“Mas. Iki lo ana sayembara crita sambung. Mbok coba nyerata ing kene,” ujare nakndulurku, Nyonya R.Ay.Siti Soepinah S. Harumbintoro ing Jl.Penataran 9 Surabaya karo nuduhake PS. Ing kalangan sedulurku kala samana meh kabeh langganan PS. Lan wis tau aku nulis cerkak ing PS (15 April 1958) nyritakake pengalamanku “sirsiran” karo Ninuk, kenya sing mondhok ing daleme bulikku ing Jl. Imam Bonjol 38 Solo, dadi rerasanan keluwarga merga cerkak sing dipacak PS kuwi dianggep lelakon tenan. Jenenge Ninuk kang sekolah ing SGTK Ganawati pancen daksebut cetha. Swasana dhemen PS merga cerkakku kuwi tembe mburine ing keluwarga omah Jl. Imam Bonjol sidane nglairake pengarang drama basa Jawa kondhang, Bambang Widoyo SP, kang kiprah ing Teater Gapit Solo.
Satemene aku wis sinau ngarang lan dakkirimake marang majalah basa Indonesia wiwit dipacaki taun 1952. Ora noleh marang sastra Jawa. Nanging apa sing ditawakake nakndulurku mau daksaguhi. Aku nyilih PS watara 10 exp. dakgawa mulih. Sawise daksinau isine PS, utamane cerkak lan crita sambunge, aku gage pasang kertas lan karbon ing mesin ketikku ing omah (aku duwe mesin ketik lelang saka wong Landa sing kudu lunga saka Indonesia 1956), lan ngetik kanggo melu sayembara ing PS 1958. Dadi 34 kaca folio spasi 1½ . Irahane Kaum Republik.
Pranyata menang nomer siji. Ngalahake pengarang populer banget wektu kuwi, Any Asmara, sing entuk nomer loro kanthi irahan Putri Tirtagangga. Dene nomer telu Andana Warih kanthi crita irahane Tjandhikala. Andana Warih kuwi pranyata asma sesinglone Basoeki Rachmat.
Menang ngono kuwi aku ya ora ndang menyang kantor redaksi PS sing dumunung ing Pers Nasional Jl. Penghela 2 Surabaya. Aku pancen ora gelem cecedhakan karo redaksi prekara karanganku, karepku kepengin njaluk jujur wae nintingi karanganku, dadi saprana-saprene aku tansah ngirimake karanganku liwat pos. Yen dibiji apik, ya ora marga aku kenal karo redaksine. Mengkono uga administrasine. Dadi aku ya ngenteni wae kepriye mengko dhuwit asil bebana sayembara kuwi dikirimake marang aku. Putri Tirtagangga dipacak dhisik rampung, banjur Kaum Republik (irahane diganti Jiwa Republik dening redaksi) wis dipacak rampung, Tjandhikala dadi gilirane, aku tetep durung nampa dhuwite bebanane.
Nalika kuwi, aku manggon saomah karo Ruba’i Kacasungkana, wartawan anyar ing Surabaya Post pimpinan Pak A.Azis. Ruba’i kajaba wartawan ya seniman. Mula nalika ana wengi sastra digelar ing Balai Pemuda, ngajak aku melu nonton. La ing kono (taun 1959) aku ketemu karo seniman-seniman Surabaya. Ketemu karo Basoeki Rachmat (BR) sing ngarang Tjandhikala. BR crita yen HR-e sayembara wis dijupuk sanalika nalika sayembara diumumake. Aku dikon menyang Penghela wae, mengko dipethukake karo redaksi PS. BR nyambutgawe dadi redaktur Majalah Indah sing kantore ya ana ing Penghela 2.
Sidane aku nyang Penghela 2, dening BR diajak mubeng ing gedhong sing dadi kantorane lan percetakane koran-koran ing Surabaya. Menyang Terang Bulan (grupe Imam Supardi/PS) ketemu Purnawan Tjondronegoro, Amak Syarifudin, Hari Rek, Imam Subagyo, Imam Basuki. Imam Basuki taun-taun 1980-an dadi redaktur PS. Ing Harian Umum, ketemu Farid Dimyati, Pak Soedjono, Mas Moechtar sing saiki jumeneng penanggung jawab PS. Ing Djaja Baja ketemu Pak Tadjib Ermadi, lan Mas M. Radjien (pemimpin redaksi). Lan ing PS ketemu Tjoek Amiwarso, S.Kadarjono (pemimpin redaksi, 1980-an pindhah nyang Jaya Baya), Soebekti (taun 1990-an pindhah nyang Jaya Baya). Ing gedhong kono ana suratkabar lan majalah liya maneh. Nalika ketemu redaksi PS kuwi bebanaku sayembara lagi dibayar.
Wiwit kuwi aku banjur kekancan karo para wartawan seniman ing Pers Nasional kono. Lan wiwit ngarang crita basa Jawa. Satemene wiwit cilik aku seneng maca BUKU CRITA apa wae. Lan bareng wis bisa nulis dhewe, kepengin gawe crita sing dawa-dawa lelakone wong sing ngedap-edapi kaya lelakon ing buku-buku crita sing dakwaca. Aku duwe angen-angen critaku kuwi ya terbit dadi BUKU ben bisa awet diwaca turun-temurun. Mangka nalika samana anggonku nulis ing basa Indonesia, bisane dipacak mung cerita pendek ing majalah minggon. Crita dawa ora bisa. Koran basa Indonesia uga durung ana sing macak crita cekak apa crita sambung. Dadi yen arep gawe crita dawa (novel) basa Indonesia ya kudu dikirimake menyang penerbit buku, kayata Gunung Agung, Pembangunan, Balai Pustaka. Marga pepenginanku nulis crita dawa (novel) terbit dadi buku, taun 1958 aku nulis novel basa Indonesia Tak Ada Nasi Lain, dakkirimake menyang penerbit buku Pembangunan, ditampik. Aku nglokro ngarang crita dawa. Mula bareng PS nampa crita sambung (novel) semangatku nulis sastra Jawa gage mudal. Dhek samana (1956-1960) aku lagi seneng tuku lan maca buku rombengan tinggalane Walanda sing mblader diler ing kaki-lima Keputran, buku-buku warna ijo terbitan Penguin, sing mratelakake kuwi buku mystery and crime. Basa Inggris, regane murah, mung Rp 1,- - Rp 1,50 saben buku. Maca buku-buku kuwi aku kenal karo Agatha Christie (pengarang detektip Inggris), Georges Simenon (pengarang detektip Prancis), Erle Stanley Gardner (pengarang Amerika). Mula bareng ana kalodhangan gawe crita dawa, aku banjur ketularan nulis crita detektip. Muncul Tanpa Tlacak (PS4 Maret – 6 Mei 1961, dipacak ping 9), sing munculake Detektip Handaka, niru-niru modhele buku crita seri detektip donya.
Kajaba marang PS aku uga kirim karangan marang Djaja Baja, sing pemimpin redakture diasta Mas M. Radjien. Taun 1961, Mas Radjien pamit mundur, marga wis duwe penerbitan dhewe (CV. Warga). Marang Pak Tadjib Ermadi (direktur) Mas Radjien ngusulake aku dadi sulihe. Pak Tadjib setuju, nanging aku emoh, marga nalika samono aku dadi karyawan PDN Jaya Bhakti, sing pametuku mubra-mubru banget. Dadi dakusulke BR wae dadi sulihe. Disetujoni. Wiwit kuwi (1962?) sing dadi pemimpin redaksine Djaja Baja BR. Aku bisa mbiyantu nggawe tulisan-tulisan apa wae, ya crita cekak, pawarta, kritik, lan sapanunggalane ing Djaja Baja, marga durung akeh wong sing bisa nulis basa Jawa lan ketarik nulis ing Djaja Baja. Redaktur sing ana mung Herdian Suhardjono (seda 1965). Aku lan BR tansah tukar pikiran lan weweka kepriye carane nguncarakake Djaja Baja. Pak Tadjib nglebokake Totilowati (seda 1973), sanak saka Kediri, BR nglebokake Bambang Istiadi nguwati redaktur Djaja Baja. Bambang Istiadi taun 1990-an pindhah nyang PS, nangani nenulis aksara Jawa.
Marga rumaketku karo BR, aku kiprah, gawe crita dawa-dawa dipacak ing Djaja Baja. Nganti mbludag. Taun 1962 Kaduk Wani, 1963 Kena Pulut, 1964 Titising Sepata, Tretes Tintrim, Asmarani, Pawestri Telu, nganti bubar crita sambungku, sing dipacak banjur crita sambungku maneh.
Nanging uga marang PS aku ngontribusi crita sambung: Katresnan Kang Angker 1961, Pethite Nyai Blorong 1962, Emprit Abuntut Bedhug 1963, Kadurakan Ing Kidul Dringu 1963, Sanja Sangu Trebela 1964.
Marga overproduktif, supaya para maos sastra Jawa ora kemba, aku migunakake jeneng sesinglon Pèni. Jeneng Pèni dakjupuk saka jeneng paraga ing novelku Tak Ada Nasi Lain, sing marang sapa lakon utamane kasmaran. Nganggo jeneng wadon, dakupayakake critaku pikirane pengarang uga madoni (mikir lan ngrasakake kaya wong wadon). Nalika Katresnan Kang Angker dipacak ing PS aku kerep merdhayoh ing nakndulurku Penataran 9, perlu ngrungokake pangalembanane crita sambung ing PS. Jeng Yit ora ngreti yen sing nulis aku. Saka kono aku ngreti yen karanganku disenengi para maos.
Ya tujune PS lan JB ngajangi amba minangka kiprahku makarya crita dawa-dawa (novel/crita sambung). La upama ora, kepriye anggonku nyuntak gagasanku ngarang crita lelakone manungsa sing dawa-dawa mengkono kuwi? Ana maneh sing ndadekake aku kemaruk nulis ing PS. Ing taun-taun 1950-1970-an, pelenggan PS watara 80.000. Kajaba diwaca para sing lengganan, PS uga diwaca para keluwargane (garwa-putrane), lan para tetanggane. Ing PS malah dibiwarakake, “yen wis diwaos, muga disilihake marang tangga-teparo”. Nulis ing sastra Jawa ing PS jan akeh tenan para maose. Yen ing basa Indonesia, paling akeh saben terbit dicetak 30.000 exp. Kuwi wae katone diundhakake cacahe marga kanggo oleh subsidi kertas saka pemerintah. Satenane sing dicetak pira, ora kaweruhan. Manut M. Radjien anggone gawe CV. Warga (penerbitan buku), marga wis tau ngajani Pak Tadjib supaya Djaja Baja oleh subsidi kertas akeh banget, dikandhakake yen dicetak akeh, sing dicethak mung saperangan, turahe kertas diedol mentahan. Kaya sing dilakoni para penerbit koran liyane. Nanging Pak Tadjib ora kersa. Lan majalah basa Indonesia (Kisah, Roman, Siasat, Mimbar Indonesia, Budaya, majalah sastra/budaya elite ing ngendi aku ngirimake crita cekakku) kajaba nyetake mung antarane 8.000 – 15.000 exp. uga ora sumrambah lan sumebar ing kutha cilik. Cekake sing maca kurang akeh, ora kaya yen dipacak ing PS.
Aku lagek balik nulis crita landhung basa Indonesia taun 1967, nalika aku dipeksa metu saka PDN Jaya Bhakti marga emoh dadi anggota SOKSI (embrio Golkar). Niyat ingsun urip mligi ngarang aku kirim crita basa Jawa marang Kho Ping Hoo sing duwe CV Gema ing Solo. Dening Kho Ping Hoo aku dikon gawe crita silat basa Indonesia, banjur aku gawe crita silat landhung basa Indonesia. Saben naskah dakkirim mesthi langsung dibayar, Rp 600,00. Aku bisa ngirim naskah sesasi ping pindho (30 lembar folio). Rega beras nalika samana Rp 30,00 per kilogram. Kuwi crita silat sing satemene ora dadi angen-angenku. Crita fiksi kaya sing dadi angen-angenku basa Indonesia, lagi dakanyaki maneh nalika koran Kompas (Jakarta) macak crita sambung. Crita sambungku Surabaya Tumpah Darahku dipacak Kompas 1973. Lan banjur koran liyane uga macak crita sambung, kabeh dakkirimi crita landhungku basa Indonesia: Surabaya Post, Jawa Pos, Republika, Kompas. Ora mung sepisan, makaping-kaping. Malah uga nglanjak majalah elite Kartini, Putri Indonesia, Sarinah macak crita sambungku basa Indonesia. Kenapa aku ngirim mrana? Kajaba pancen aku duwe grengseng nulis crita landhung, koran basa Indonesia wektu kuwi (taun 1970-an subsidi kertas dicuthel) sing maca cukup akeh (Kompas nganti 200.000 exp saben terbit, dene majalah basa Jawa saya mungkret). Kajaba sing maca luwih akeh, uga honorariume tikel tekuk tinimbang saka majalah basa Jawa.
Ewa samono, marga katiyasanku nulis crita landhung basa Jawa wis kadhung nyethèt, aku ora medhot kasukanku nulis sastra Jawa. Terus wae nulis. Ing taun 2006 aku isih ngiseni crita sambung ing PS (Cintrong Paju-Pat), JB (Ser! Ser! Plong!), Djaka Lodang (Mbok Randha Saka Jogya), Damar Jati (Cocak Nguntal Elo). Isih ana sing durung klakon ing angen-angenku, yakuwi crita sastra Jawa dadi buku. Marga, yen mung dipacak ing majalah, sawise dipacak cuthel, sastra Jawa kuwi uga cuthel umure. Yen dadi buku, generasi turun menurunku isih bisa nyemak crita mau. Mula saiki aku sengkut gawe buku sastra Jawa, ing pamrih sastra Jawa ora cuthel riwayate ing donya.
Ini cerita Jawa. Bahasa Jawa, rasa Jawa, pikiran Jawa di Tanah Jawa abad 20. Ini cerita orang Jawa di desa, di sawah, di kota, di rumah kampung.Selanjutnya. ...
0 comments to "MULA BUKANE AKU NULIS SASTRA JAWA"