Srawungku Karo Sastra Jawa

Home » » Cathethan Tumrap "Trem"- Suparto Brata

Cathethan Tumrap "Trem"- Suparto Brata

Diambil dari Yosep Bambang's Weblog

MAREM. Kuwi sing penulis rasakake sawise rampung maca Trem: Antologi Crita Cekak (Suparto Brata 2001). Akeh bab kang nuwuhake rasa marem kuwi mau, ing antarane: (1) crita-crita sing kaemot ora cekak-cekak banget, nanging rada dawa malah kepara ana sing dawa, (2) “kurun” wektu sing suwene 33 tahun, (3) tema-tema sing “bervariasi,” (4) “posisine” Suparto Brata minangka pengarang Jawa kang “konsisten,” (5) bab dialek sing digunakake. Perkara-perkara wigati wiwit saka nomer (1) nganti (5) ing dhuwur perlu andharan sing luwih rinci.
1. Crita cekak “dawa”

Umume, crita cekak ing jagading sastra Jawa modern kuwi bener-bener cekak. Ora ateges crita sing cekak kuwi ora apik. Akeh crita cekak sing bener-bener cekak apik kualitase. Contone, crita cekak karyane Anton Chekov kang kaimpun ing Selected Stories: Stories of Russian Life (Anton Chekov 1996). Lan ing jagad sastra Jawa modern dhewe, crita cekak kang bener-bener cekak ya akeh sing apik. Nanging bareng maca Trem, penulis duwe panemu yen jan-jane crita cekak sing dawa utawa rada dawa kuwi luwih nengsemake yen diwaca. Panemune penulis sing kaya mengkene ini ora merga penulis mung kepengin “ngalembana” marang Suparto Brata---sanadyan pengarang senior iki luwih saka pantes oleh pangalembana.

Kanthi crita cekak kang rada dawa utawa dawa, cetha yen Suparto Brata ora rumangsa diwatesi anggone ngrakit ukara kanggo mbangun critane. Iki perkara sing penting banget. Olehe ngudhar gagasan bisa “maksimal.” Malah, kanthi crita kang dawa, Suparto Brata bisa “senggal-senggol mrana-mrene,” tegese crita-critane ora mung “sekedhar crita,” nanging kebak gagasan-gagasan penting, klebu “kritik sosial” sing mateng marang sapa bae: mbuh kuwi penggedhe negara mbuh kuwi rakyat cilik. Amarga ora rumangsa diwatesi dening cupete halaman media, mbuh kuwi majalah utawa tabloid (kaya cerkak “Kerisku Kasangsaranmu” tau kaemot ing tabloid Jawa Anyar), Suparto Brata bisa “bebas berekspresi.” Dadi, alur critane lancar, saengga kepenak diwaca. Ora ana “kesan” kesusu-susu olehe marep munggel crita.

Ing kene banjur ana pitakon, ya kuwi, apa amarga Suparto Brata kuwi pengarang senior banjur majalah lan tabloid padha maklum lan gelem menehi panggonan kang jembar kanggo panjenengange? Bab iki wallahualam. Sing cetha, crita cekak kang kaimpun ing Trem beda saka crita cekak umume sing pancen cekak. Bab iki uga ngemu teges, yen jan-jane para pengarang Jawa kang karya-karyane kapacak ing majalah kaya Panjebar Semangat lan majalah basa Jawa liyane kuwi durung maksimal olehe ngetokake kawasisane ngarang. Kerep pengarang Jawa rumangsa kudu enggal-enggal mungkasi critane amarga yen dawa-dawa ora ana panggonan kanggo ngemot crita mau. Mula saka kuwi, yen ana media sing mirunggan aku yakin yen akeh pengarang Jawa sing bakal bisa nyipta karya kaya ‘Bapa’ Suparto Brata.

2. “Kurun” wektu sing suwene 33 tahun

Wiwit “Trem,” cerkak wiwitan ing antologi nganti “Kerisku Kasangsaranmu,” crita kang pungkasan, ana “kurun” wektu kang suwene 33 tahun. Ing “Atur Sapala,” Suparto Brata (2001: v-vi) mratelakake, “Kanthi babare Trem, diajab gegambaran lan sejarahe sastra Jawa gagrak anyar bisa saya cetha lan antuk apresiasi sing salaras mungguhing bebrayan agung Jawa. Aja nganti ana panemu menawa sastra Jawa kuwi mung sastra majalah sing sakeplasan wektu banjur ilang.” Dak kira, tanpa nulis kang kaya mangkono, apa sing kaemot ing Trem wis dadi bukti kang tan bisa dibantah. Sanadyan kanggone Suparto Brata sacara pribadi antologi iki dadi bukti minangka ‘ketokohan’ lan kasetyane ing jagad sastra Jawa modern, kanggo sastra Jawa sacara umum pancen Trem nduweni sumbangan kang banget aji. Ajine, antologi iki bisa dadi bukti manawa sastra Jawa gagrak anyar nduweni karya kang bisa nembus ruang lan wektu. Kajaba saka kuwi, antologi iku uga nuduhake sanadyan Suparto Brata ‘ndobel,’ tegese ya nulis ing basa Indonesia, kasetyane nulis ing basa Jawa ora perlu “diragukan.” Akeh pengarang Jawa sing muncul sedhela banjur ilang, utawa akeh sing banjur oncat mring sastra Indonesia lan ninggal sastra Jawa kanggo salawase. Nanging Suparto Brata terus bae nulis karya-karya sastra Jawa sing nengsemake. Gandheng Suparto Brata wiwit nulis karya sastra Jawa ing tahun 1958 tumeka saiki, ateges wis 45 tahun panjenengane “berkarya.” Limang tahun maneh ganep setengah abad. Prestasi sing pantes cinathet nganggo tinta emas!

Kanthi nyemak Trem, dak kira pengarang-pengarang Jawa sing pancen setya marang sastra Jawa bisa sinau akeh saka ‘Bapa’ Suparto Brata. Jenenge wong sinau ora kudu ketemu langsung karo priyayine, nanging bisa bae cukup maca karyane. Kawasisane ngrakit ukara, mbangun crita, lan uga klebu gawe ending, nuduhake yen Suparto Brata pengarang sing gamben. Bab iki ora mokal amarga ing crita pungkasan (“Kerisku Kasangsaranmu”), paraga protagonis, “aku,” akeh sinau saka pengarang-pengarang sing duwe jeneng arum ing jagading sastra ‘dunia’ kayata John Dos Passos, Arthur Conan Doyle, Sherwood Anderson, Ring Lardner, Theodore Dreiser, Lloyd C. Douglas, Robert Penn Warren lan sak panunggalane. Yen “aku” iki bisa diwaca minangka Suparto Brata pribadi, tegese kita kabeh bisa mangerteni yen kawasisane pengarang senior iki nganggit crita ora mung marga “bakat alam,” nanging uga karana sinau mempeng. Prof. Budi Dharma ing Solilokui mratelakake yen jenenge bakat kuwi mung sak persen lan “kerja keras” 99 persen. Lan, Trem iki mujudake asil kerja kerase Suparto Brata sajroning puluhan taun. Mula, sithik-akeh, sejarahe Suparto Brata minangka pengarang Jawa nuduhake sejarahe sastra Jawa modern, utawa diwalik: sejarahe sastra Jawa gagrak anyar ora bakal komplit yen ora nggepok senggol Suparto Brata. Muga-muga para pengarang Jawa sing isih enom-enom lan semangate makantar-kantar bisa sinau saka panjenengane.

3. Tema-tema sing “bervariasi”

20 crita cekak kang kaemot ana ing antologi iki paribasane “rujak,”ana segere, ana pedhese, ana asine, lan ana uga legine. Ana crita perjuangane (“Elinga Semangat 49,” “Jam Malam”), ana crita kanthi setting jaman Jepang (“Nglari Nakagawa,” “Bulik Rum”), ana crita bab pengabdian marang negara (“Kamar Sandi,” “Wong Gedhe,” lan uga “Elinga Semangat 49”), ana perkara katresnan antarane jalu lan wanita (“Trem,” lan “Kabar Saka Sanatorium”), lan lelakone wong cilik saben dinane (“Slendhang Bang-bangan,” “Rampog,” “Perkutut”), sarta crita kang ngandhut tema religius, “Diamput, Sepatuku Ilang Nduk Mejid”). Malah, crita ngenani ‘kesenimanan’ ya ana, ing antarane “Pangigit-igit” lan “Kerisku Kasangsaranmu.”
Yen kita mung kepengin maca kanggo sekedhar hiburan, Trem ora nguciwani. Minangka crita, cerkak-cerkak sing kaemot mujudake crita sing nengsemake. Upamane, crita sing dadi judhule antologi iki, yakuwi “Trem.” Kanthi suasana kang seger lan dinamis, Suparto Brata mbangun crita kepriye Dulmawi lan Ijah sing wis “tir padha irenge, sir padha senenge,” nggandheng wong tuwane dhewe-dhewe amrih lelorone bisa jejodhoan. Crita sing ditulis ing tahun 1960 iki bisa mujudake crita sing “abadi.” Nyatane diwaca ing dinane iki ya tetep nengsemake lan tetep krasa kontekstual. Bisa bae ing Surabaya utawa ing sadhengah papan ana wong jejodhoan gara-gara ketemu ing bis kota kaya lelakone Dulmawi lan Ijah iki.

Sabanjure, yen kita kepengin maca kanthi krenteg sing luwih “serius,” bisa dikandhakake yen saperangan gedhe crita cekak ngandhut ‘pesen-pesen’ kang wigati. Upamane, ing “Elinga Semangat 49,” kita bisa mrangguli anane paraga kang wis lali marang ‘semangat perjuangan,’ yakuwi Drs. Wiratma. Nalika jaman perang dheweke melu maju ing palagan nundhung penjajah, bareng wis merdika nyekel panguwasa lan mung mburu senenge dhewe. Saka rumangsane Drs. Wiratma, wong cilik kuwi ora melu nduweni negara, sing nduwe mung wong sing ndhisik melu perang.

Drs. Wiratma lali yen tanpa bantuane rakyat cilik, perjuangan kuwi ora bakal kasil. Lan crita cekak iki ditulis dening Suparto Brata ing taun 1963, tegese sadurunge madege Orde Baru! Apa kira-kira yen para panguwasa Orde Baru maca crita cekak iki (amarga akeh-akehe pancen wong Jawa!), lakuning bangsa iki ana bedane ya? Kanthi pitakon iki penulis kepengin mratelakake yen jan-jane karya sastra sing “kritis” utawa “vokal” kuwi ora mung karya sastra Indonesia, mbuh kuwi tulisane Rendra, Gunawan Mohammad, swargi Rama Mangunwijaya, apadene karyane Pramoedya Ananta Toer lan liya-liyane. Nyatane ing tahun 1963 Suparto Brata wis “ngelikake” para panguwasa negara liwat crita cekake!

Ing crita-crita bab lelakone para rakyat cilik, kita uga bisa mrangguli perkara-perkara penting, kayata yen wong cilik kuwi jan-jane wong-wong sing manut-miturut marang para penggedhe, yen wong cilik kuwi nrima ing pandum, ora kakehan polah. Pancen sadurunge ngrumangsani cilike, sok-sok ana bae sing duwe tumindak sing klebu “kaduk wani kurang duga.” Contone, ing crita cekak “Rampog.” Paraga protagonis, Pak Somat, kepeksa ngrampog amarga wis nyambutgawe puluhan tahun tetep bae mlarat lan ora bisa nyukupi butuh. Nanging ing pungkasaning crita, Pak Somat nyebar dhuwit asiling ngrampog merga ora kuwat dirasani dening kanca-kancane lan banjur ngudarasa, “Woo, aku ora kuwat drajat dadi wong sugih!” (Suparto Brata 2001:201). Sanadyan rada angel katampa yen Pak Somat sing pegawe endhek lan mlarat pendhak dinane iki wani ngrampog, pesen sing bisa kita tampa cetha: wong cilik kuwi kudu ngrumangsani olehe dadi wong cilik, ora sah neka-neka. Nanging kepriye yen uripe kesrakat? Saka saperangan gedhe crita cekak ing Trem, Suparto Brata kaya-kaya nuduhake marang kita kabeh yen kesrakate wong cilik kuwi merga pokale wong gedhe utawa para panguwasa sing kudune mikirake wong cilik. Dak kira pesen-pesen kang mangkene iki tetep bae kontekstual tumrap kanyatan bebrayan agung kita minangka bangsa Indonesia, ora mung wong Jawa. (Bab iki bakal dak udhari maneh ing perangan (4) ing ngisor). Sabanjure, crita “Diamput, Sepatuku Ilang Nduk Mejid” perlu oleh kawigaten kang mligi. Kanthi alur kang muyeg lan gawe guyu, crita iki ora mung menehi hiburan marang sing maca. Nanging kanthi lelakone Yadiran sing “nggemesake,” kita oleh pitutur becik, yakuwi yen wong urip ngono kudu tansah eling lan manembah marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Upama Yadiran ora sembahyang Jumatan, sepatu anyare ora bakal ilang. Nanging, nyawane sing bakal ilang. Gandheng dheweke Jumatan dheweke bisa kalis saka ing kacilakan, sanadyan kelangan sepatu anyar. Minangka crita cekak kang paling cekak ing Trem, “Diamput, Sepatuku Ilang Nduk Mejid” klebu crita cekak sing mentes lan dadi salah sijining favorite penulis. (Bakal dak andharake maneh ing perangan (5) ing ngisor). Kanthi mangkono cetha yen tema-tema crita cekak ing Trem kuwi “bervariasi,” saengga diwaca ora mboseni utawa ora ndadekake kesel. Kayadene rujak sing seger, malah kita kepara kepengin tanduk maneh …

4. “Posisine” Suparto Brata

Posisi sing penulis karepake ing kene paling ora magepokan karo rong perkara. Sepisan, posisine Suparto Brata ing tengah-tengahing para pengarang sastra Jawa modern. Ing babagan iki, kita wis mangerteni yen panjenengange ‘tokoh’ penting. Hadiah Rancage sing tau ditampa dening Suparto Brata salah sijine amarga panjenengange sawijining tokoh penting ing sastra Jawa modern. Lan bab iki dak kira ora perlu diandharake maneh. Kaping pindhone, posisine Suparto Brata ngengingi sikepe minangka sastrawan. Iki sing dak anggep luwih penting oleh andharan kang mirunggan ing tulisan iki.

Panguripane pengarang saben dinane kuwi asring banget kagawa mring karangane. Bab iki ora mung ana ing jagad sastra Jawa modern nanging uga ing sastra masyarakat ngendi bae. Pengarang sing lair ing kutha, saben dinane urip ing kutha wiwit cilik tumeka tuwa, upamane, bakal ngasilake karya sastra kanthi ‘kelir’ (nyilih istilahe kadang Sugeng Wiyadi ing PS No. 27, 5 Juli 2003) utawa setting papan utawa panggonan kutha. Suwalike, pengarang kang lair lan urip ing ndesa ya bakal migunakake desa minangka setting-e. Pengarang kaya Turiyo Ragilputra upamane, sing lair ing desa lan urip ing desa, meh kabeh critane sing kaimpun ing Layang Saka Alun-alun, kang ngemot 30 crita cekak, migunakake setting panguripan padesan. (Kumpulan crita cekak iki durung awujud buku, nanging siap terbit dadi buku; mung kari nunggu penerbit sing bisa utawa gelem nerbitake. Penulis oleh ‘kiriman khusus’ saka pengarange).

Suparto Brata ya mangkono. Ing cerkak-cerkak kang kaimpun ing Trem, racake para paraga protagonis-e kuwi wong cilik. Mbokmanawa iki amarga pengarang ing saben dinane tansah ‘bergaul’ karo wong cilik. Utawa, amarga Suparto Brata dudu wong gedhe kang ateges dudu panguwasa peprentahan.

Kanthi paraga protagonis sing akeh-akehe wong cilik, Suparto Brata nyawang lan ngrasakake urip lan panguripan iki saka “sudut pandang”-e wong cilik. Kanthi mangkono, Suparto Brata minangka pengarang duwe sikep “kepengarangan” utawa “kesastrawanan” sing maton, yakuwi bisa diarani minangka coronge wong cilik. Panemune penulis kang kaya mangkene iki kudu diwaca saka asiling maca cerkak-cerkake ing antologi Trem. Bisa bae Suparto Brata nduweni sikep sing beda ing novel-novele. Nanging nitik saka “kurun” wektu sing suwe, 33 taun---wiwit “Trem” sing ditulis ing taun 1960 nganti “Kerisku Kasangsaranmu” sing ditulis ing taun 1993---dak kira pancen sikep iki sing dikukuhi dening Suparto Brata. Ing istilah kang asring kita rungu utawa mangerteni ing jagad sastra Indonesia, bisa dikandhakake yen karya-karyane Suparta Brata kuwi duwe “tingkat keterlibatan sosial” sing dhuwur. Eman, bab iki kaya-kaya durung tau dirembug ana ing kritik sastra Jawa modern. Ing buku Keterlibatan Sosial Sastra Jawa Modern (Poer Adhie Prawoto, ed. 1991), “keterlibatan sosial”-e Suparto Brata kayane uga durung disenggol. Salah sijining penulis ing buku kasebut, Ratna Indriani, malah ora nggarap perkara iki, nanging nulis bab crita detektife Suparto Brata.

Ing dhuwur wis penulis aturake yen “latar belakang” urip saben dinane pengarang kuwi asring kagawa ing karangane. Dadi ora aneh yen ta Suparto Brata “memposisikan diri” dadi “wakiling” para rakyat cilik kang wani ngritik para penggedhe negara. Ing cerkak-cerkak kayata “Elinga Semangat 49,” “Wong Gedhe,” “Jam Malam,” lan “Pangigit-igit,” kritike wong cilik marang penggedhe klebu tajem. Ing kene njur ana pitakon, apa marga sastra Jawa ora oleh kawigaten sing mirunggan dene kritik sosiale Suparto Brata lolos saka sensor pemerintah? Bab iki perlu panaliti sing luwih jero. Sing cetha, ing jagading sastra Indonesia ana sastrawan sing karyane dibredel lan pengarange dibui utawa paling ora diawasi dening pemerintah. Nanging eloke, Suparto Brata tetep bae bisa nulis karya sastra sing ngandhut kritik sing tajem tanpa ana apa-apa kang tumanduk marang dheweke.

Ing crita-crita liyane, wiwit saka “Trem,” “Slendhang Bang-bangan,” “Rampog,” “Seksi Saka Menara,” “Diamput, Sepatuku Ilang Nduk Mejid,” “Oh, Jumirah,” tumeka “Perkutut,” Suparto Brata nyritakake lelakoning urip wong-wong cilik, rakyat biasa, para sing melu ndarbeni negara iki nanging tetep bae rekasa. Kanthi milih subyek utawa paraga protagonis saka golongan rakyat biasa iki, kita bisa mangerteni yen Suparto Brata pancen darbe sikep kepengarangan sing makili para rakyat cilik. Ing sastra Jawa modern, bab iki pancen ora aneh. Meh kabeh, utawa kabeh pengarang sastra Jawa modern bisa dikandhakake nduweni sikep kang kaya mangkene, yakuwi nyuwarakake panjeriting wong cilik. Nanging, kanyatan yen Suparto Brata wiwit taun 1963 wis “wani” ngritik para penggedhe negara liwat “Elinga Semangat 49” lan konsisten ngritik, iki kang---antara liya---gawe bombonge sastra Jawa modern.

5. Dialek sing digunakake

Lair ing Solo banjur urip ing Surabaya ndadekake Suparto Brata “sugih” ing bab dialek. Lan rata-rata pengarang Jawa sing lair lan urip ing Jawa Timur pancen “sugih” ing babagan iki. Ing Trem, crita-crita cekake Suparto Brata ora mung rinakit nganggo dialek Jawa Tengah (utamane Solo lan Yogyakarta), nanging uga ana “Jawa Timurane,” yakuwi “Trem” lan “Diamput, Sepatuku Ilang Nduk Mejid.”

Kanggone penulis sing lair lan urip ing Jawa Tengah, sanadyan maca crita cekak loro iki kanthi rada “grothal-grathul,” crita loro iki nambahi “segere” Trem. Maca sinambi mbayangake Dulmawi, Ijah, lan Yadiran, sing padha ngomong nganggo dialek Surabaya kanthi wirama kang cepet ndadekake penulis asring mesem dhewe. Pranyata crita kang nengsemake kuwi ora kudu tinulis ing dialek Solo utawa Yogya. Gandheng pengarang Jawa kuwi saka sadhengah papan, saiba “sugihe” sastra Jawa modern yen kadhang kala para pengarang mau migunakake dialek basa Jawa ing wewengkone dhewe-dhewe. Ora sah wedi yen ora nganggo dialek Solo utawa Yogya (sanadyan penulis dhewe ya mung ngerti dialek Solo utawa Yogya iki). Ora sah wedi yen ana pandakwa yen ora nganggo basa Jawa “standar.”

Sanadyan ing Jawa dhewe akeh sing ngarani yen dialek Solo utawa Yogya kuwi dialek basa Jawa sing standar, ana pengamat saka njaban rangkah sing malah mbiji yen jan-jane basa Jawa standar kuwi ora ana. Dr. Ward Keeler, sawijining Mahaguru Antropologi saka Texas University, Austin, Texas, Amerika Serikat, ing bukune Javanese: A Cultural Approach (2001:xxii), mratelakake yen “But there is hardly such a thing as ‘standard’ Javanese.” Lan panganggepe Dr. Keeler iki ora mung waton, amarga panjenengange nate lenggah ing Klaten mataun-taun ing tahun 1970-an, nyantrik ing sawijining dalang kondhang ing Klaten wektu semana. Lan buku kasebut ing dhuwur mujudake buku wulangan basa Jawa kanggo wong asing sing digunakake ing universitas-universitas ing Amerika.

Mula saka kuwi, “Trem” lan “Diamput, Sepatuku Ilang Nduk Mejid,” malah nambahi nyese Trem. Saupama crita loro iki ora ditulis nganggo basa Jawa Timuran, mbokmanawa bakal dadi crita sing beda. Mula ing dhuwur dak aturake yen sanadyan “Diamput, Sepatuku Ilang Nduk Mejid” kuwi crita sing paling cekak ing Trem, crita iki mujudake salah sijining favorite penulis.
Sing uga narik kawigaten, kadhang kala Suparto Brata ya migunakake basa Inggris ing critane, kayata ing “Jam Malam.” Perkara iki ya apik-apik wae ing sastra Jawa. Gandheng ing babagan iki Suparto Brata nyritakake Saripman, sawijining penggedhe militer ing jaman perang sing sawise merdika dikirim sekolah menyang Amerika lan ketemu wong Walanda sing tau ditugasake ing Indonesia, dadi basa Inggris ing kene malah gathuk karo suasana crita sing dibangun. Seselan basa apa bae ing sastra Jawa ora dadi masalah angger trep karo kontekske.

Panutup

Kanthi babare Trem, para paraga lan sutresna sastra Jawa modern utawa gagrak anyar pancen bisa rumangsa bombong. Nyatane, sastra Jawa modern ya ora paceklik nemen-nemen ing babagan mutu utawa kualitas, utamane ing babagan crita cekak. Mbuh arep diarani sastra majalah utawa sastra tabloid, nyatane bareng didadekake buku ya apik. Tegese, ing babagan kualitas, sastra Jawa modern bisa terbit ing ngendi bae, ora kudu wujud buku. Nanging yen bisa awujud buku, ora gumantung majalah, kuwi wis mesthi luwih apike.

Ing pangajab, muga-muga Trem iki bisa dadi tonggak “kebangkitan”-e sastra Jawa modern. Ora ateges Trem mung siji-sijine ukuran. Karyane Jayus Pete, Kreteg Emas Jurang Gupit sing uga oleh Rancage mesthine ya bisa dadi ukuran. Banjur ana maneh Jangka, antologi crita cekak karyane Suwardi Endraswara (1994). Dak kira ya akeh maneh pengarang sing wis cepak-cepak pengin nerbitake cerkak-cerkake. Kita tunggu kabeh kuwi mau kanthi kebak ing pangarep-arep.

Kajaba kuwi, perlu uga publik sastra Jawa modern mikirake kepriye supaya karya-karyane pengarang sing wis kapundhut dening Gusti bisa terbit dadi buku. Cerkak-cerkake Esmiet, umpamane, mesthi akeh sing bisa diandelake kualitase. Kanthi karyane kang awujud 12 buku, 177 crita sambung, lang 1.075 crita cekak (PS No. 33, 16 Agustus 2003), wis mesthi akeh crita cekake sing luwih saka pantes kaimpun ing antologi, malah mbokmanawa ora mung siji utawa loro nanging luwih saka iku. Uga karya-karyane Tamsir AS lan isih akeh maneh liyane. Yen “pekerjaan rumah” sing gedhe-gedhe kaya mangkene kanggone publik sastra Jawa bisa maujud, pangarep-arepe Suparto Brata---ya pangare-arepe kita kabeh---supaya sastra Jawa gagrak anyar “antuk apresiasi sing selaras mungguhing bebrayan agung Jawa” bisa enggal kasembadan. Nuwun.Pucang Gading, pungkasan September 2003
(Kapacak ing Panjebar Semangat No. 46, 2003)



Tags:

0 comments to "Cathethan Tumrap "Trem"- Suparto Brata"

Leave a comment