Srawungku Karo Sastra Jawa

Home » » MACA BUKU LAN NULIS BUKU

MACA BUKU LAN NULIS BUKU

Kulanuwun.

Mugi sadaya karahayon, katentreman miwah kanugrahaning Pangeran sami kasalira dening kita sami.

Ing ngarsa kula ngaturaken gunging panuwun, dene ing pepanggihan menika kula angsal kanugrahan ingkang kinurmat, kadhapuk dados pamedhar wicara, ngaturaken ular-ular bab sinau ngarang lan maca susastra Jawi.
Kula ngaturaken maturnuwun sanget. Kula sanes guru, dados sanajan ngaturi ular-ular bab pasinaon, sampun kasengguh kula ngguroni. Nanging imbal wacana kemawon.
Imbal wacana tegesipun kita sami-sami sinau, panjenengan mirengaken kula, lan kula inggih kepengin ngretos kadospundi panguwaosan panjenengan bab sastra Jawi modern.
Ing ular-ular menika kula namung badhe maparaken sakdumil pengalaman kula bab ngengarang sastra Jawi modern, margi ing tataran menika pengalaman saha lelabetan kula langkung kathah katimbang panjenengan sadaya.


Selengkapnya dapat dibaca disini

Tags:

0 comments to "MACA BUKU LAN NULIS BUKU"

Leave a comment