Solo. Pokoke dilamar dhesik, lagek sirsiran, jarene.

Ésun Arèk Surabaya, sogih dorung karuwan sombunge didhesikna. Calon bojo esun Putri Solo, Rèk! Apane gak sombung! Langsung aé budhal mbarek Sri nang Solo. Lek gak salah Jalan Ronggolawe, cedhek Kraton Mangkunegaran, omahe ‘ramane’ Sri.. “Iki lé, Mangkunegaran, kratone wong Jawa!” Sri nonjuk tembok beteng nalikane numpak becak teka ndhuk Solo. Terus, totuk omahe calon maratuwa.

Wis daklamar, areke wis gelem mathuk, ‘ramane’ aweh wejangan. Gak isok aku nerokna basane, pokok basa Surabayane ngene, “Suk ya sing rokun, ojok bengkerengan. Koën arèk lanang marang bojomu Sri ya ojok cengkilingan, ojok dimunasika, ojok ditaboki, ojok digitiki, ojok digendir wong iku bojomu dhewek.....!”

“Yok napa? Yok napa? Sampeyan bangsuli!”
“É, Sri iku bojomu dhewe, ojok dimunasika.....!”
“Sing wau! Ojok dinapake melih....?”
“Ojok ditaboki, ojok digitiki, ojok disabeti, sanajan wong lanang iku wenang....!”

Cekekal esun ngadeg! Mbok! Gak genah temen maratuwa siji iki! Langsung daktinggal lunga. Tas cangklongku dakgawa. Metu nyang embong, Sri berok-berok menggak, gak tak gapé. Tèlèk becak, nyang tasiyun! Mbok! Gak genah nemen bangsawan Solo iku! Ésun sumpah! Suwèr! Sumpah temen! Sumpahe Arek Surabaya! “Gak kawin mbarek Putri Solo, gak patheken!” Mosok Sri wis dadi bojoku, wis daknikahi, gak oleh digétik! Gak main! Gak pakra temen wong Solo iku! Merat, esun molih ndhuk Surabaya gak kathik Sri! Gak kathik Sri-Sri-an! Mosok wis dadi bojo gak oleh digétik!

*
Dipacak ing:
Majalah Jaya Baya, Nomer 10, Minggu II November 2008.
Iki teks asli sadurunge diowahi dening redaktur Jaya Baya.

Tags:

3 comments to "Sumpahe Arèk Surabaya"

  1. wahahaha....lucu ceritane lik,tapi onok sing sithik2 gak mudeng bosone, lanjuuut....

  2. Suparto Brata says:

    terima kasih atas komentarnya

Leave a comment