Dari Yosep Bambang's weblog
1. Pambuka
SASTRA Jawa (modern) lagi ‘kewahyon.’ Lagi bae penulis rampung ngrembug novel Chandikala Kapuranta (Sugiarta Sriwibawa, 2002) ing PS No. 39-41, 2004, kanthi pangajab amrih sawise novel iki banjur ana novel basa Jawa sing kandel, lha kok mak brol, panyuwun iki keturutan. Ora ngenteni ganti minggu paribasane, penulis oleh pawarta yen tanggal 13 Oktober 2004, manggon ing Pusat Kebudayaan Perancis ing Surabaya, dianakake launching utawa ‘peluncuran’ Donyane Wong Culika (DWC), sawijining novel karyane ‘Bapa’ Suparto Brata. Tanpa ngurangi ‘apresiasi’ marang kabeh sastrawan Jawa kang tansah sengkud makarya kanggo nyipta karya sastra kang ‘bermutu,’ DWC cetha-cetha ngangkat drajade Sastra Jawa saengga kita kabeh kang isih tresna lan duwe kawigaten marang sastra Jawa bisa melu ngrasakake marem. Gampange kandha, publik sastra Jawa saiki ora perlu isan-isin mbiwarakake marang sak sapaa bae yen isih seneng maca sastra Jawa, utamane sawise maca DWC. Samono uga, para sastrawan Jawa bisa ‘duduk sama rendah, berdiri sama tinggi’ karo sastrawan liyane. Yen iki dianggep pangalembana marang DWC pancen bener---amarga pancen pantes nampa pangalembana, nanging pangalembana marang DWC ora mung mligi kanggo novel iki lan pengarange, nanging bisa sumrambah marang sastra Jawa secara umum. (Ing perangan pungkasan saka tulisan iki, penulis bakal ngrembug perkara ‘momentum’ kang didarbeni dening sastra Jawa ing wektu iki amarga kababare DWC.)
Pangalembanane penulis marang DWC ora mung amarga novel iki kandel (mbokmanawa mujudake novel Jawa paling kandel), nanging luwih-luwih amarga isine. Ngengingi perkara kandele novel, iki ya ana sing narik kawigaten kanggo dirembug. Sing cetha kita kabeh bisa ndeleng blegere, ngrasakake antebe, lan mbokmanawa krasa ‘pedhes’ mripat kita amarga ora entek-entek kaca mbaka kaca kita bukaki sajroning maca novel iki. Nanging mripat kang ‘pedhes’ iki oleh ijol ati lan pikiran kang sigrak, amarga novel iki bisa mbukak ati lan pikiran kita ngengingi akeh perkara. Mula, perkara isining novel iki kang banget wigati kanggo diudhari. Sanajan akeh perkara penting ing DWC, ing tulisan iki penulis ora bisa ngrembug kabeh mau. Bab-bab sing penulis rembug ing kene ing antarane: Sepisan, ‘kurun wektu’ penulisan DWC kang luwih saka 20 (rong puluh taun). Kapindo, ‘tegangan’ ing antarane crita lan gagasan. Cethane, Suparto Brata ora mung crita ing novel iki, nanging akeh ngudhar gagasan wigati liwat para paraga utawa tokoh-tokohe. Kaping telune, perkara ‘beban sejarah’ kang kita sandhang---ora mung minangka wong Jawa nanging minangka wong Indonesia. Kaping pat, penulis bakal ngrembug bab ‘momentum’ sing pas kanggo ‘revitalisasi’ sastra Jawa kanthi terbite DWC.
‘Kurun wektu’ ciniptane DWC
Miwiti maca DWC, sadurunge crita kawiwitan, ana perangan kang banget narik kawigaten ing kaca sawise sawatara ‘komentar’ saka para winasis tumrap Suparto Brata. Sengaja ing kene penulis nyuplik kanthi wutuh perangan kang nuduhake kapan DWC iki wiwit katulis nganti rampung: Katulis ing Surabaya, 16 – 26 Desember 1979. Kabecikake ing Surabaya, 7 September – 28 September 1992. Diketik komputer lan disampurnakake ing Surabaya 18 September – 5 Desember 2000. Dikoreksi kawasanan, 15 Maret 2001. Gunggung kepruk, Suparto Brata mbutuhake wektu kurang-luwih 22 taun kanggo nyampurnakake DWC sadurunge diterbitake dening Penerbit Narasi, Yogyakarta, ing taun 2004. Pitakon sing tuwuh saka wektu kang suwe iki: apa pancen Suparto Brata mbutuhake wektu kang samono suwene kanggo ngrampungake novel siji? Yen ora, geneya lagi saiki DWC diterbitake?
Mbokmanawa pitakon ing dhuwur bisa bae ora ana pedahe arepa diwangsuli kanthi dawa. Tegese, bisa bae bab iki mung perkara lumrah. Nanging, kosok baline, pitakon iki bisa banget narik kawigaten---lan pancen penting, mbuh kuwi saka ‘sudut pandang’ sejarah, sosiologi pembaca sastra, ekonomi apa dene ‘sudut pandang’ sosial-politik ing negara kita. Sing cetha, penulis ora percaya yen mung kanggo ngrampungake novel siji, Suparto Brata mbutuhake wektu kang samono suwene. Apa maneh yen nitik saka ‘derese’ karya-karyane sasuwene iki. Karomaneh, nitik saka lancare alur crita, sadurunge lair dadi tulisan, crita iki kaya-kaya wis mateng ana ing ciptane pengarange. Utawa, kanthi tembung liya, Suparto Brata wis ‘nggarbini tuwa’ mung kari nglairake critane ing tulisan. Kanthi pawadan ‘asumsi’ kang kaya mangkene, mula penulis ngudarasa bab ‘suwene’ novel iki sadurunge kababar.
Diwawas saka ‘sudut pandang’ sosiologi pembaca sastra Jawa, apa kira-kira Suparto Brata ngenteni anane ‘minat baca’ sing dhuwur ing kalanganing wong Jawa sadurunge nerbitake novele? Kita kabeh mangerteni, sing jenenge sastra sacara umum kuwi dudu barang penting kanggone bebrayan kita. Sing seneng maca sastra ya mung pengarang, saperangan ‘kalangan akademik,’ lan wong-wong sing pancen seneng sastra sing gunggunge ora sepiraa. Sajroning puluhan taun kok kaya-kaya ora ana owah-owahan gedhe ing babagan iki. Apa maneh ing donyane sastra Jawa, wiwit ndhisik tumeka saiki ‘grafik’ gunggunge pembaca iki mbokmanawa ora munggah-munggah; nanging padha bae utawa malah kepara mudhun. Mula saka kuwi, yen anggone Suparto Brata mbutuhake wektu sing suwe kanggo mbabar DWC amarga ngenteni ‘melek sastra’ ing kalanganing wong Jawa, kok kira-kira alesan iki ora bener. Cethane, dudu merga perkara iki DWC lagi saiki kababar.
Kepriye yen saka ‘sudut pandang’ ekonomi? Mesthi bae bab iki tetep gegayutan karo perkara sosiologis. Sacara umum, ekonomine bebrayan Jawa luwih apik yen katandhingake karo kahanan ing pungkasaning taun-taun 1970-an utawa wiwitan 1980-an. Nanging kahanan ekonomi sing luwih becik iki ora ateges wong Jawa dadi luwih sregep tuku buku lan banjur maca buku. Ora bisa dianggep mangkono. Akeh wong duwe dhuwit, akeh wong sugih, nanging ora padha gelem maca. Apa maneh maca sastra Jawa. Mula saka kuwi, ‘daya beli yang meningkat’ babar pisan ora bisa diwaca minangka luwih payune buku-buku sastra Jawa. Kajaba saka kuwi, tumeka saiki ya tetep langka penerbit sing wani nerbitake buku-buku sastra Jawa. (DWC didhuwiti dhewe dening Suparto Brata---iki keterangan sing bisa penulis mangerteni saka makalah “Konstelasi Donyane Wong Culika Dalam Dunia Penerbitan Sastra Jawa: Sebuah Keberanian Suparto Brata” (Dhanu Priyo Prabowo, 2004). Kanthi mangkono, padha karo sudut pandang sosiologis, alesan ekonomi iki kira-kira ya dudu sebab penting kena ngapa DWC lagi kababar saiki.
Banjur, apa amarga ‘faktor’ sosial-politik? Iki pancen ‘menarik’ dirembug. Akeh pitakon sing bisa kita ajokake ing perangan iki. Umpamane, apa kira-kira Suparto Brata pancen ngenteni ambruke rejim Orde Baru? Sak sapaa bae kang kepengin naliti DWC ing gegayutane karo sejarah lan kahanan sosial-politik ing Indonesia, umpamane,---kajaba kudu maca novel iki kanthi njlimet--- mesthi bae mbutuhake katerangan langsung saka pengarange. Tegese, ing kene pancen apa sing dadi pamikire Suparto Brata ngengingi kahanan sosial-politik lan sejarah bangsa iki uga kudu dibabar. Geneya penulis duwe panemu sing kaya mangkene, marga sawuse rampung maca, penulis mikir-mikir yen novel iki terbit ing jaman Orde Baru, DWC bisa mujudake novel kang banget ‘sensitif.’ Bisa-bisa nasibe kaya saperangan karya sastra sing banjur ‘dilarang beredar’ dening Kejaksaan Agung. Mbokmanawa iki sing dadi ‘faktor penentu’ geneya lagi ing taun 2004 Suparto Brata nerbitake DWC, ora ing taun-taun nalika Orde Baru isih meger-meger nyekel panguwasa ana ing negara kita. Kanthi pawadan iki uga, mula penulis milih sesirah (judul) ing dhuwur. Cethane, tumeka dina iki, kita minangka bangsa Indonesia pancen isih nyandhang ‘beban sejarah’ kanthi anane prastawa G 30 S PKI utawa Gestok. Tumeka dina iki kita ora ngerti persis pira cacahing jiwa kang dadi banten ing prastawa iku. ‘Beban’ liyane sing kita sandhang, kita uga ora mangerteni kanthi cetha jan-jane sapa sing salah, sapa sing bener, sapa sing dadi pahlawan, lan sapa sing dadi ‘pengkhianat.’ Utawa, sapa sing sak jane culika? Kita ora mangerteni kanthi trawaca. Sing kita mangerteni, tumeka saiki, donya (Indonesia?) iki wis dadi ‘donyane wong culika.’ Iki sing kanthi cetha diwartakake dening Suparto Brata liwat DWC. Bab iki bakal penulis rembug maneh ing perangan ngisor kanthi luwih dawa.
Kanthi ngaturake bab-bab ing dhuwur---geneya DWC butuh wektu nganti luwih saka 20 taun sadurunge terbit---kita bisa nduweni ‘kesimpulan’ yen sastra---kang serius mesthi bae---mujudake karya seni kang ‘rumit’. Akeh ‘faktor’ utawa tetimbangane pengarang kanggo nerbitake karyane. Samono uga, karya sastrane dhewe, ora bisa uwal saka kahanan lan ombyaking jaman lan masyarakate. DWC mujudake karya sing kaya mangkene iki. Mula bareng terbit, DWC mujudake novel Jawa kang pancen ‘kompleks’ banget. Penulis yakin yen tulisan iki mengko mung bakal dadi tintingan kang mung sepala bae ora. Tegese, yen kandele DWC 535 kaca, ‘kajian’ utawa tintingan sing bakal bisa katulis dening sapa bae ing tembe bisa tikel-tekuk kandele. Lan bab tintingan (utawa kritik utawa apresiasi) iki dudu krana kandele DWC nanging luwih-luwih amarga isine sing kompleks kuwi mau. Kita darbe akeh conto karya sastra kang tansah oleh tintingan tumeka kapan bae.
Sing cetha, wektu rong dasa warsa luwih kang dibutuhake dening Suparto Brata kanggo ngrampungake lan nerbitake DWC dudu wektu kang muspra. Malah kosok baline. Saka ide utawa gagasan, novel iki ‘mateng.’ Saka critane, peni. Saka teknik critane, uga mujudake novel kang beda saka salumrahe novel. Mula saka kuwi, ing perangan ngisor mengko kanthi mligi penulis uga bakal ngrembug perkara ‘tegangan ing antarane crita lan gagasan.’ Kajaba saka iku, ing ‘daya kreativitas’-e Suparto Brata, sepisan maneh kita ngadhepi bukti nyata yen basa Jawa kuwi pancen basa kang endah. Para winasis ing babagan ilmu bahasa (linguistik) bisa nganakake panaliten kanthi njlimet ngengingi basa Jawa ing novel iki. Gandheng penulis ora pana ing babagan iki (amarga dudu bidange penulis), penulis mung bisa ngaturake yen DWC bisa dianggep minangka ‘revitalisasi basa Jawa tulis.’ Sapa bae sing sasuwene iki nguwatirake mblerede basa Jawa tulis, sawise maca DWC ora perlu was-sumelang maneh. Basa Jawa tetep bisa dienggo nulis crita kang dawa, tetep bisa dienggo ngudhar lan mbabar ide utawa gagasan-gagasan kang penting. Lan penulis kira ora ana salahe yen basa Jawa uga pantes kanggo sarana nulis ‘ilmiah.’ Basa Jawa ora mung kanggo ular-ular temanten apa kethoprakan utawa dhagelan. (Nuwun sewu, yen tetep ana sing durung mantep, mangga maos kemawon DWC). Muga-muga ing tulisan iki isih ana papan kanggo ngrembug bab endahing basa Jawa ---sanadyan mung sethithik.
Kanthi apa sing wis penulis aturake ing dhuwur, penulis uga kepengin mratelakake yen sing jenenge karya sastra pranyata bisa ‘dikoreksi’ sadurunge siap terbit. DWC malah dikoreksi makaping-kaping. ‘Konsekuensine,’ pancen dibutuhake wektu kang suwe kanggo sampurnane. Nanging bab iki uga ana risikone. Kanthi anane owah-owahan jaman lan tatanan, bisa bae DWC malih saka crita kawitan. Utawa ‘jalan cerita’ sing dikarepake pengarange bisa dadi beda banget. Iki bisa mujudake ‘pelajaran’ penting marang kita kabeh: yen kita kepengin ngasilake karya sing mateng, ya pancen kudu dibelani rekasa. Pitakon sing ana: saliyane Suparto Brata, sapa ya sing gelem ngoreksi karyane dhewe makaping-kaping lan nganti taunan sadurunge karya mau diterbitake? Iki pitakon kang banget penting amarga, kita kabeh ing pungkasan mangerteni, yen karya kang digarap kanthi tumemen bakal ora nguciwani. Kanthi terbite DWC, sepisan maneh penulis ambali, para sastrawan lan pembaca sastra Jawa mesthi melu ngrasakake kumandhange.
2. ‘Tegangan’ ing antarane crita lan gagasan
KITA mesthi sarujuk yen ing mula buka, novel kuwi crita. Tegese, kasil lan orane utawa apik lan orane sawijining novel gumantung marang critane. Yen critane apik, digarap kanthi becik, perangan-perangan (unsur-unsur) liyane sing mbangun novel mau uga apik. Ing bab crita, DWC nengsemake. Maca critane, kita bisa ngrasakake saiba rasa-pangrasa kita kasendhal-sendhal: kadhangkala kita ngrasakake seneng, kadhang nelangsa. Ing sawijining perangan kita melu ‘emosional,’ ing perangan liyane kita bisa bae mesem kecut. Bisa uga kita duwe pangigit-igit amarga ana paraga kang kejem miturut ukuran lumrah. Nanging ora mung sepisan utawa kaping pindho bathuk kita njengkerut amarga mikir banter ngengingi sawijining perkara kang kababar dening Suparto Brata.
DWC critane ‘kompleks.’ Crita sing ruwet-njlimet iki njupuk setting papan ing tlatah Purworejo lan sakupenge, setting wektune taun-taun sadurunge lan sawise dahuru geger PKI taun 1965. Iki papan lan wektu sing baku sing dadi rangkane novel. Nanging, gandheng critane njlimet nyangkut paraga kang akeh banget lan perkara kang amba bawera, mula DWC uga ngengingi wektu-wektu kepungkur suwe sadurunge prastawa 1965 dumadi lan sawise prastawa kasebut. Ngengingi setting papan crita, Jakarta, Surakarta, Yogyakarta lan sawatara papan liyane ya melu katut ngrenggani isining novel. Paragane akeh, saengga angel kita temtokake sak jane sapa ta paraga utamane novel iki: Kasminta? Tukinem? Pratinah? Apa Den Darmin? Apa Sukardi Pak Guru? Kabeh paraga iki penting. Kajaba kuwi isih akeh maneh paraga liyane sing uga penting.
Sing narik kawigaten, Suparto Brata mara novel kang kandele 535 kaca iki mung dadi telung bab (perangan); Bab I: Kasminta, Bab II: Tukinem, lan Bab III: Pratinah. Saka ‘teknik bercerita,’ Suparto Brata bisa dikandhakake rada ngowahi pakem. Umume, alur crita sawijining novel iku maju, utawa mundur, utawa campuran. Nanging ing DWC iki, apa sing wis dicritakake ing perangan siji banjur dicritakake maneh ing perangan loro lan telu kanthi ‘sudut pandang’ kang beda. Mesthi bae ora persis padha, ana sing ditambah ana sing disuda ing kana-kene. Ana uga bab-bab anyar sing durung dibabar ing perangan siji utawa loro banjur lagi dicritakake ing perangan telu. Kanthi teknik crita kang kaya mangkene, bab sing paling nengsemake ya kuwi kita bisa ‘mbiji’ sawijining paraga, umpamane Kasminta; ora mung saka ‘satu sudut pandang’ nanging uga saka pandang liya. Cekake, gambaran ngengingi pribadine Kasminta, Tukinem, apadene Pratinah, lagi lengkap kita mangerteni sawise rampung anggon kita maca novel kanthi tuntas. Ora bisa kita ndeleng Kasminta mung saka perangan utawa bab I, umpamane.
Kanthi migunakake Kasminta, Tukinem, apadene Pratinah minangka sesirah utawa judul perangan I, II, lan III, bisa dikandhakake yen sarining crita pancen ana ing paraga telu iki. Kasminta sawijining paraga sing ambyur dadi anggota PKI lan sawutuhe ngrumansani yen PKI bakal dadi dalan kanggo kamulyane rakyat cilik. Dheweke wis bosen dadi wong mlarat. Dheweke lunga saka ndesane, Dhukuh Bangkuning, ‘berjuang’ minangka anggota PKI. Bareng PKI kalah Kasminta banjur bali mulih menyang ndesane kepengin miwiti urip anyar. Dene Tukinem, sawijining guru kang banjur leren anggone dadi guru sawise omah-omah karo Sukardi, kang uga guru, wis mangerteni Kasminta wiwit cilikane. Tukinem bisa dikandhakake dadi antagonis-e Kasminta amarga dheweke anti-PKI. Lan Pratinah, anake Dhalang Pratignya kang omah-omah karo Srimadu, dadi wong sing bisa ‘memanfaatkan’ kisruhe swasana sosial-politik jaman semana kanggo ngeruk keuntungane awake dhewe. Kajaba saka iku, isih akeh maneh paraga penting liyane, kayata Sukardi, Den Darmin, Ki Pratignya, Srimadu, Ndara Kanjeng Jodi, Susmanta, Saksana lan sateruse.
Tukinem sekolah ana kutha Sala banjur sesambungan raket karo Sukardi; sawise padha lulus banjur omah-omah lan dadi guru ana desane Tukinem. Pratinah sing dadi muride Sukardi banjur nresnani gurune, nanging ora kasembadan. Kasminta dhewe tau arep tumindak keladuk lan murang tata marang Tukinem sing banjur ndadekake Tukinem sengit salawase urip marang Kasminta. Kasminta dhewe ya duwe ati marang Pratinah lan sengit marang Tukinem apadene Sukardi. Pratinah banjur oncat saka desa amarga kepedhotan tresna, lunga menyang Jakarta sesambungan karo priya sing pranyata gawe wirang-isin ibune nalika isih mudha. Ing Jakarta Pratinah malih dadi ‘gadis metropolitan’ sing wasis-pinter ing samubarang. Ing pungkasan dheweke bali menyang desa mburu katresnane marang Guru Kardi. Ing pungkasan crita, Pratinah pralaya ing tangane Guru Kardi sing pranyata mung gagah dedeg-piadege nanging wong lanang kang ora nglanangi. Guru Kardi dhewe mati ngendhat, dene Kasminta ambyar angen-angene olehe arep mbangun urip anyar amarga kapikut dening punggawa negara lan konangan yen dheweke anggota PKI.
Saka critane, DWC pancen muyeg. Nanging kekuwatane novel iki ora mung ana ing crita. Saka gandheng-ceneng ing antarane paraga siji lan sijine, ing antarane prastawa siji lan liyane, Suparto Brata nyelipake gagasan-gagasan utawa ide-ide ngengingi maneka-warna perkara: perkara urip bebrayan agung, perkara moralitas, sesambungan ing antarane negara lan rakyat, perkara agama lan religiositas (agama lan religiositas manut andharane swargi Romo Mangunwijaya ing buku Sastra dan Religiositas kuwi ora padha). Kajaba saka iku, Suparto Brata uga duwe gagasan-gagasan ngengingi militer (tentara) ing negara kang lagi perang lan ora perang, uga gagasan kang magepokan karo sastra lan seni, lan uga saiba bangsa iki (bangsa Indonesia) ora bisa sinau saka sejarah; ana maneh perkara gender lan liya-liyane. Akehing gagasan utawa ide iki ndadekake DWC sawijining novel kang ‘kenthel’ utawa ‘pekat.’
Mung emane (apa pancen disengaja?), kabeh gagasan iki mau kawedharake dening akeh paraga. Bisa dikandhakake yen Suparto Brata ntlusup mlebu ing pikirane para paraga ing DWC. Pratinah, umpamane, sanadyan pendhidhikan formal-e mung SMP, dheweke wasis crita ing samubarang: perkara seni, sastra, kabudayan, politik lan isih akeh maneh. ‘Pergaulan’ ibu kota nyulap Pratinah dadi wanita pinter basa manca, utamane Inggris lan Perancis, pinter nembang, nyanyi, njoged, dansa. Dheweke tansah eling marang piwulang luhur saka ibune, Srimadu, nanging uga nindakake urip kang bebas sak bebas-bebase. Samono uga, gagasan-gagasan utawa ide-idene pengarang kababar liwat paraga-paraga liyane, umpamane liwat Den Darmin, Sukardi, Ndara Kanjeng Jodi, Saksana, lan uga liwat Srimadu.
Kenapa bisa mangkono, iki uga sing narik kawigaten. Bisa bae bab iki pancen disengaja dening Suparto Brata. Amarga, kanthi akehing gagasan utawa ide, rasane pancen angel banget yen kabeh gagasan kuwi mau mung kababar liwat salah sijining paraga. Srimadu, umpamane, gandheng dheweke duwe trah kraton, mula baud ing seni lan budaya. Perkara loro iki pancen dipredi tenan saengga dheweke wasis ing bab seni lan kabudayan Jawa. Dene perkara-perkara kemiliteran (tentara) dibabar liwat Den Darmin, sawijining pensiunan tentara (pensiun amarga karepe dhewe---sawise perang nglawan penjajah rampung dheweke emoh maneh dadi tentara sebab manut pamikire, yen negara ora duwe mungsuh paling-paling tentara bakal mbedhili bangsane dhewe). Bab wawasan-wawasan global lan modernisasi, umpamane, kababar liwat sawijining dhokter, yakuwi Dokter Stefi Tjia, ndhisike anggota TP sing banjur sinau kedokteran ing Amerika Serikat sawise perang rampung. Ya nalika urip bareng karo dhokter iki (tanpa ningkah!) Pratinah sinau basa lan seni budaya manca. Bisa uga, gagasan-gagasane Suparto Brata ‘mengalir’ ngono bae sairing karo menggak-menggoke crita, saengga saben paraga gelem ora gelem kudu nggawa ‘beban’ medhar gagasan kuwi mau. Yen iki sing dumadi, tegese pancen ora bisa diendhani. Mung bae, banjur ana ‘kesan’ yen para paraga iki manungsa-manungsa kang lantip, pinunjul, lan wasis ing samubarang. Gelem ora gelem ‘pembaca’ bakal mikir yen para paraga iki mau mujudake ‘representasi’ pengarange ing babagan ngandharake gagasan-gagasane. Nanging sacara umum, ing pungkasan---utawa sawuse rampung maca novel---bab iki mau ora pati penting. Sing luwih wigati, DWC mujudake crita kang muyeg lan kebak ing gagasan-gagasan penting kuwi mau.
Mokal ing tulisan iki penulis ngrembug kabeh gagasan penting sing ana. Amarga papan kang cumpen, penulis mung bisa ngaturake sawatara gagasan pentinge pengarang. Ing bab kabudayan, umpamane, ana perkara penting kudu kepriye kita wong Jawa iki nduweni ‘sikap’ ing jaman modern iki. Nalika Kasminta ngrasani Guru Kardi geneya marem duwe bojo Tukinem sing ora bisa duwe turun---tegese minangka wanita Jawa Tukinem ora komplit bisa macak, masak, manak (ing pungkasan crita kita mangerteni pranyata Sukardi sing ora sampurna olehe dadi wong lanang), Pratinah kandha:
“… Pikirane wong lanang Jawa waras sing modern wis ora ngono maneh. Manut Tuwan Cheng Hoo, cekelan urip sing modern kuwi wis beda, wis owah, wis diwori pikiran cara urip sing nyocogi kahanan anyar. Tegese kecampuran cara uripe wong Landa, Cina, Arab, kang mlebu mrene sarana liwat teknologi, ekonomi, agama, lan sapanunggalane. Kabeh diurap dadi pikiran modern, bisa nglakoni urip kepenak ngadhepi jaman anyar, sarana ngecakake teknologine wong Jerman, ekonomine wong Cina, agamane wong Arab, kabudayane wong Jawa aseli. Kudu gelem campur lan nyampur, lan ora bisa mung nengenake sing mligi, sing aseli, sing murni, upamane mung nengenake kabudayane wong Jawa thok, sing liya prek! …” (kaca: 75-76).
Den Darmin, ‘tokoh kontroversial’ sing pungkasane dipateni dening PKI ing tengah sawah (lan amarga saka kuwi anake wedok Den Mintarti dadi owah pikirane), pilih metu ora dadi tentara sawise rampung perang. Nalika Guru Kardi takon geneya metu olehe dadi tentara, dheweke wangsulan mangkene:
“Lha wong ora ana perang. Tentara kuwi gunane rak perang, mbelani negara, mbelani bangsa. Lha yen bangsa wis ora duwe mungsuh, rak ya prajurite kudu leren. … Eman, ta, yen manungsa kaya aku ngene nganggur ngethekur dadi prajurit, lan kudu dibayari negara. Prajurit ora jaman perang rak nganggur, nanging tetep dibayari negara, didulang negara. Kuwi wong sing ora produktip. Yen wong nganggur nggawa bedhil ing negarane dhewe sing ora perang, mesthi sing dibedhili ya bangsane dhewe! Mesthi! Lha kuwi sing aku emoh! Nyawijine bangsa iki tumrapku kang utama kudu daklabuhi ing sajrone ngaurip. Anggonku nyawijekake sarana labuh ngusir penjajah wong manca, dakrewangi toh pati. Nanging yen wong manca wis lunga, cara nyawijekake bangsa kuwi aja kasaran, aja nganti peksan, aja ndhesegake benere dhewe. Apa maneh nganggo mbedhili bangsa dhewek. Oo, kuwi dosa gedhe!” (kaca 129).
Ing perangan-perangan liyane ing DWC, gagasan-gagasane Den Darmin kang kaya mangkene iki akeh. Salah sijine sing penulis pethal ing kene yakuwi: “Mula rampung perang karo Landa, Indonesia mardika satus prosen, aku njaluk metu saka tentara. Yen terus dadi tentara, aku kuwatir kudu ngayahi prentah kaya neng Ngawi kuwi, mbedhili bangsaku dhewek. Kamangka Indonesia wis mardika, ora duwe mungsuh tentara manca. Aku metu saka tentara kanthi rumangsa dosa. Dosa mateni bangsa dhewek. Sanajan kuwi wong komunis. Aku ora tega. (kaca 149).
Liwat paraga Den Darmin, mesthine bisa bae kita darbe ‘interpretasi’ yen kanggone Suparto Brata cara-cara ‘kekerasan militer’ kanggo merangi utawa mbedhili bangsa dhewe kuwi mesthine ora katindakake. Nanging kita mangerteni, sajroning pirang-pirang puluh taun bab iki tetep bae dumadi ing negara kita. Iki sing mujudake salah sijining ‘beban sejarah’ kang bakal penulis rembug ing ngisor.
Isih akeh gagasan-gagasan penting liyane ing DWC. Gandheng ora bisa dibabar kabeh ana ing kene, becik kita tandhesake maneh yen kanggone Suparto Brata, novel ora mung perkara gawe crita sing apik, sing gayeng, utawa sing rame. Luwih saka kuwi. Nanging novel uga mujudake sarana kanggo menehi ‘sumbangan pemikiran’ marang bebrayan agung bangsa iki. Nitik saka wektu kang suwe kanggo nyampurnakake DWC, Suparto Brata mesthine kepengin supaya DWC iki duwe ‘makna nyata’ kanggo urip bebrayan kang luwih becik, ora mung dadi sawijining novel Jawa kang gampang dilalekake. Ing mula buka novel pancen crita, nanging ing pungkasan novel mujudake crita kang duwe ‘makna’ kuwi mau.
3. Kita lan ‘beban sejarah’
JAN-JANE kepriye prastawa G 30 S PKI kuwi? Sapa sing merjaya para jenderal? Apa bener PKI? Yen ora banjur sapa? Akeh maneh pitakon ngengingi salah sijining dahuru paling nggegirisi ing negara kita iki. Tumeka saiki, isih ana panemu sing beda-beda ing antarane para sejarawan. Mula kuwi saperangan gedhe ing antarane kita dhewe ya melu-melu ora ngerti. Sanajan ing tulisan iki penulis ora arep ngrembug sejarah, nanging sastra---utamane DWC, ana becike ing kene penulis miwiti saka bab iki amarga ‘isu sentral’ ing novel iki pancen ngengingi urip lan panguripaning wong akeh amarga anane geger ing taun 1965 iki. Bali marang ‘interpretasi’ sapa ta jan-jane sing merjaya para jenderal sing banjur dadi geger nggegirisi kuwi, penulis kepengin nyuplik panemune sawatara ahli sejarah saka Amerika Serikat iki:
“The crisis burst before dawn on October 1, 1965, when a group of middle-rank officers assassinated six senior generals and proclaimed their own assumption of power under Sukarno’s aegis. In Indonesia the coup is officially attributed to the PKI; foreign scholars diverge widely in their interpretations. At any rate it was the aftermath of the coup---suppressed within a day by forces shrewdly deployed by General Suharto---that was decisive” (In Search of Southeast Asia: A Modern History dening David Joel Steinberg, ed., 1987: 424).
Pethikan iki menehi gambaran yen jan-jane pancen isih tetep ana ‘misteri’ ing suwaliking prastawa ing taun 1965 kasebut. Resmine (versi pemerintah Orde Baru), ing Indonesia sing kadakwa nindakake raja pati kuwi mau pancen PKI. Nanging Steinberg lan para kolegane ya nandhesake yen ing antarane para sarjana manca ana ‘interpretasi’ kang maneka warna utawa beda-beda. Ya iki sing dadi sanggan utawa ‘beban’ sejarah kita kabeh minangka bangsa. Ora anane ‘kepastian’ iki ndadekake kita mung bisa ‘meraba-raba dalam kegelapan’. Sing luwih ‘misterius’ maneh, Sejarah Indonesia Modern ya ora bisa menehi ‘kepastian’ ngengingi pira nyawa sing dadi banten ing geger gedhe kuwi. David Joel Steinberg lan para kancane sing nulis buku kasebut mung bisa ngandhakake yen “Hundreds of thousands were massacred, systematically and---most awfully---without resistance. (Estimates of the number of victims range, shakily, from fewer than a hundred thousand to a million …)” (In Search of Southeast Asia, 1987: 424). Sauntara kuwi Dr. Asvi Warman Adam, ing perangan “Epilog” ing buku Memoar Pulau Buru (Hersri Setiawan, 2004: 593) nyebutake “Jumlah korban tewas dalam pembantaian itu berkisar dari 78.000 orang (menurut Fact Finding Commission) sampai 3 juta jiwa seperti diakui Komandan RPKAD Sarwo Edhi.”
Ing kene kita bisa duwe dudutan yen sakjane sejarah kuwi ora mung perkara ‘fakta’ nanging uga perkara ‘interpretasi.’ Isih ditambah maneh karo sapa sing nyekel panguwasa, amarga panguwasa iki sithik-akeh sing nemtokake sejarah. Kajaba saka kuwi, kadhang kala ing antarane sejarah karo fiksi kuwi angel dibedakake. Novelis Saskia Wieringa, sing uga ilmuwan sosial, ing perangan “Kata Pengantar” novele kang asesirah Lubang Buaya (2003) malah nulis mangkene: “Fiksi atau sejarah? Banyak sejarawan masa kini berpendapat bahwa semua sejarah adalah fiksi. Tak ada fakta, hanya diskursus yang selalu berubah dan dipengaruhi oleh kekuasaan.” (Novel iki asline ditulis ing basa Walanda lan dijarwakake mring basa Indonesia dening Tatiana Utomo).
Resmine, Suparto Brata dudu sejarawan. Nanging DWC mujudake sumbangan penting tumrap sejarahe bangsa iki. Minangka salah sijining warga negara kang melu dadi seksi geger taun 1965, mesthi akeh perkara penting kang ora luput saka panggraitane. Gandheng Suparto Brata sawijining sastrawan, mula wis trep yen sing dicipta kuwi novel, dudu buku sejarah. DWC kang multi interpretable (nduweni makna utawa teges maneka warna gumantung sapa sing maca) ing kene mujudake salah sijining ‘interpretasi’ tumrap prastawa-prastawa sejarah kuwi mau. Mulane penulis ngaturake ing dhuwur yen novel iki penting saka ‘sudut pandang’ sejarah. Pentinge ya kuwi amarga novel kang kaya mangkene iki bisa dikandhakake bisa ngisi ‘lubang-lubang sejarah’ sing isih kosong. Kepriyea bae teks-teks sejarah ora bisa nyakup kabeh ‘fakta’ lan kabeh ‘interpretasi,’ saengga DWC bisa dadi salah sijining alternatif---sanadyan sifate literer.
Sing bisa kita semak, apa sing kababar ing DWC mujudake kahanan urip lan panguripaning manungsa Jawa sing langsung utawa ora langsung ana gegayutane karo prastawa taun 1965. Para paragane kanthi cetha menehi gemgambaran marang kita ing bab iki. Kasminta sing mlarat gampang diobong dening para pimpinan PKI supaya brontak, amarga mung kanthi brontak rakyat cilik sing mlarat duwe keyakinan bakal ndarbeni negara lan bisa makmur. Bisa bae jan-jane dheweke ora ngerti apa ta tegese dadi PKI utawa apa ta tegese ‘berjuang.’ Nanging, gandheng kahanan---mlarat lan rekasa sing ora ana enteke---dheweke melu-melu. ‘Pelajaran’ penting ing kene: wong-wong kaya Kasminta (wong cilik) kuwi gampang diobong. Mula banjur uga katelah akar rumput. Om Son, utawa Kapten Saksana nalika semana, mujudake gegambaran sawijining anggota militer kang banjur urip enak-kepenak sawise PKI kabrasta. Kita bisa ndeleng-nyekseni dhewe yen akeh jenderal lan petinggi militer urip mubra-mubru tumeka dinane iki amarga puluhan taun nyekel panguwasa (nanging Den Darmin emoh!). Dene Pratinah mujudake gegambaran ngengingi sapa bae sing pinter ‘memanfaatkan kesempatan’ saka situasi lan kondisi sing semrawut lan ora karu-karuan. Kajaba saka iku, Suparto Brata uga mbabar urip lan panguripaning wong akeh liyane sing panggaotan lan drajade beda-beda. Kanthi cekak, bisa dikandhakake yen kanthi anane geger PKI taun 1965 ora ana anggota masyarakat sing ora kena ‘dampake,’ (mbokmanawa) tumeka dinane iki. Ana sing untung utawa diuntungake, ana sing cilaka utawa digawe cilaka. Lan, sing mesthi: akeh wong culika! Kaya-kaya donya iki wis dadi donyane wong culika!
Sing uga bisa kita semak, Suparto Brata ora nduweni ‘tendensi’ utawa ‘pretensi’ menghakimi ana ing DWC. Ana upaya ing novel iki yen pengarang kepengin ngadeg ing tengah-tengah, dudu ‘ekstrim kanan’ utawa ‘ekstrim kiri’ (yen istilah iki pas). Sejarah versi pemerintah (Orde Baru), cetha: PKI kuwi kudu dibrasta, kudu cures, amarga elek. Malah anak-turune wong-wong sing pancen dadi anggota PKI klebu sing mung dianggep PKI isih ngrasakake ‘stigma’ kaya ngene iki tumeka saiki. Lan ora ana sing wani ngaku sedulur utawa permili marang anake PKI. Ing DWC dhewe ana perangan kang kanthi cetha nuduhake bab iki, yakuwi nalika Mbok Sali lan Kasminta rembugan bab Painem, sawijining bocah lola:
“Terus wong tuwane Painem?” Kasminta kelingen biyene. Mbok Sali yen ngomong mesthi muter-muter ora karuwan, sok nganti lali pokok omongane sakawit.
“Kiye wong pasir. Wong tuwane biyen galake eram, melu bengok-bengok baris. Melu kuwasa. Bareng dina piwalesan, bapake ilang. Emboke gemluntung ing pinggir segara. Painem nangis kekintrang nunggoni biyunge sing wis tanpa nyawa. Ora ana sing wani nglaruhi. Terus, aku pinuju golek iwak ing segara. Melas weruh bocah cilik nangis mbrengengeng. Banjur, banjur dakgawa mulih mbrene. Akeh wong sing ngelikake, kuwi anake PKI, aja diopeni, mengkone bakal dadi bibit ala maneh. Nanging aku mesakake. Dakopeni sabisa-bisaku. Saprene.”
“Ora diurus karo permiline?”
“Ora ana sing ngaku permili, wong anake PKI. Ya saprene ngono kuwi, wong aku dhewe ya dadi wong kesrakat.” (kaca 13)
Gandheng ‘stigma’ iki ditanemake krana sistematis sajroning puluhan taun marang bangsa iki, mula bangsa Indonesia dhewe kaya-kaya pancen ya nduweni anggepan kang mangkono. Ing ngendi papan, wong sing isih tedhak turune anggota PKI utawa sing dianggep PKI mesthi ngrasakake beban sejarah iki. Kosok baline, para sing langsung utawa ora langsung nyengkuyung PKI, duwe versi yen Pemerintah Orde Baru kuwi elek, ora ngregani ajining manungsa. Kita bisa nyemak bab iki umpamane saka Nyanyi Sunyi Seorang Bisu (1995) karangane Pramoedya Ananta Toer lan uga Memoar Pulau Buru (2004) karangane Hersri Setiawan. Buku loro iki padha-padha nyritakake pengalamane pengarange ing Pulo Buru. Bedane, ‘vonis’-e Pramoedya yen Orde Baru kuwi elek luwih krasa tinimbang Hersri. Sing padha ing antarane Pemerintah Orde Baru lan Pramoedya utawa Hersri: loro-lorone ora ngandhakake eleke dhewe, nanging apike dhewe.
Lha, Suparto Brata dhewe ing DWC, kaya sing penulis aturake, ngupaya ana ing tengah-tengah. Kejeme tentara anggone mbedhili bangsane dhewe kuwi ora apik, ora perlu ditindakake. Samono uga, organisasi-organisasi bawahane PKI sing baris pendhak bengi ngrusak katentremane bebrayan desa ya ora becik. Cara nggayuh kamulyan ora grudag-grudug kaya ngono kuwi, ora meksa lan merjaya. Loro-lorone---Orde Baru lan PKI---ana eleke, ana kejeme. Penulis kira minangka salah sawijining seksi geger PKI, Suparto Brata---kaya kita kabeh---duwe beban sejarah sing ora entheng. Yen novel iki wiwit katulis ing taun 1979, tegese wis pirang taun Suparto Brata nyunggi ‘beban’ iki? Kita kabeh---sepisan maneh---darbe beban sejarah iki. Geger taun 1965 ngowahi tatananing urip bebrayan agung kita minangka bangsa. Urip dadi ireng-putih, ala-apik, aku-kowe, panguwasa-sing dikuwasani lan sapanunggalane. Cilakane maneh, saperangan gedhe bebrayan kita ora mangerteni kanthi trawaca endi sing bener, sejarah sing bener. Kabeh sarwa peteng, utawa saora-orane remeng-remeng. Mula kanthi kababare DWC, novel iki bisa dadi alternatif ndeleng lan ngrasakake prastawa taun 1965 saka ‘perspektif’ liya, tegese dudu saka perspektif pemerintah Orde Baru apadene PKI.
Bisa uga Suparto Brata krasa lega sawise sampurna nulis novel iki. Sanggan kang abot paling ora bisa dadi rada entheng. Bisa uga kita uga ngrasakake mangkono. Nanging kita ora kena lali yen mbokmanawa wis dadi sipate bangsa kita sing pancen seneng padudon, crah, rebut kuwasa, rebut bener lan sateruse. Ing pewayangan, kita bisa sinau yen sawise perang gedhe Baratayuda, kahanan donya banjur dadi sirep. Manungsa padha lerem. Yen geger PKI taun 1965 bisa kita anggep minangka perang Baratayuda, kudune bubar kuwi bangsa iki tentrem. Nanging kanyatane ora. Edrek-edrekan rebutan apa bae isih tetep dumadi ing negara kita tumeka dinane iki. Ing kene cetha yen bangsa kita pancen ora bisa sinau saka sejarah: yen perang sedulur kuwi tundhone mung bakal gawe bubrahe tatanan urip. Perang sedulur ora kudu bedhil-bedhilan utawa paten-patenan (sanajan teka saiki tetep bae ana ing negara kita), nanging uga perang paham, ngelek-elek golongan liya mung ngapik-apik golongane dhewe. Perkara penting iki uga kang dadi rembug ana ing DWC. Lan mesthi bae kahanan kang kaya mangkene iki bakal gawe pitunane wong akeh utawa rakyat. Wong-wong kang culika kaya-kaya ora saya suda nanging malah saya tambah. Sing narik kawigaten, Suparto Brata percaya banget yen seni budaya, utamane sastra, jan-jane bisa gawe manungsa duwe bebuden kang apik. Emane, ngandhani para pemimpin bangsa iki ngengingi pentinge sastra paribasane kaya wong bengok-bengok ing ara-ara kang sepi samun.
Bali marang beban sejarah sing kita sandhang, kita ora mangerteni kapan sejarah sing bener bakal kawiyak. Bisa bae ora bakal dumadi. Sak-obyektif-obyektif-e sejarah, isih tetep subyektif, gumantung sapa sing nulis lan sapa sing kuwasa. Sak-obyektif-obyektif-e sastrawan sing migunakake prastawa sejarah minangka rangkaning crita, uga isih nduweni sudut pandang sing subyektif. Mbokmanawa bangsa iki pancen ora bakal uwal saka beban sejarah. Nanging paling ora, kaya sing penulis babar ing dhuwur, DWC bisa dadi salah sijining cara kanggo ndeleng lan ngrasakake prastawa-prastawa sejarah taun 1965, sadurunge lan sawuse, kanggo ngrasakake ruwet-rentenging manungsa kang kena ‘dampak’ prastawa mau, tumeka dinane iki.
4. DWC: ‘Momentum revitalisasi’ Sastra Jawa?
TEMBUNG ‘revitalisasi’ sing penulis karepake ing kene tegese dudu nguripake maneh sastra Jawa---wong nyatane sastra Jawa ora tau mati; nanging nyegerake, menehi ‘semangat’ anyar. Arep menehi teges ‘renaisans’ kok penulis ora wani, sanajan tembung iki bisa uga nduweni teges mangkono. Ing ‘konteks’ sastra Jawa klasik, istilah ‘renaisans’ iki pancen nate dienggo dening salah sijining ahli saka Walanda, Th. Pigeaud. Kanthi nyuplik Pigeaud, S. Margana, ing bukune kang asesirah Pujangga Jawa dan Bayang-bayang Kolonial (2004: 47-48), mratelakake yen ‘periode renaisans’ iki dening Pigeaud kasebut kanthi istilah ‘restorasi’ nalika jaman kraton Surakarta sawise taun 1745. Ing jaman iki akeh sastra Jawa klasik kang kajarwakake mring basa Jawa anyar (modern) lan uga ciniptane sawetara karya sastra anyar. Soebardi, sawijining ahli liya---mangkono S. Margana mratelakake---negesi ‘renaisans’ ora mung ‘kebangkitan kembali’ sastra Jawa nanging uga sumrambah marang kabudayan Jawa umume. Nanging uga perlu kita cathet yen istilah iki uga nuwuhake ‘pro’ lan ‘kontra’ (keterangan sawutuhe bisa diwaos ing buku kasebut).
Banjur kepriye sastra Jawa saiki? Apa pancen perlu ‘revitalisasi’? Kanggone penulis, wangsulane perlu lan banget. Mesthi bae iki sawijining usulan; ditampa apa ora kuwi gumantung para sastrawan Jawa dhewe amarga para sastrawan sing lelumban ing jagading ‘penciptaan.’ Kena ngapa ‘revitalisasi’ sastra Jawa ana perlune? Kanthi kababare DWC, kita bisa duwe akeh ‘argumentasi.’
Kanggo penulis pribadi, bleger-wadhag buku dadi ‘daya tarik’ sing penting banget. Ndeleng buku sing kandel, kacithak kanthi becik, iki wis bisa nuwuhake rasa kepengin ngerti (curiosity) sing gedhe. Banjur maca sakebet, rong kebet, kok apik, nyenengake; ya wis, tegese buku kuwi ‘enak dibaca dan perlu’ (melu-melu semboyane majalah Tempo). Nalika sepisanan ndeleng blegere DWC, penulis kaya-kaya ora percaya---nanging nyata. Bareng rampung maca, komplit wis rasa marem. Sastra Jawa seger sumyah!
Wis suwe tradisi sastra buku ing sastra Jawa nemahi kahanan stagnant utawa mandheg. Buku-buku sastra Jawa sing kasil penulis waca yen ora mujudake owah-owahan wujud saka crita sambung ya kumpulan cerkak utawa kumpulan geguritan. Golek buku drama seprana-seprene mung oleh siji, Gapit: 4 Naskah Drama Berbahasa Jawa (Bambang Widoyo SP, 1998). Dene novel sing asli novel kang tegese ora tau dipacak minangka crita sambung ing kalawarti bisa dietung nganggo driji---iku bae mung tangan siji, kang tegese arang banget. Mula kanthi kababare DWC, penulis kira iki bisa dadi ‘momentum revitalisasi’ sastra Jawa. Yen ana novel kaya DWC sepuluh iji bae, kahanan sastra Jawa mesthi bakal beda banget saka saiki!
Pepalang pancen isih akeh; sing mesthi, golek penerbit sing gelem nerbitake. Iki pancen angel. Ngaca saka sing dumadi tumrap DWC---sing didhuwiti dhewe dening Suparto Brata---mesthine ora akeh pengarang sastra Jawa sing wani nekad. Nanging bab iki penulis kira tetep ana dalan utawa carane (ing kalodhangan liya penulis kepengin ngrembug perkara iki kanthi mligi). Yen wis kasil terbit, sawijining buku sastra Jawa durung mesthi payu. Mula kita tunggu bae, kepriye ‘nasibe’ DWC. Ning pangirane penulis, yen masyarakat Jawa pancen ngarep-arep anane karya kang saka critane ‘menghibur’ lan penting saka segi isi lan tema-ne, Suparto Brata ora bakal rugi sacara ekonomis sanajan penulis yakin, dudu perkara ekonomi kang dadi tetimbangane pengarange saengga wani nerbitake DWC. Nanging becik kita tunggu kepriye ‘respons’ masyarakat Jawa. Gandheng saiki basa Jawa dadi ‘mata pelajaran wajib’ wiwit SD nganti SMA, mesthine (ing angen-angene penulis) saben perpustakaan SMA (durung ngetung SMP apadene SD) ing Jawa Tengah, Jawa Timur, apadene DIY nduweni novel iki. Yen pancen mangkono, sedhela bae DWC bakal ‘cetak ulang.’
Nanging, sing kepengin penulis tandhesake ing kene, perkara bisa terbit apa ora, payu apa ora mbokmanawa pancen becik dipikir keri. Sing luwih penting, para sastrawan Jawa kudu gumregah mikirake nyipta karya kang temen-temen ‘layak jual.’ Nanging perkara iki pancen ora gampang. Kita kabeh mangerteni, akeh-akehe para sastrawan Jawa anggone padha nyipta sastra (nulis) kuwi mung samben. Iki penulis kira uga mujudake salah sijining ‘hambatan’ kena ngapa tumeka saiki tradisi sastra buku ing sastra Jawa tetep durung katon manjila. Penulis yakin, para sastrawan Jawa mesthi ya padha durung ‘puas’ kanthi nyipta geguritan lan cerkak, mesthi ya padha kepengin nyipta novel (lan drama?). Mula kanthi terbite DWC, kita kabeh bisa oleh tambahan semangat. Kanggone para sastrawan, terbite DWC mesthine bisa ‘memotivasi’ kanggo ngasilake karya kang luwih apik, dene kanggone pembaca menehi grengseng kanggo luwih sregep maca sastra Jawa.
Mula ing wektu-wektu kang bakal teka, becik kita pikirake perkara iki. Pentinge sastra Jawa wis akeh kababar dening para ahli. Suparto Brata dhewe ing DWC ya akeh ngandharake perkara iki. Karo ngupaya kepriye wong Jawa padha seneng maneh maca sastrane dhewe, penulis kira para sastrawan Jawa kudu wiwit cepak-cepak ngupayakake ‘revitalisasi’ karya-karyane. Yen sasuwene iki isih akeh pengarang sing gumantung marang kalawarti (sing ora sepiraa cacahe) kanggo nerbitake karyane, wiwit saiki becik duwe ‘orientasi’ kanggo nerbitake buku. Tegese, perlu mikir-mikir kepriye amrih bisa nyipta novel. Bab wektu sing suwe kanggo nulis novel mesthine ora dadi masalah. Nulis cerkak mbokmanawa bisa sedina rong dina dadi, apa malah mbokmanawa ana sing mung butuh wektu rong jam utawa telum jam. Dene nyipta geguritan, mbokmanawa bisa luwih cepet maneh (ana sawijining panggurit sing tau ngendika marang penulis yen sedina kadhang bisa nyipta geguritan cacah telu, papat, utawa lima). Nanging kanggo nyipta novel? Suparto Brata butuh 22 taun kanggo nyampurnakake DWC! Mesthi bae saben pengarang duwe endurance (‘daya tahan’) lan ‘vitalitas’ dhewe-dhewe. Mbokmanawa ana sing mung butuh wektu setengah taun utawa setaun kanggo ngrampungake novel siji. Kabeh gumantung marang ‘permasalahan’ sing digarap lan wektu longgare saben pengarang.
Perkara penting maneh saka DWC kang bisa kita semak yakuwi ‘pengembangan topik’ crita. Ing kene kita dadi ngerti saiba Suparto Brata mujudake a real story teller, ahli crita sing apik tenan. Kanthi paraga pokok telu, Kasminta, Tukinem, lan Pratinah---sing tetelune wong ndesa, critane bisa dawa ora entek-entek. Nanging crita sing ora entek-entek kuwi mau pranyata ora mung ‘sekedar cerita’ kaya sing wis penulis rembug ing dhuwur. Cakupan utawa realm perkara-perkara sosial, kultural, sejarah, politik bisa dicampur kanggo mujudake crita sing peni kuwi mau. Sepisan maneh keparenga penulis nyuplik andharane Dr. Budi Darma (yen ora kleru ing majalah Horison taun 1980-an---nuwun sewu persise penulis lali) yen salah sijining ‘kelemahan’ sing diduweni pengarang Indonesia kuwi jare ora prigel ‘mengembangkan permasalahan’ kuwi mau. Penulis kira, salah sijining cara sing apik kanggo latihan ya maca crita-crita sing apik, karyane pengarang-pengarang kawentar. Kanthi mangkono, crita-crita sing penulis bayangake ing wektu-wektu kang bakal teka ora mung ngrembug perkara-perkara rumah-tangga utawa kanthi ‘ruang-lingkup’ sak RT utawa sak kalurahan, nanging ngengingi bebrayan agung, mligine Jawa lan Indonesia umume apa malah perkara-perkara donya (global). Lan ‘peluang’ iki pancen ana tur gedhe. Jaman saiki jaman ‘informasi,’ jaman apa bae kang dumadi ing perangan donya ing ngendi bae bisa kita mangerteni kanthi cepet lan ‘akurat.’ Mula kanggo gawe crita mesthi akeh ‘bahan.’ Nuwun sewu, kabeh iki mau usulan; amarga pancen penulis kepengin maca sastra Jawa kaya sastra Indonesia (paling ora) utawa sastra Inggris, sastra Amerika lan liya-liyane.
‘Beban sejarah’ ing bab ‘dunia sastra Jawa’ iki pancen abot. Mataun-taun kita tansah dielingake mbuh dening para panguwasa negara utawa para sesepuh lan pinisepuh bebrayan Jawa bab endah-adi-luhunge sastra klasik karyane para pujangga. Kabeh mau pancen bener, nanging ora perlu ndadekake kita kudu nyipta sastra kaya sastra Jawa klasik. Gelem ora gelem nyatane sastra Jawa modern wis pedhot sesambungan klawan sastra Jawa klasik ing akeh perkara. Mula, tinimbang tansah ‘mengenang kejayaan masa lalu’, ngeling-ngeling jaman semana, luwih becik mikir perkara saiki (sanajan ‘masa lalu’ sastra Jawa tetep penting). Sing ngandhut piwulang ora mung sastra klasik, nanging uga sastra modern. Sing endah edi ora mung sastra klasik, nanging uga sastra modern. Mula yen para pengarang Jawa saiki bisa maneh miwiti sastra buku, piwulang becik kang kinandhut ing karya sastra lan kaendahane bakal luwih gampang diwaca maneh, dieling-eling, didongengake marang anak-putu lan sapanunggalane. Basa Jawa sing apik, becik, lan endah ora mung basa Jawa kuna, nanging uga basa Jawa modern. Penulis percaya, cara mulang basa Jawa sing paling apik marang bocah-bocah lan generasi mudha dudu ana ing njeron ruangan kelas nanging kanthi maca karya-karya sastra kang apik. Mula ing dhuwur penulis nganggep perlu yen saben perpustakaan sekolah ing Jawa Tengah, Jawa Timur lan DIY duwe ‘koleksi’ karya-karya sastra Jawa, ora mung DWC.
Kanthi apa sing penulis aturake ing dhuwur, pentinge ‘revitalisasi’ sastra Jawa pancen kudu dipikir. Ya saiki iki ‘momentum’ sing pas. Yen Suparto Brata bisa nglairake DWC, penulis yakin pengarang Jawa liyane ya bakal bisa. Ing sastra Indonesia, buku-buku sastra sing ‘sak bantal-bantal’ kandele mung kari milih sing endi sing disenengi. Nanging ing sastra Jawa? Kandele buku paling ora nuduhake: ‘daya tahan’ nulis, mbabar apa sing dadi pamikiran lan angen-angen (imajinasi), lan ‘keseriusan.’ Ora ana lupute DWC dadi sawijining milestone, utawa tandha tumuju marang ‘revitalisasi’ sastra Jawa. Perkara bisa terbit apa ora, akeh sing maca apa ora bisa dipikir bareng-bareng, mesthi ana cara. Sing penting krenteg luwih dhisik.
Panutup
APA sing penulis aturake kabeh ing dhuwur bisa dikandhakake miwiti ngudhari utawa ngrembug novel DWC. Tintingan liya marang novel iki mesthi bakal akeh---paling ora kanggo bahan skripsi utawa tesis mahasiswa. Nanging sing luwih penting---kaya sing wis karembug ing dhuwur---yen kanthi terbite DWC iki banjur para pengarang liyane padha melu-melu nerbitake karyane kang kaya mangkene, DWC pancen nggawa berkah kanggo sastra Jawa. Dadi pentinge DWC ora mung amarga saka crita lan isine, nanging bisa ‘membakar’ semangate para pengarang liya kanggo ngasilake karya sastra kang luwih saka pantes diwaca lan diwaca maneh, dieling-eling, lan dibiwarakake marang sapa bae.
Suwalike, yen tumeka mbesuk DWC tetep ngijeni---tegese novel-novel Jawa racake isih panggah kuru-aking tipis-tipis, ya kita tetep kudu nampa yen sastra Jawa pancen anane ya kaya ngono kuwi. Mbokmanawa pancen ora ana sing perlu digelani. Karo maneh, kita wong Jawa rak pancen tansah nrima ing pandum, nampa takdir lan pepesthen. Yen sastra kita pancen kudu ngono, ya piye maneh. Kudu ditampa ta? Yen ana siji loro sing beda, iku dianggep berkah, kanugrahan kanggo kita kabeh: tegese kita wis melu handarbeni. Sumangga.
Pucang Gading, pungkasan Januari – wiwitan Februari 2005
(Kapacak ing Panjebar Semangat No. 10, 11, 12, & 13, 2005)
0 comments to ""Donyane Wong Culika", Kita lan "Beban Sejarah", (1), (2), (3), lan (4)"