Srawungku Karo Sastra Jawa

Home » » PASA-PASA MENYANG THAILAND

PASA-PASA MENYANG THAILAND

(NAMPA S.E.A. AWARD)


Wulan Juni 2007 awan-awan, nalika lagi ana ing omahe anakku ing Elang Malindo Jakarta aku nampa telepon ngaku asma Prih Suharto saka Pusat Bahasa Jakarta, ngabari yen aku oleh Hadhiyah S.E.A. Write saka Kerajaan Thailand, kang arep ditampakake ing sasi Oktober. Syarate aku kudu nulis surat “matur nuwun” marang Putra Mahkota Krajan Thailand marga bebana mau, dikantheni cathetan biografiku dhewe, apa wae karya-karyaku, lan cuplikan saka karyaku, uga pasfotoku ukuran paspor. Kabeh ditulis basa Indonesia, yen bisa dilampiri basa Inggrise. Terus dikirimke marang Prih Suharto, Pusat Bahasa Departemen Pendidikan Nasional Jl. Daksinapati Barat IV, Rawamangun, Jakarta 13220. Tulisan kabeh mau arep dicap dadi buku dening Pusat Bahasa, minangka lapuran marang Panitia ing Thailand, sapa sastrawan Indonesia sing dipilih nampa bebana taun iki (2007). Buku kuwi mau kudu wis ditampa panitia ing Thailand sadurunge akhir Juli.



Mupung isih ana ing Jakarta, esuke aku njaluk ter anakku menyang Pusat Bahasa, perlune apa tenan kabeh mau, lan nyuwun jelase apa sing wis kocap ing tilpun.

Ketemu Pak Dr. Prih Suharto, M.Hum (Kepala Bidang Pembinaan), oleh katrangan mengkene: Saben taun wiwit taun 1979 ing wulan Oktober, Krajan Thailand maringi bebana marang para sastrawan ing negara Asia Kidul Wetan, pilihan saben taune dipasrahake marang negarane dhewe-dhewe (liwat pemrentahe). Ing Indonesia panitia pemilihan dipasrahake marang Kementrian Pendidikan (Pusat Bahasa), terus Pusat Bahasa nyusun Dewan Juri Pemilihan Sastrawan Indonesia. Taun 2007 kuwi susunan Dewan Jurine: Penanggung Jawab Dr. Dendy Sugono (Kepala Pusat Bahasa), ketua Prof. Dr. Sapardi Djoko Damono, sekretaris Prof. Melani Budianta, Ph.D., Anggota Prof. Drs. Jakob Sumardjo, Drs. Abdul Rozak Zaidan, M.A., Dr. Prih Suharto, M.Hum. Dewan Juri milih aku, marga saka buku karyaku Saksi Mata (Penerbit Buku Kompas, 2002).

Aku sastrawan Indonesia nomer 29 sing oleh bebana SEA Write. Taun-taun sadurunge wis akeh sing nampa, kaya ta Sutardji Calzoum Bachri, Goenawan Mohamad, Budi Darma, Ahmad Tohari, Acep Zamzam Noor. Embuh taun pira ngono nalika dikandhani kudu nampa bebana menyang Thailand ana sastrawan Indonesia kuwi sambat ora duwe sangu. Mula Pusat Bahasa kudu nalangi dhisik dhuwit lelungan kuwi. Mangka Pusat Bahasa ora ana dana anggarane. Ngalami kang kaya mengkono, taun bacute Pusat Bahasa ngusulake ana anggaran kanggo milih sastrawan Indonesia kang karyane dibiji apik dhewe ing taun kang lumaku. Usul ditampa, ora mung siji, nanging saben taun Pusat Bahasa Departemen Pendidikan Nasional milih 3 sastrawan Indonesia sing karyane dibiji paling apik. Lan salah siji saka kuwi dikirim minangka sastrawan Indonesia sing nampa SEA Write Award ing Thailand. Dadi budhalku menyang Thailand ora perlu golek utangan dhisik, nanging wis oleh bebana Rp 8 yuta (dipotong pajeg) saka Pusat Bahasa.

Aku budhal menyang Thailand saka Jakarta dina Minggu 7 Oktober 2007, nganggo pesawat gratis duweke Thai Airways International. Kuwi persis sasi pasa seminggu sadurunge Lebaran. Aku ngajak anakku Tenno. Nalika ngurus tiket, kanggo keluwarga sing dakajak rega tiket separone, yen saklas karo aku Rp 7 yuta, yen ekonomi Rp 3 yuta (bolak-balik). Dhisike aku njaluk Tenno lungguh saklas karo aku, nanging Tenno nduwe tetimbangan liya, milih sing ekonomi wae. Tenno ngreti, larange tiket marga suguhan panganane. Mangka awake dhewe pasa. Dadi percuma mbayar larang. Tenan, durung 10 menit mabur, suguhan panganan ing pesawat ndlidir mbanyu mili, nganti pesawat meh ndharat ing Bangkok. Penumpange kebak, olehe mangan padha pating klothek dhokoh banget. Nanging aku ditawani mung godhak-gedhek wae. Wong pasa.

Kajaba penerbangan gratis, uga sajrone seminggu ing Bangkok, mangan-turu-nglencer aku lan Tenno gratis. Para kang nampa bebana liyane karo pengantare (ana sing pengantare luwih saka siji) ya oleh gratisan kang mengkono. Para sing nampa bebana kuwi, yakuwi: Haji Moksin bin Haji Abdul Kadir (Brunei), Suphany Oum (Cambodia), Houmphanh Rattanavong (Laos), Professor Rahman Shaari (Malaysia), Michael Coroza (Philippines), Montri Sriyong (Thailand), Tran Van Tuan (Vietnam). Saka Singapur Rex Shelley ora bisa teka marga lara.

Para sing oleh bebana diinepake ing Hotel The Oriental, hotel sing mewah banget ing pinggire kali Menam. Aku mlebu hotel wis wayah surup, diterake nganti tekan kamar ing jogan IV lan diwenehi weruh apa wae sing bisa diladeni dening hotel (nggunakake tilpun, cuci pakean, mangan, gratis). Prekara saur pasa, mengko bengi bisa pesen saka kamar kono menyang restoran ngisor, panganan bakal dikirim langsung menyang kamar. Kamarku mewah, bisa nyawang kali kang agung banyune. Ing meja ana buah-buahan plastik dipulas seger-seger anggur, pelem, kates. Ana pesone stainless-style barang. Bubar adus aku mangan ing restoran ngisor, swasana lan jenise panganan bisa milih restoran sing endi, sing ana ing latar, ing njero omah, ing kamar sing musike klasik. Marga wis bengi, peteng, aku ora ngreti cethane, pijer-pijer ana prau sing direnggani lampu-lampu rentengan katon saka restoran wira-wiri liwat kana. Dhisike dakkira ya mung fasilitas saka hotel kono kanggo para tamune. Jebule bareng awan, prau-prau mau kendharaan umum minangka lalu-lintas ing kali kono. Cacahe akeh lan ana rutene dhewe-dhewe. Aku pesen panganan rong porsi. Pranyata akeh banget, saporsi wae ora entek dakpangan wong loro. Sing saporsi ora kademek blas.

Bengine jam 3 kanggo saur, aku ya pesen liwat tilpun panganan 3 werna kang beda-beda digawa nyang kamarku. Jebul oakeh banget. Mesthi wae turah-turah. Ning ya gratis, kari mung orek-orek tandhatangan thok.

Kok penak banget, ya, sarwa gratis. Mangka sajrone seminggu ing Bangkok kuwi acarane saben dina diklencerake lan disesubya menyang papan-papan pariwisata pangeram-erame Krajan Thailand, wiwit esuk nganti bengine, kayata ketemu para pengarang Thailand ing National Library, pesta sugeng rawuh ing Baan Phraya, menyang Grand Palace (kedhaton) lan candhi Emerald Buddha, menyang Kutha Ayuthaya (30 km sa-elore Bangkok, kutha tilas pemrentahan paling lawas sing jenenge tumurun menyang Tanah Jawa dadi Ngayogya), mertamu nyang Bangkok Bank, menyang Suan Pakkad Palace, pesta nampa hadhiyah ing Royal Ballroom. Mesthi wae ya nganggo bujana andrawina wayah awan. Nanging marga aku pasa (uga saka Brunei lan Malaysia priyayine padha pasa) pesta-pesta mangane ya dakliwati wae.

Para tamu bisa disesubya kaya mengkono marga The SEA Write Award sing diprakarsai pemrentahan Krajan Thailand iki disengkuyung sponsor Bangkok Bank Ltd, Bank of Thailand, BMW Thailand, EXIM Bank, Thai Beverage Public Co. Ltd. The Rex Morgan Foundation, Thai Airways International, The Oriental Hotel, PEN Club lan Perkumpulan Pengarang Thailand. Tegese nyengkuyung, ya cecawe melu mbandhani adicara paring bebana tumrap para pengarang Asia Kidul Wetan iki. (Ora dianggarake saka APBN utawa APBD, sing dhuwite kumpulan pajeg saka rakyat). Nanging ya pinter. Dhuwit bebanane diparingake marang para sastrawan pemenang ing bengi sepisanan adicara Sugeng Rawuh, wujud check sing mung kena didhuwitake ing Hotel Oriental (nggonku nginep). Dadi ora bisa digawa mulih wutuh wujud rupiyah. Mung bisa ditanjakake ing kana. Utawa kudu diijolake dollar dhisik, lagi bisa digawa mulih. Kanthi mengkono para tamu sing nampa bebana mesthi nanjakake dhuwite blanja ing kana.

Dina esuk sepisanan durung ana acara. Aku merlokake menyang KBRI. Takon marang resepsionis hotel, alamate priye yen mrana numpak apa. Bisa nganggo taksi duweke hotel, bisa nganggo taksi njaba sing luwih murah. Aku milih taksi hotel, mewah, sopire nganggo seragam, mbayarku mung tandha tangan (mengko dipotong saka dhuwit hadhiah). Ditemoni Ibu Tanti Widyastuti (sosial budaya) lan Mas Dionnisius Elvan Swasono (penerangan). Bapak Ibrahim Yusuf (duta besar) lagi tindakan. Nanging janji mesthi rawuh wayah adicara diparingake resmi bebana sastrawan Asia Kidul Wetan dening Kang Minulya Putri Sirivannavari Nariratana ing the Royal Ballroom The Oriental Hotel ing wusanane dina aku ing Thailand, marga kabeh para duta besar negara manca wis padha nampa ulemane adicara kuwi.

Mulih saka KBRI isih awan. Mlebu kamar hotel, lo, wohwohan plastik sing ana meja ganti. Anggur, blimbing, jambu klampok. Pesone ora ana. Kabeh ya mentheng-mentheng. Bareng dakdemek, jebul dudu plastik. Buah-buahan tenan! Yen ngono pelem lan kates sing ranum wingi kae ya wohwohan tenan! Buwah-buwahan Thailand pancen kondhang kasil budidayane.

Sawise bola-bali sapatemon bareng klenceran, para sastrawan lan keluwargane pitepungane saya raket. Ing sore sela padha ajak-ajakan dhewe nglencer golek sovenier oleh-oleh. Aku karo anakku, Coroza karo bojone, putra putrine Prof. Rahman Shaari lan Haji Moksin sing isih enom-enom, ajak-ajakan menyang mall bareng-bareng. Sadurunge budhal kene padha njaluk sangu dhuwit Thailand (baht) menyang bank hotel (bukak 24 jam). Wis takon-takon kepriye carane tekan mall sing kondhang ing kana. Sing dhisik dhewe kene numpak prau umum sing liwat mburi hotel menyang stasiun sky-trein. Banjur tuku karcis ing loket. Ngarep loket wis ana dhaftare, yen nyang anu pira, nyang mall pira. Sawise nampa karcis, mlebu peron ora ana portire (sing jaga lawang). Karcis disodhorke ing papan otomatis, lawange peron terus mbukak, karcis digawa maneh dening penumpange mlebu peron. Ngenteni sepur teka. Sepur teka kene mlebu. Sepure sela. Kabeh penumpang racake oleh lungguhan. Ora ana kondhektur utawa pegawene sepur. Mandheg cukup samene menit, lawange gerbong nutup, sepur budhal. Sepur arep mandheg stasiun Gubeng, ing gerbong wis ana tulisan “Gubeng”. Sepur mandheg, lawang gerbong mbukak, penumpang munggah lan mudhun, sakmene menit, lawang gerbong nutup, sepur mlaku. Stasiun ndheg-ndhegan tutuge “Semut”. Ing gerbong wis ana tulisan cetha “Semut”. Mengkono sateruse. Nganti wektu tulisan “Mall” muncul ing gerbong, aku lan kanca-kanca siyap-siyap mudhun. Sepur mandheg, kene mudhun. Sakmene menit, sepur mlaku maneh. Kene kari ing peron. Lawang metu peron tutup (dipalangi), ora ana wong sing jaga. Para penumpang sing arep metu nyodhorake karcis (sing dituku lan dienggo mlebu sepur mau) ing papane otomatis. Yen dudu stasiun tujuane (menurut karcis sing dituku mau), palangan lawang emoh menga. Kabeh sarwa mesin otomatis, dhuwite penumpang ora bisa dicathut utawa dienthit.

Adicara pesta ing the Royal Ballroom kuwi jan adicarane Ratu Thailand temenan. Priye lakune adicara, para sastrawan awane wis dilatih dhisik. Yakuwi priye carane para sastrawan ngaturake buku karangane marang Sang Putri. Para sastrawan kudu baris jejer-jejer ing ruwangan khusus, diembani para kenya Thailand ing mburine sing kapatah nggawa bukune Terus mengko Sang Putri nyedhaki giliran, buku diaturake nganggo lemek baki diaturake ditulung leladi dening para kenya, sastrawan ora oleh nyenggol astane Sang Putri. Bubar kuwi latihan dipotret barengan karo Sang Putri. Ing latihan kuwi wis diatur tenan, ing ngendi lungguhe para sastrawan. Sing lenggah ing kursi mung Sang Putri. Liyane ngadeg wae utawa nglesot ing jogan. Bubar kuwi latihan ing the Royal Ballroom, yakuwi adicara sing mengkone diestreni dening para duta besar negara liya, ngrungokake sesorah bab kasusastran lan The SEA Writer Award kuwi, priye carane para sing nampa hadhiyah ngadeg saka kursine, ngurmat marang Sang Putri, lumaku ngadhep marang Sang Putri, ngurmat, terus maju telung tindak, nampa hadhiyah, mundur telung tindak, ngurmat, jumangkah menyang podium, pidhato 2 menit, terus bali menyang kursine, ngurmat dhisik sadurunge lungguh. Papane lungguh, carane madhep Sang Putri, teks pidhatoku, lan uga papane lenggah para tamu liyane, dalah anggone atut lakune adicara, kabeh wis diatur ditetepake sadurunge. Nalika klakone, ora sembarang sing andher ing pasamuwan oleh ngomong apa slira-sliri ing kono, ora sembarang wong oleh motret. Kabeh diatur papane lan wektune.

Jare sawise Revolusi Prancis 1789, pemrentahan negara kuwi sing becik dhewe demokratis. Kekuwasan ing tangane rakyat. Rakyate bisa makmur. Thailand kuwi negara krajan. Keluwargane raja banget diajeni. Lan bisa gawe pasamuwan lan sesubyan kang kaya ngono agunge. Raja duwe kajat, gage disengkuyung para sponsor sing urip makmur ing Thailand. Dene akeh presiden pilihane rakyat ing negara demokratis presidene ora kajen, dadi pasemon nyek-nyekan dening rakyate dhewe. Kuwi tangkepku nalika nglakoni adicara agung kuwi. Sajake dudu system sing bisa makmurake rakyat, nanging kuwalitase rakyat negara kuwi dhewe-dhewe.

Aku mulih pas dina lebaran pemerintah Indonesia. Lebaran ing Thailand jare wis dhek wingi. Aku mikir, wah bisa mangan enak ing pesawat, wong wis ora pasa. Pancen klakon ngono. Nanging sing numpak pesawat ing klasku, mung wong telu. Kothong ngoblah-oblah. Dene sing saklas karo anakku, mung wong pitu. Kena apa mengkono? Aku krungu-krungu ramene penumpang nalika budhal saka Jakarta, racake penumpang menyang Eropa, ora bisa numpak Garuda. Bareng menyang Sukarno-Hatta, numpak nganggo pesawat apa wae bisa.

Tekan bandhara aku langsung ngijolake dhuwit hadhiyahku dadi rupiyah. Isih nampa watara Rp 13 yuta. Lumayan.

Crita iki daktulis minangka lapuranku nampa bebana lan lunga menyang Thailand. Sanajan meh padha critane, nanging aku ora duwe niyat nyemoni para anggota DPR lan pejabat sing oleh undangan menyang luwar negeri gratis (dibeayani negara sing ngundang), sing jare kudu enggal aweh lapuran, yen ora, bisa dislidhiki kadidene nylingkuhake jabatan (korupsi). Ora ana niyatku ngono.

Suparto Brata

Dipacak ing:

Jaya Baya, no.53 Minggu V. Agustus 2008.

Jaya Baya, no. 01 Minggu 1. September 2008.


Tags:

0 comments to "PASA-PASA MENYANG THAILAND"

Leave a comment