Srawungku Karo Sastra Jawa

Home » » SASTRA JAWA MENYANG THAILAND

SASTRA JAWA MENYANG THAILAND

Dening Dr. Prih Suharto M.Hum saka Pusat Bahasa Jakarta, aku ditilpun dikabari yen aku dipilih dadi sastrawan Indonesia giliran kang kaping 29 nampa (hadhiyah) The SEA Write Award, sing tansah diparingake ing saben sasi Oktober, marga bukuku Saksi Mata (Penerbit Kompas, 2002) dibiji apik banget. Syarate aku kudu nulis surat “maturnuwun” marang kang minulya Putra Mahkota Kraton Thailand, nulis teks pidhato sambutan (diwaca rong menit) ing adicara nalika nampa hadhiyah, biodataku cekak, cuplikan karyaku, dhaftar karyaku, kabeh basa Indonesia dikantheni terjemahan basa Inggrise, lan pasfoto ukuran paspor, dikirim menyang Pusat Bahasa Jakarta, minangka lapuran menyang panitia ing Bangkok. Kabeh syarat wis dakrampungake sadurunge akhir Juli 2007. Aku kari ngenteni surat resmi uleman saka the SEA Write Organising Committee ing Bangkok.

Sing nampa hadhiyah ora mung sastrawan Indonesia, nanging uga sastrawan negara Asia Kidul Wetan liyane (Singapur, Malaysia, Brunei Darusalam, Philipina, Vietnam, Laos, Kamboja, lan Thailand) sing taun 2007 dianggep paling apik buku karya-sastrane ing negarane dhewe-dhewe.

Layang uleman resmi saka Bangkok daktampa tanggal 27 September 2007, nerangake yen aku nampa The SEA Write Award, dhuwit (check) Baht 70.000, aku kudu ana ing Bangkok 7-13 Oktober, mangan turu gratis, lan budhal-mulih mawa pesawat Thai Airways International uga gratis. Minangka tiket pesawat, aku bisa ngubungi Mr. Suvadhana S, BDN Building, Jakarta 10340. Surat uga dilampiri acara-acara disesubya ing Bangkok, kaya ta piknik menyang papan pariwisata, sapatemon karo para sponsor lan pengarang Thailand, adicara nampa hadhiyah sing aku kudu pidhato 2 menit barang. Kabeh sarwa enak-kepenak, lan aku ya wis pancen cecepak nglakoni kuwi kabeh.

Nanging ana adicara sing aku durung siyap (ora ngreti sadurunge, ora diterangake dening Pak Prih Suharto). Yakuwi tanggal 11 Oktober para sastrawan pemenang kudu maca gurit (poem) nganggo basane dhewe-dhewe (native language) ing adicara Poetry Reading ing Istana Suan Pakkad. Dijaluk gurit sing arep dakwaca terjemahane basa Inggrise kudu enggal dikirim marang janpens@mohg.com ditampa sadurunge Senen 1 Oktober 2007. Wah, aku ki ora tau ngarang puisi, lan ora tau maca puisi. Kok dikon maca puisi. Repot anggonku milih. Repot anggonku cecawis.

Dakpikir, aku rak ya kecathet dadi pengarang sastra Jawa. Yen kudu maca puisi basane dhewe-dhewe, upama aku nembang Jawa rak ya teges maca puisi. Ya ngiras pantes ngleluri lan mekarake sastra Jawa ing negara manca. Toh sing ngrungokake ing Thailand ora ngreti tegese, nanging bisa ngematake irama (tembange). Ndilalah aku duwe apalan lagu dolanan, basa Jawa lan basa Jepang. Kuwi sing dakpilih arep dak-deklamasekake ing Thailand mengko. Mung anggonku ngirim terjemahane basa Inggris repot. Sidane ya klakon, nanging wis kepancal tanggale.

Tekan Bangkok, acara sepisanan sapatemon karo para pengarang Thailand lan anggota PEN club ing gedhong National Library. Sing ngembani rombongan para sastrawan lunga-lunga para kenya enom-enom lan juru potret. Racake ayu gandes luwes sumeh grapyak semanak. Ana sing jenenge Paranee Wisate. Ing acara sepisanan aku takon marang dheweke, apa kirimanku puisi terjemahan basa Inggrisku wis ditampa dening panitia? Yen durung aku nggawa copyne. Dheweke ngundang kanca wadon liyane, jare sing kajibah nampa emaile, jenenge Janpens. Pranyata Janpens, Paranee Wisate, lan ana maneh Wasana, para wadon PR-e Hotel The Orient papanku nginep ing Bangkok sajrone disesubya ing Thailand, padha kajibah saben dina nggiring para sastrawan tamu menyang objek-objek wisata seminggu kuwi. Copy “gurit” sastra Jawa saterjemahane basa Inggris dakwenehake Janpens. Kanthi mengkono sastra Jawa mesthi wis didokumen ing kana.

Disesubya ing Thailand sajrone 7-13 Oktober, pesta andrawina menyang papan-papan wisata kaya ta: Grand Palace (kompleks kedhatone raja), Kuil Emerald Buddha, Kutha Ayuthaya, Istana Bang Pa-lu, Rex Morgan’s Residence, Bangkok Bank, lan adicara paring bebana resmi dening Sang Putri Sirivannavari Nariratana ing Royal Ballroom, kenya-kenya momong tamu kuwi mesthi sing ngancani lan ngladeni para tamu iki. Pasrawungane kene saya akrab.

Grand Palace mujudake kompleks gedhong-gedhong kraton krajan Thailand. Gedhonge apik-apik dumunung ing sakompleks, saben gedhong duwe fungsi dhewe-dhewe lan sing mbangun uga raja-raja nalika lagi jumeneng. Ana istana sing jenenge Ananta Samakhom Throne Hall, papan kanggo pengetan jumenengan ndalem lan ing balkone raja bisa mirsani srawung karo rakyat umum sing mangayubagya ana ing platarane. Ing gedhong kono uga dijlentreh foto-foto ukuran gedhe para raja-raja sing tau jumeneng ing Thailand. Ana istana sing jenenge Amarin Winitchai Throne Hall, papan kanggo siniwakan keluwarga raja lan uga para tamu kraton. Lan pirang-pirang gedhong istana maneh, kang wujude elok, mewah, agung, beda-beda, lan fungsine uga beda-beda, kabeh sarwa gemerlapan marga tansah diopeni lan dibecikake.

Para sastrawan ing wisata kompleks kraton kuwi, padha diirit mlebu-metu menyang gedhong-gedhong apik mau, dikantheni kenya pramuwisata saka biro pariwisata kang apal banget ngojahake fungsi lan sejarahe gedhong-gedhong mau. Kenya pramuwisata kuwi pawakane cilik, wandane lantip, ndhemenakake, basa Inggrise jelas. Dheweke sarjana saka jurusan sejarah. “Wis keluwarga?” Dheweke gedhek, wangsulane mesem ngujiwat, “Aku meh wae dadi biksu”. Tumrapku cita-citane nyleneh.

Nalika lagi nonton lan dikojahi gambare para raja-raja ing Istana Ananta Samakhom, Paranee mbisiki aku, ngajak mlaku ing ngarepe fotone Raja Rama IV. “Nyawanga paningale Sang Raja”, bisike nalika nggandheng lengenku. Daksawang, paningale Sang Raja tansah nonton aku, sanajan aku mlaku saka kiwa manengen. Lakuku kuwi dietutake para sastrawan liya, marga dening kenya pramuwisata kabeh dikon nyoba mengkono. Michael Coroza, sastrawan saka Philipina, kandha, ora mung paningale, malah ampeyane uga obah ngetut sing mlaku ing ngajengane. Dhisike driji jempolane madhep ngiwa marang sing nyawang, bareng sing nyawang mlaku nengen, driji jempulane ya banjur madhep manengen.

Kutha Ayuthaya kuwi tilas ibukota krajan Thailand abad 12-an (ing Tanah Jawa jaman Krajan Singasari), dumunung 30 km saelore Bangkok. Ing kono bangunan kuna awujud candhi pamujan jaman samana, lan uga kompleks Istana Bang Pa-In, isih madeg pating jenggeleg kopen banget, kaya ing kompleks Candhi Prambanan, nanging luwih amba bawera nganti separone kutha sing mekar saiki. Kaya ing Jakarta, ing sisih pinggir lurung-lurung kutha ana “lajur dalan khusus” nanging sing liwat dudu busway. Sing liwat gajah sewan umum sing dicawisake kanggo nglencer ngubengi kutha para wisatawan. Ing kana uga ana recane Sang Buddha sare kang gedhe banget, wujude kuning keemasan. Jenenge kutha Ayuthaya tumurun menyang pocapan Jawa dadi Ayudya terus Ngayogya.

Bubar dhahar awan ing Istana Bang Pa-In, para sastrawan dijak mampir ing daleme Rex Morgan. Rex Morgan warga negara lan saben dinane manggon ing Ustrali, nanging ngedegake yayasan sejarah lan pariwisata ing Thailand. Duwe dalem gadhang ing Ayuthaya, madeg ing pinggire kali Menam, kerep wae kebanjiran. Mula daleme lan pekarangane tansah dibetengi, supaya ora kebanjiran. Daleme telung pantha gedhe-gedhe tingkat loro, kabeh wiwit jogan, tembok, lan payon digawe saka kayu jati. Wit jati jare dhek biyen kaya alas ing dhaerah kono. Prabote lan rerenggane omah sarwa nuduhake gaya keagungan Krajan Muang Thai. Rex Morgan melu dadi sponsore the SEA Write Award ing saben taune. Uga taun nalika aku mrana, piyambake dadi tuwan rumah pemandhu adicara.

Dina liya wayah sore surup nalika pagelaran maca gurit ing taman Istana Suan Pakkad, aku maca gurit sawise gilirane sastrawan Brunei Darusalam (basa Melayu), Camboja (basa Camboja). Sing dakcepakake lan dakdeklamasekake lagu dolanan basa Jawa, aku PD wae, toh sing andher ora ngreti basane:

“Jalak-jalak pita, dolanan wis ditata.

Ayo para kanca, padha suka-suka,

Sing rame, sing tata, gawe rame neng negara,

Dhuk-nong dhuk-gung, dhuk-nong dhuk-gung.

Jejer sandhing ringin kurung, atepung, temu gelang,

Yen dietung aja kurang.

Priyagung padha nyawang, priyagung padha nyawang.

Tandang tulung saguh wadhang.”

Muga-muga para maos PS ngreti tegese. Marga daktembangake, sanajan para sing andher ing Thailand ora ngreti maknane, nanging mesthi nikmati wiramane lagu. Aku mongkok, lagu lan sastra Jawa daktembangake ing Thailand.

Puisi tutuge apalanku basa Jepang. Dakkira para maos wis ora ngreti tegese. Uga para kang andher ing kana. Anggonku nglagokake ya PD wae. Mengkene:

“Asha hi wo abite, o garagani,

Wagemu taisho genki yoku,

Cuyoi karadha ni kono kyodho,

Mamoru cikara ni takumiyaki,

Warera wa TooA no yoi kodomo.”

Kebeneran aku ngreti kabeh tegese surasane lagu Jepang kuwi. Asha hi wo abite, serngenge lagi mlethek. Warera wa TooA no yoi kodomo, aku kabeh iki bocah negara Asia Wetan kang gumbira.

Rampung nyanyi aku mudhun podhium. Ndadak sawenehe priyayi putri sing lenggah ing dheretan ngarep dhewe jumeneng, terus nyalami aku karo ngomong grapyak, “Jotokore! Arigato gozaimasu! Anata wa Nippon no uta wo….!” Wahdhuh, gumrobyos kringetku. Jebul ana wong Jepang sing ngreti puisi sing dakdeklamasekake. Mangka basa Jepangku ya mung eling capet-capet. “Gomennazahi. Watakushi no Nippon-go wa waruidesu-ne,” wangsulanku sakecekele. “Iye! Kireidesu! Jotokore! Very excellent!” tanggape.

Peparingan bebana dening Putri Sirivannavari Nariratana kang resmi digelar ing pungkasane wengi aku ing Thailand, ing Royal Ballroom Hotel The Oriental, jan mujudake pasamuwan agung kang mewah tenan. Sing andher para tamu duta besar lan para wong agung ing Thailand. Para sastrawan panampa hadhiyah awane wis padha dilatih kudu kepriye mengko tatacarane anggone ngaturake buku karyane, potret bareng-bareng karo Princess Sirivannavari Nariratana, terus ing ruwang agung nampa bebanane, lan para sastrawan pidhato sajrone 2 menit. Kabeh dilatih (full dress rehearsal) ing dina awane. Bareng klakone gawe, para sastrawan kudu nyandhang pakean negarane dhewe-dhewe. Sajrone adicara saben sing andher kudu nuruti tata-tertib, ora oleh ngomong sakepenake dhewe utawa pating sliri, ora saben wong oleh motret (wis diatur dening protokol istana).

Bareng wis bubar adicarane, lagek padha prei srawunge karo sing padha rawuh. Aku nganggo pakean Suroboyoan warna ireng, cetha wela-wela yen dadi lakon. Akeh para duta besar lan sastrawan manca sing nyalami lan njaluk potret bareng-bareng. Kepetung Pak Ibrahim Yusuf, duta besar Indonesia, dalah stafe. Uga para kenya sing kajibah ngancani sastrawan piknik, gojeg rame karo sing padha dadi lakon.

“You look like my dochter-in-law,” ujarku njawil Paranee Wisate.

Dheweke banjur ngadi-adi njaluk potret jejer akrap karo “maratuwane”.

“But, she has a baby. I’m single,” Wasana sing krungu omongku karo Paranee mau butarepan. Lan ya njaluk potret jejer ijen karo aku. Malah njaluk potret maneh dikancani karo Janpens pisan, ngapit aku.

*

Dhisike aku ora arep nulis crita iki ing PS. Marga ora ana gepok senggole karo sastra Jawa. Anggonku oleh bebana menyang Thailand marga aku sastrawan Indonesia. Karo dene aku pesen foto sing nuduhake kaelokane papan wisata Thailand marang panitia, yen dipacak ing PS bisa katon eloke, ora ndang dikirimi. Aku saya kemba.

Nanging ndilalah tanggal enom Agustus wingi aku di-email dening Paranee Wisate (kenya ayu sing memper mantuku), ngabarake yen taun iki arep gawe buku antologi genep 30 taun SEA Write Awards, sing macak crita-crita karyane para sastrawan sing wis tau oleh hadhiyah. Kajaba aku kudu ngirimake crita karyaku sing mengkone dipacak ing antologi 30th SWA, aku ditakoni ing ngendi dheweke bisa ngubungi para sastrawan Indonesia sing tau oleh bebana.

Aku gage mikir, yen merga aku pengarang sastra Jawa, dadi sing dakkirimake ya karyaku basa Jawa. Sing dakkirimake crita cekakku: DIAMPUT, SEPATUKU ILANG NDHUK MESJID, sing tau dakpacak ing bukuku TRÈM (Pustaka Pelajar, 2000). Kanthi mengkono bakale karya sastra Jawa uga bakal diterbitake ing buku Asia Kidul Wetan. Ngganepi cecaweku nglestarekake lan ngrembakakake karya sastra Jawa. Lan marga mengkono aku banjur tumus gagasan nulis crita iki kagem para maos PS. Mula irahane ya kaya kuwi. Nuwun.

Suparto Brata

Dipacak:

Panjebar Semangat, no.38, 20 September 2008

Tags:

0 comments to "SASTRA JAWA MENYANG THAILAND"

Leave a comment