Wis lumrah, pengarang nglebokake papan-papan kang dikulinani ndalem crita karangane (setting). Sastrawan kondhang saka Surabaya, Suparto Brata, uga mangkono. Seploke kecanthol Rr. Aryati, kenya saka Ngombol (Purworejo), akeh karyane sing mawa basa Jawa lan Indonesia, nganggo seting daerah mau. Lan mujudake surprise kanggone aku, nalika biyen dijak kondangan simbok taun 1960-an, jebul pengantene kakung ya Suparto Brata kang kang sawatara taun candhake mujudake pengarang kang dakgandrungi asil karyane.
ANTARANE taun 1963, kalawarti Jaya Baya ing daerah Kecamatan Ngombol – Purwodadi cukup laris. Mergane, kala semana Si Jebeng, mengkono istilahe redaksi yen yen nyebut hudyana kita iki, ngemot crita sambung Asmarani kang setinge wilayah Ngombol Kabupaten Purworejo (Jateng). Wong-wong padha eram, dene Peni (jeneng singlon Suparto Brata) minangka pengarange pana banget daerah kasebut. Ing novel mau uga dicritakake, nalika slender (stomwalls) kanggo ngratakakake dalan pirang-pirang sasi njogrog ana pinggir dalan cedhak prapatan Kembang Kuning. “Sapa ta jan-jane sing nulis Asmarani kuwi?” mengkono pitakone wong-wong daerah kasebut saben njupuk majalah Jaya Baya ana agen kios buku “Holopis Kuntul Baris” ing prapatan Purwodadi.
Wong-wong tambah penasaran, bareng ing novel mau uga nyebut jeneng tukang dhokar Sutar Budheg lan Tarwi bocah desa Ngombol. Awit ana daerah kono pancen ana tukang dhokar jeneng Sutardjo, sing uga (nuwun sewu) budheg, kebeneran dadi langganane simbok yen dhong momot beras. Banjur, jeneng Tarwi kala semana uga ana, mung dheweke dadi tentara ing Magelang lanj wektu kuwi pacaran karo kancaku ana Sekolah Rakyat, jenenge Sundari. Satemah, Jaya Baya ing daerah Ngombol – Purwodadi dadi laris manis kaya kacang goreng.
Asmarani – Donyane Wong Culika
Mung emane, bareng novel sing nyaritakake bocah wadon polahe nglanangi lan seneng ngemut permen karet mau meh tamat, pelanggan JB kaya dene “kepaten obor” aliyas ora bisa maca Si Jebeng maneh. Mergane, kanthi dadakan kios buku “Holopis Kuntul Baris” kagungane Pak Badyo mau distop minangka agen. Kala semana para sutresna JB ora ngreti apa sebabe. Kaya dene aku, nembe ngerti wewadi mau, bareng maca JB lawas (No. 27 tanggal 1 Maret 1964) sawise patang puluhan taun candhake. Ing kono disebutake: “Sarehne ora/durung netepi kuwajiban, wiwit DB No. 19 (tanggal 5 Januari 1964) kepeksa kita stop pengirimane marang agen2 kaya ing ngisor iki: ……Kios Buku Holopis Kuntul Baris, Purwodadi Kedu........
Wara-wara redaksi mau kapacak ing kaca 6, rong koloman sisih ndhuwur. Aku kang saiki wis dadi wong tuwa, maca pengumuman mau mung bisa muni: oo ngono ta! Nanging kala semana, wong-wong Ngombol – Purwodadi dadi ora ngerti maneh bacute crita Asmarani sing bendhel (basa Ngombol sing ateges genit) ning disir Pak Guru Marsam. Aku dhewe bisa maca bacute crita mau bareng wis sekolah ana Ngayogya (1966), yaiku ana perpustakaan negara Hatta Fundation Jl. Malioboro. Wujude Jaya Baya wis bendelan setengah taunan. Ana kono uga ana Layang Saka Warga kang ngritik novel Asmarani kaya dene crita sing durung rampung.
Kejaba Asmarani, ing novele sak bantal (537 kaca) kang mawa irah-irahan Donyane Wong Culika, Suparto Brata uga ngumbar paraga critane sajroning wilayah Kecamatan Ngombol – Purwodadi. Ing kono digambarake Pratinah anggone boncengan sepeda karo Pak Guru Kardi sadawaning dalan Ngombol – Ketawang. Uga ana critane si Kasminto sing nembe mulih saka paran. Ing kono digambarake wiwit saka prapatan Purwodadi, kuburan desa Pulutan, nganti tekan desa Kembangkuning. “.....Saelinge kono biyen pomahan suwung, ora ana sing wani manggon. Jare angker, apa sangar, ngono. Malah suwe ditawak-tawakake, ora payu. Ora ana sing gelem tuku. Lha ya wong pekarangan pencil, ngijeni dhewe emple dikupengi bulak. Gek sakulone bulak kuwi jaratan. Kuburan desa sing isih dienggo ngubur wong Margosari,Pulutan, Bangkuning, malah nganti wong Ngombol uga ana sing dikubur ana ing kono. (kaca 3)
Diilhami bapa maratuwa
Ing novel-novele sing basa Indonesia, Suparto Brata uga seneng nggepok daerah asale sing wadon, Rr. Aryati, sing seka desa Ngombol Kecamatan Ngombol. Ndalem roman trilogine: Gadis Tangsi, Kerajaan Raminem lan Mahligai di Ufuk Timur, tokoh Raminem disebutake asal saka Ngombol, senajan seting critane ana ing tanah Medan lan Aceh. Wongsodirdjo bojone dicritakake asal saka Bagelen Purworejo. Ngumbara tekan tanah sabrang merga lemah warisane dikangkangi mbakyune, Yu Camik. Nalika mulih saka Sumatera kanthi numpak sepur, dicritakake medhun setasiun Jenar, banjur ana sing mengalor liwat protelon Pendawa, amarga arep mulih menyang Bagelen.
Semono uga yen ing novel trilogi mau ana tokoh jeneng Lurah Nongso, ing Ngombol pancen uga ana priyayi sing jenenge Pak Nongso, pensiuan Penilik P & K kang banjur magang lurah lan bisa dadi. Pancen, Suparto Brata seneng njupuk jeneng-jenenge wong Ngombol, senajan ora nggambarake lelakone wong kasebut. “Lurah Petruk uga tau tak sebut-sebut ndalem novelku,” ngendikane Pak Parto “ngrasani” lurah Ngombol jaman taun 1960-an kuwi.
Miturut sang pengarang, crita roman trilogi mau diilhami dening critane rama maratuwane, Kasan Dirdjo, kang bareng batihe nate lara lapa ing daerah Lhoksukon (Aceh), klebu dadi kompeni barang. Dadi yen crita bab kahanan tangsi jaman Landa bisa pas banget, kuwi kabeh satemene anggone ngrungokake critane maratuwane saben-saben bernostalgia. Suparto Brata saben sowan maratuwa saka Surabaya, tanpa bosen ngrungokake kojahe Pak Kasan Dirdjo sing taun 1942 bali angejawa ing Ngombol, lan banjur among tani sarta bakul beras ana Pasar Njasa lan Purwodadi. Wusana, crita-critane Pak Kasan Dirdjo mau banjur dilebokake sajroning novel-novel asil karyane. Kanggo pase seting tlatah Ngombol, aku nate didhawuhi ngirimake peta Kabupaten Purworejo.
Suparto Brata krama antuk Rr. Aryati, kanca sakantore ing PN Jaya Bakti, Gresik. Ijab lan resepsine tanggal 22 Mei 1961 kanthi nanggap wayang golek lakon Iman Suwangsa ana daleme Pak Kasan Dirdjo maratuwane, ing desa Ngombol Kecamatan Ngombol. Aku sing lagi kelas III SR, sore-sore uga dijak simbok kondangan, amarga Bu Kasan Dirdjo mono kancane bakul beras. Nanging kala semana babar pisan aku ora ngerti yen mantene lanang satemene pengarang Suparto Brata kang tembene bakal dak gandrungi karya-karyane.
Rikala karyawan PN Jaya Bakti kudu mlebu Soksi, Suparto Brata taun 1967 milih metu nyambutgawe kanthi pesangon Rp 50.000,- Tekade dheweke kepengin mulih ndesa, ing Ngombol asale sing wadon. Ana kana bisa urip tetanen sinambi dadi pengarang. Nanging jebul Bu Aryati garwane ora sarujuk. “Emoh, emoh aku, Pak. Aku isin dadi bojone wong macul....,” kandhane nyonyahe kipa-kipa. Wusana Suparto Brata ngisi wektu nganggure sarana bakul kapuk Surabaya – Bandung, dene garwa dalah putra-putrane “diungsekake” ana Ngombol.
Rikala antuk bathi akeh, dhuwite nuli dilebokake bank. Suparto Brata sabanjure nyusul kulawargane ana Ngombol. Meh sesasi dheweke “mangan turu” ana kono, tanpa ngarang amarga ora nggawa mesin tik. Ya saka suwene ana desane sing wadon mau, Suparto Brata sangsaya akeh nyesep tradisi, budaya, basa lan tata carane wong Ngombol Purworejo, saengga dadi bumbu tanpa ana enteke ndalem donya kepengarangane. Mula yen ana tembung truk biyangane utawa bajul buntung ndalem karangane Suparto Brata, iku asli basa saka daerah Ngombol ya desa asale keng garwa kang wis seda dhek 2 Juni taun 2002. Suparto Brata saiki pancen lagi dadi duren alias dhudha keren! (Gunarso TS)
Home » Artikel » Tlatah Ngombol – Purwodadi
Tlatah Ngombol – Purwodadi
Posted by Admin on 25.2.08 // 2 comments
Pak Suparto Brata ingkang dhahar kinurmatan,
Rumaos remen saged maos tulisan panjenengan. Punapa malih asmanipun bapak mara sepuh kasebat wonten tulisan punika. Dalem sabrayat ugi malah bapak marasepah (pak Badyo) piyambak rumaos mongkog saged dados inspirasi tulisan punika. Pak Badyo "Holobis Kuntul Baris", sapunika lenggah wonten Sleman Ngayojakarta kintun salam taklim kagem Bapak Suparto Brata. Mugiya obor silaturahmi ingkan semanten sampun badhe lerep sageda gesang malih. Salam.
kunjungan saking purwodadi kulo tenggo kunjungan wangsulipun