Srawungku Karo Sastra Jawa

Home » » ADICARA KEMANTENANE SITA – DAVID

ADICARA KEMANTENANE SITA – DAVID


Les javanais croient que c’est Dieu qui décide de la naissance, de l`âme soeur et de la mort. Ils font des efforts pour signaler ces étapes dans la vie. On fait une série de processions ayant plein de symboles pour signaler l`arrivée de l`âme soerur donné par Dieu. On le fait en espérant que les deux mariés pourront conduire á bien leur arche de vie, plein de bénédiction et de bonheur.


Siraman

Symbole de nettooge de l’âme & du corps des futurs mariés á.laveille de leur mariage. Les anciens de la famille, selon l’âge, répandent sur les futurs mariéss “Toya Perwitasari”, l’eau de 7 sources mélangée avec différents pétales de fleurs. La cérémonie est finalisée par leurs parents qui cassent ensuite la jarre, symbole de l’émergence de l’aura des futures maries.

Midodareni

La soirée d’enterrement de vie de célibataire des futurs mariés. Organisée chez la mariée. Les futurs époux n’ont pas le droit de se rencontrer. Cette soirée est organisée á la fois pour s’assurer que le futur époux est prêt et qu’il viendra le lendemain au mariage, et que la famille de la mariée est prête á l’organiser. On croit au cours de cette soirée que les anges viennent pour embellir la mariée.
Panggih

Accompagnés pr de la musique javanaise “Kodhok Ngorèk” les mariés se rencontrent, se suivent une série de cérémonies traditionnelles.

Balangan Gantal

Les deux futurs mariés se lancent le bétel qui symbolise l’amour, l’affection et la fidélité.

Wiji Dadi

Le futur époux casse l’oeufde poulet en y posant son pied dessus, la future mariée lave le pied de son mari avec de l’eau de fleur, puis, le futur époux demande á sa femme de se relever.C’est un symbole qui montre que l’homme est devenu mari et sera un père responsible de sa famille.

Pupuk

La mère de la mariée essule le front du mari,symbole qu’il est accepté comme un membre de la famille.

Sinduran

Lentement, les mariés marchent vers l’autel de la cérémonie, guidés par le père de la mariée qui tient les deux extrémités de tissu “sindur” que l’on dispose autour des mariés. La mère de la mariée qui marche derrière eux, les guide également en tenant le même tissu. Cela symbolise ainsi que les époux sont acceptés comme membre de la famille et cela avec tout leur amour.

Timbang

Les deux mariés se mettent ensemble sur les genoux du père de la mariée. C’est le symbole que l’amour du père pour son gendre sera le même que pour celui de sa fille.

Kacar-kucur

De la petite natte de pandanus (klasa bangka), le futur époux verse les cacahouètes, le soja, du riz jaune et des pièces de monnale sur le mouchoir “gembaya” posé sur les genoux de sa femme. Symbole de la remise des subsistances matérielles et immatérielles de l’époux á sa femme. Elle doit les gérer correctement.

Dhahar Klimah

Les deux mariés se donnent á manger. Ceci marque le début de leur vie ensemble dans la joie comme dans la peine.

Mertuwi

Les prents de la mariée invitent les parents du futur époux á s’asseoir ensemble sur l’autel de la cérémonie.

Sungkeman

Les mariés demandent la bénédiction de leurs parents.

*
Rien n’est plus doux que l’amour,
Rien n’est plus fort,
Rien n’est plus grand,
Rien n’est plus ample,
Rien n’est plus agréable,
Rien n’est plus riche ni meilleur,
Sur terre ou dans le ciel….

Grâce á l’amour de Dieu , ils se rencontrent pour accomplir leur destin, se réunissent dans une arche de vie, Nous souhaitons partager cette joie avec nos familles, nos proches et nos amis. Aussi avons-nous l’honneur et le plaisir de vous inviter á la réception du mariage de nos enfants:


Maria Silvia Sita Satoeti
Deuxième fille de
Mme Pamoedji Martosudiro &
M. Aloysius Soenarjo Darmosarojo

&

David Alexandre Marie Phulpin
Deuxième fils de
Mme Sylvie Bourragué &
M. François Phulpin

Surabaya, 18 Agustus 2007.

***

Orang Jawa percaya bahwa lahir, jodoh dan kematian ada di tangan Tuhan. Untuk menandai setiap tahapan hidup ini, mereka akan berusaha semaksimal mungkin. Serangkaian prosesi penuh simbol dilakukan untuk menandai hadirnya jodoh yang diberikan Tuhan dengan harapan kedua mempelai dapat menjalankan bahtera kehidupannya dengan baik, penuh limpahan berkat dan rejeki.

Siraman

Melambangkan pembersihan jiwa raga calon pengantin sehari sebelum pernikahan. Para pinisepuh, sesuai urutan usia, menyiramkan air campuran kembang setaman “Toya Perwitasari” yang berasal dari 7 mata air. Acara siraman diakhiri oleh orangtua pengantin, yang kemudian memecah kendhi yang melambangkan dibukanya aura calon pengantin.

Midodareni

Malam kedua mempelai melepas masa lajang. Digelar di rumah mempelai putri, namun keduanya belum boleh bertemu. Acara ini untuk memastikan kesiapan dan kehadiran mempelai pria pada acara pernikahan. Juga untuk memastikan bahwa keluarga mempelai putri siap melaksanakan hari besar itu. Diyakini pula malam itu para bidadari turun mempercantik mempelai putri.

Panggih

Diiringi gendhing “Kodhok Ngorèk” kedua pengantin dipertemukan, dan dilanjutkan serangkaian prosesi adat sebagai berikut:

Balangan Gantal

Kedua mempelai saling melempar daun sirih yang melambangkan cinta kasih dan kesetiaan.

Wiji Dadi

Mempelai pria menginjak telur ayam hingga pecah, mempelai putri membasuh kaki suami dengan air bunga. Lalu suami membantu istrinya bangkit berdiri. Melambangkan suami & ayah yang bertanggung jawab, dan istri yang penuh kasih dalam pengabdiannya pada keluarga.

Pupuk

Ibu mempelai putri mengusap dahi mempelai pria sebagai tanda ikhlas menerimanya sebagai bagian dari keluarga.

Sinduran

Berjalan perlahan dipandu ayah mempelai putri yang memegang kedua pucuk kain sindur yang disampirkan di sekeliling kedua pengantin, sedangkan ibu mempelai putri dengan memegang kain sindur yang sama membantu menuntun kedua mempelai menuju pelaminan. Tanda bahwa kedua mempelai telah diterima dengan penuh kasih sayang sebagai keluarga.

Timbang

Kedua mempelai duduk di pangkuan ayah mempelai putri. Lambang bahwa cinta kasihnya pada kedua mempelai sama besar, tak membedakan antara anak sendiri dan menantu.

Kacar-kucur

Pengantin pria menuangkan dari klasa bangka (tikar kecil dari daun pandan) kacang, kedelai, beras kuning & uang logam pada saputangan “gembaya” di atas pangkuan pengantin putri. Simbol pemberian nafkah lahir & batin dari suami pada istrinya. Dan sang istri harus mengelolanya dengan sebijaksana mungkin.

Dhahar Klimah

Kedua mempelai saling bersuap-suapan, melambangkan bahwa keduanya akan hidup bersama dalam suka maupun dalam duka.

Mertuwi

Orangtua mempelai putri menjemput orangtua mempelai pria, dan diajak menuju tempat upacara.

Sungkeman

Kedua mempelai memohon restu dari orangtua mereka.

***

Tiada yang lebih lembut,
Tiada yang lebih kuat,
Tiada yang lebih besar,
Tiada yang lebih luas,
Tiada yang lebih membahagiakan,
Tiada yang lebih kaya ataupun lebih baik
daripada cinta
di atas bumi maupun di surga….

Hanya karena kasih-Nya mereka bertemu, untuk memenuhi takdir indah, bersatu dalam bahtera kehidupan. Kami ingin berbagi kebahagiaan ini dengan kerabat & handai taulan. Suatu kehormatan bagi kami bila Bapak/Ibu/saudara(i) berkenan hadir dalam syukuran pernikahan kedua putra-putri kami:

Maria Silvia Sita Satoeti
Putri kedua dari:
Ibu Pamoedji Martosudiro &
Bapak M.Aloysius Soenarjo Darmosarojo

&

David Alexandre Marie Phulpin
Putra kedua dari:
Mme Sylvie Bourragué &
M. François Phulpin

Surabaya, 18 Agustus 2007.

* * *

Wong Jawa kuwi percaya yen lair, jodho lan mati kuwi ing astane Allah. Minangka titen-titenane saben perangane urip iki, tansah ditandhani kanthi satuhune. Reroncen prosesi rinengga sakathahing simbul diadani minangka temune jodho sing diparingake dening Gusti Allah, kanthi dedonga panyuwun muga-muga penganten sajodho kuwi bisa ngleksanani uripe kanthi becik, kalimphan pangestu lan rejeki.

Mengkono kang katulis ing lampiran uleman (undangan) palakramane ponakanku Maria Silvia Sita Satoeti karo David Alexandre Marie Phulpin. Kuwi mung alinea sepisanan minangka bebukane. Sawutuhe ing lampiran uleman kuwi ditulis watara 14 alinea, sing nerangake tahap-tahape reroncen adicara pengantenan cara Jawa, yakuwi Siraman, Midodareni, Panggih, Balangan Gantal, Wiji Dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dhahar Klimah, Mertuwi, Sungkeman, lan sapa mantene ing ngendi adicara papan lan titi mangsa dhaupe. Kabeh ditulis diterangake ing basa Prancis lan terjemahane ing basa Indonesia. Marga dawane katrangan mau, mula wujude lampiran mau nganti kaya brosur dhewe. Kepeksa ditulis mengkono, marga sing nampa uleman ora mung sanak kadang wong Jawa (Indonçisesia), nanging uga Prancis.

Kuwi atas panjaluke calon manten kakung sakeluwargane. Anggone dhaup nikah nyuwun sawutuhe ditrapake cara budhaya Jawa Surakartan.
Ing reroncen adicara nikahan kuwi aku kapatah nampani srah-srahan peningset calon penganten kakung ing acara midodareni (17 Agustus 2007 bengi) lan panggih (18 Agustus 2007 awan). Kabeh diucapake nganggo basa Jawa kang langsung diterjemahake ing basa Prancis dening sing wis pinatah. Mula kabeh wis diatur tenan, apa sing kudu dakucapake dicocogake karo teks basa Prancise. Mengkono uga priyayi sing masrahake, sanajan basa Jawa nanging ya wis ditata tekse sing padha karo basa Prancise.

Dadi seminggu sadurunge aku wis nampa teks kanggo nampa srah-srahan nalika midodareni lan panggih. Priyayi sing masrahake beda, yakuwi nalika midodareni Bapak Haditamtomo, dene ing panggih Bapak TH. Max Koesbagjo, BSc.

Conto teks nalika Pak Haditamtomo srah-srahan paningset ing acara midodareni mengkene: “Nuwun pnjenenganipun Bapak Suparto Brata ingkang dados talanging atur Bapak tuwin Ibu Soenarjo Darmosarojo. Karahayon miwah kanugrahaning Pangeran mugi tansah kasarwa kita sadaya. Kula ingkang pinatah dening Bapak tuwin Ibu François Phulpin, ingkang sepisan ngaturaken salam taklim katur panjenenganipun Bapak tuwin Ibu Soenarjo Darmosarojo. Ingkang angka kalih ngaturaken paningsetipun Rara Maria Silvia Sita Satoeti warni sinjang, sesupe dalah ubarampenipun kados kaserat wonten cathetan katur. Sedaya menika minangka sarana singsetaning rembag antawis Bapak saha Ibu Soenarjo Darmosarojo kalihan panjenenganipun Bapak tuwin Ibu François Phulpin badhe malakramakaken putranipun jaler ingkang peparab David Alexandre Marie Phulpin. Mugi-mugi andayanana dhumateng calon temanten kekalih tansah pinayungan dening Gusti, tulus widada, ngetrepi idham-idhamanipun saha karsanipun para pinisepuh. Wasana bilih wonten ceweting atur saha kiranging tata krami ingkang ndadosaken kirang sarjuning saha renaning panggalih panjenenganipun, kul naming nyuwun lumunturing samodra pangaksami. Nuwun.”

Dene wangsulanku manut teks mengkene: “Kulanuwun. Mugi sadaya karahayon, katentreman miwah kanugrahaning Pangeran sami kasalira dening kita sami. Panjenenganipun Bapak Haditamtomo ingkang dados sulih saliranipun Bapak tuwin Ibu François Phulpin, keparenga kula ngaturaken pambagya wilujeng rawuh panjenengan dalah rombongan ing griya mriki. Paringanipun salam taklim sampun kula tampi. Salajengipun mangke badhe kula aturaken dhumateng panjenenganipun Bapak Soenarjo Darmosarojo dalah Ibu. Kosokwangsulipun, mangke sakondur panjenengan sadaya Bapak saha Ibu Soenarjo Darmosarojo ugi kintun salam katur dhumateng panjenenganipun Bapak saha Ibu François Phulpin. Salajengipun pasrah panjenengan paningset saha ubarampenipun sampun kula tampi, mangke badhe kula aturaken dhumateng panjenenganipun Bapak saha Ibu Soenarjo Darmosarojo. Tamtu kemawon Bapak saha Ibu Soenarjo Darmosarojo ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan kanthi puji syukur dhumateng Pangeran ingkang Mahawikan, mugi sadaya ingkang kinarsakaken tulus widada tanpa alangan satunggal punapa. Mugi panjenengan sak rombongan ingkang sampun karaya-raya mbucal wekdal saperlu maringaken paningset menika, Bapak Soenarjo Darmosarojo dalah Ibu namung saged ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami. Mugi paring panjenengan sih kadarman pikantuka lelintu ganjaran saking Pangeran ingkang Mahaagung. Wasana, mangga sami kula aturi pinarak, lan kasakecakaken anggen panjenengan lelenggahan ngantos paripurnanipun adicara. Nuwun.”
Kadidene pengarang sastra Jawa, nulis cathetan kaya mengkono kuwi tumrapku wis kulina banget. Nanging yen dakucapake kanthi awangan, wah angueel banget. Wis dakapalake sajrone telung dina telung bengi, meksa ora apal. Mula nalika tumekane janji, sadurunge ngleksanani adicara, aku matur marang Adhimas Soenarjo yen aku tetep ora bisa ngucapake wicara kuwi awangan.

“Ora papa, Mas. Mengko diwaos wae. Marga nalika mituturi marang calon mantu, aku mengko iya dakwaca, kok,” ujare Dhimas Soenarjo.

Bareng tekane nggawe, Pak Haditamtama wis kanthi teteh ngaturake srah-srahan kang langsung diterjemahake ing basa Prancis, teka giliranku aku gragapan tenan. Arep dakucapake awangan aku ora apal, mula terus dakjereng ngèngrèngan tekse, nanging ndilalah anggonku ngadek ora pas ing ngisor lampu. Aku ora bisa maca. Dadi ya grothal-grathul ora karuwan. Mangka aku tansah eling kedadean kuwi terus direkam ing video. Wah, bingung tenan aku!

Aku kelingan kedadean taun 2001 kepungkur, nalika nampa tugas kang padha, yakuwi nampa srah-srahan peningset saka calon manten kakung, putra putrine Ibu-Bapak Sumiati (Taman Budaya)-Djodi sekalihan, sing dadi MC-ne Mas Sinarto (uga saka Taman Budaya Surabaya – kondhange dhalang saka Lamongan). Ya macet total kaya ngono kuwi. Tujune Mas Sin gage mbisiki aku, dadi aku ya mung nirokake ucapane Mas Sin wae, kaya yen wong disumpah kae.

Prekara ngomong ing sarasehan utawa ing parepatan apa wae, Mas RM. Yunani Prawiranegara (Paguyuban Pengarang Sastra Jawa Surabaya), wis ngreti banget karo kapinteranku, mula yen wayahe ana ngono kuwi terus wae mekak, “Wis, ta, yen Pak Parto Brata kuwi aja dikon ngomong. Ora bakal jegos. Dikon nulis thok wae!”

Ya sanajan blekak-blekuk, lan kepara mogog-mogog, sidane ucapan basa Jawaku nampa srah-srahan peningset calon manten kakung sidane rampung. Mengko ing videone priye embuh, nanging sing bakal nonton kira-kira akeh sing wong Prancis, mesthine ngira yen basa Jawa kuwi ya grothal-grathul kaya mengkono kuwi sing trep pangucape.
Ing srah-srahan calon penganten wayahe temu, diadani ing wayah awan. Kanthi ora sungkan-sungkan aku maca teks (sing wis dakgedhekake hurufe, supaya cetha anggonku maca), lan lancar marga ora kepetengan lampu kaya mau bengine.

Sadurunge maca kuwi, aku omong-omong karo sing arep langsung nenterjemahake ing basa Prancis. Putri, asmane Herry Purwati. SMP-ne SMPN II Jl. Kepanjen Surabaya, SMA-ne SMAN 2 Surabaya, terus nutugake Fakultas Ekonomi Brawijaya Malang, ing kana banjur krama karo wong Prancis, saiki manggon ing Paris. Aku takon, kok padha ngaya adicara nikahan iki migunakake basa lan cara Jawa, apa basa lokal utawa etnis ing Prancis uga digatekake kaya mengkene? Wangsulane: Generasi bapak-bapake wong Prancis saiki pancen patriotisme nganggo basa Prancis kadidene basa nasionale ngedap-edapi. Basa etnis disingkirke, basa manca disingkirke, yen ngomong ing Prancis karo wong Prancis kudu nganggo basa Prancis, basa nasional. Nanging generasi sing saiki, rumangsa eman dene basa etnis (lokal) Prancis kono kok padha mati. Saiki wiwit diuripake maneh.

Kira-kira anggone ngaya nganggo basa Jawa ing kawiwahan iki uga arep dienggo conto yen ing Indonesia basa etnis kuwi banget digatekake, dimarsudi, dingrembakakake.
Dakpikir, kuwi padha karo Indonesia saiki. Jaman Presiden Soeharto wingi, wiwit TK nganti PT ing sekolah kudu mung bahasa Indonesia thok. Dene saiki, karo anane Kongres Basa Sundha lan Jawa, sajake basa ibu disengkakake ing ngaluhur maneh.

Adicara panggih penganten jangkep. Pihak kakung uga disandhangi nganggo cara Jawa. Ya manten kakunge, wongtuwane, adhik-adhike (loro lanang kabeh). Sing rada repot nggolekake gelunge ibune manten kakung, marga rikma asline putih memplak. Dadine gelung ya abu-abu, marga golek sing putih memplak kaya mengkono ya ora ana. Sing rada beda mung kabeh sing dumadi ing adicara, wongtuwane manten kakung tansah mirsani lan nyekseni. Bareng wayahe adicara mertuwi utawa tilik pitik, wongtuwane calon manten kakung diaturi metu dhisik, rekake dipapag dening wongtuwane manten putri ing ngarep lawang pager.

Rampung adicara cara Jawa, calon manten saha rombongan adicara padha budhal menyang Greja St. Maria Tak Bercela, saperlu ngadani adicara nampa Sakramen Pernikahan.
Bengine dianakake resepsi ing Gedhong CCCL (Pusat Kebudayaan Prancis) Jln. Darmokali 10 Surabaya. Pesta kebun. Didegi panggung kang bawera ing latar mburine gedhong kono. Terus mantene disandhangi basahan (dhadha nglegena). Ditanggapake wirengan nganti telung rambahan, salah sijine Beksa Karonsih, sing nuntun pengantene bedhol saka palenggahan lan tukar busana.

Mengkono mungguh critaku dadi panampi srah-srahan peningset lan panggih mantene keponakanku Maria Silvia Sita Satoeti antuk David Alexandre Marie Phulpin sing dedunung ing 16, Rue Charles Laffitte 92200, Neuilly Sur Seine, France. Nuwun.
(Suparto Brata).



Tau dipacak/pernah dimuat;
Majalah bahasa Jawa (penerbitan pers tertua di Indonesia masa kini):
Panjebar Semangat No, 42, 20 Oktober 2007.

Tags:

3 comments to "ADICARA KEMANTENANE SITA – DAVID"

  1. Anonymous says:

    Bagi saya yang suka baca novel, Pak Suparto Brata seorang penulis yang mengagumkan. Bukan karena beliau pakde saya. Tapi, dedikasinya dan kemilitanannya pada perjuangan untuk terus menghidupkan karya sastra jawa patut dapat acungan jempol!
    Walau bisa saja beliau menulis dalam bahasa Indonesia, tapi kenyataannya beliau masih tetap setia pada sastra Jawa.
    Malah menurut saya, novel2 dan cerpen2 karya beliau lebih asyik dalam bahasa Jawa. Pikiran2 kocak beliau tertuang dengan gamblang. Yang membuat tulisan beliau menarik adalah, akhir cerita tulisan beliau tak pernah bisa tertebak! Lucu sekali. Satu cerpen beliau yang amat sangat membekas dihati saya adalah "Si lan Man". Luar bisa. Seluruh cerita yang terangkum dalam buku kumpulan cerpen tersebut itu sangat menarik.
    Saya berangan-angan bisa menerjemahkannya dalam bahasa Prancis suatu saat nanti.
    Heran sekali di Gramedia atau toko buku lainnya tidak menjual novel2 beliau dalam bahasa Jawa, padahal kalau dicoba pasti banyak yang membeli. Sebenanya tidak sedikit generasi muda yang tertarik pada novel bahasa jawa karya beliau, hanya saja sering mereka tidak tahu. Mungkin perlu dipublikasikan secara teratur dengan membuat siaran pers tentang peluncuran buku beliau yang berbahasa Jawa, dan kalau mereka sudah tahu dan tertarik membeli, mereka tidak tahu di mana membelinya. Saya punya beberapa teman yang begitu ngefans sama beliau. Memang di era sekarang ini, publikasi menjadi senjata ampuh. Sesuatu menjadi trend karena dipublikasikan.
    Menjual karya tulis Jawa lewat internet rasanya patut dicoba juga.
    Toh sekarang era komunikasi, jaman internet.

    Salam,
    Sita S. Phulpin
    19, Résidence des Clos
    78700 Conflans Sainte-Honorine
    France
    sita_satoeti@yahoo.fr

  2. Anonymous says:

    Hello, i believe that i noticed you visited my web site so
    i came to go back the prefer?.I'm attempting to in finding issues to improve my website!I suppose its good enough to use some of your concepts!!

    Also visit my website: laser cellulite treatment

  3. Anonymous says:

    Its like you learn my thoughts! You seem to know a lot approximately this, such as you wrote the e
    book in it or something. I think that you just could do with some p.
    c. to force the message home a bit, but instead of that, this is magnificent
    blog. A great read. I will definitely be back.


    Feel free to visit my blog ... cellulite treatment cream

Leave a comment