Srawungku Karo Sastra Jawa

Home » » 30TH SEA WRITE ANTHOLOGY

30TH SEA WRITE ANTHOLOGY


Seminggu yang lalu saya mendapat email dari PR Oriental Bangkok, yang akan menerbitkan buku kumpulan cerita dari para pengarang pemenang S.E.A Write. Sebagai pemenang, saya juga diharapkan ikut mengirimkan cerita saya untuk dimuat dalam anthology tersebut. Permintaannya segera saya penuhi, cerita pendek saya yang saya kirimkan adalah cerita bahasa Jawa subdialek Surabaya. Agar cerita itu tidak saja diumumkan (diterbitkan) dari S.E.A Write (Thailand, Bangkok) dan dinikmati oleh yang mendapat buku anthology tersebut, maka saya pasang di website saya, agar pengunjungnya juga bisa membaca/menikmati cerita saya tadi. Silakan.




DIAMPUT! SEPATUKU ILANG NDHUK MEJID

Diamput! Sepatuku ilang ndhuk mejid. Iki gara-gara sholat Jumat ndhuk mejid anyar cedhake kantorku. Diamput, ejik enyar wis nggawa kurban! Cik nemene!
Ngene critane. Dina Jumat, aku telat mlebu kantor. Nggelani, esuk-esuk udan! Lagek musime pancene. Rada daksrantekna mendhane grimis, cik gak nemen-nemen kebes. Jumat hare! Aku pengin sembahyang ndhuk mejid anyar cedhak kantor. Nganyari. Mulakna ojok sampek kebes.
“Ran! Koën diteleki Pak Darji! Kaèt maëng! Cepet ngadhepa!”
“Ook, pancet aé, Pak Ganda iku! Isuk-isuk wis gaé gegeran!”
“Lho, gak guyon aku! Gak percaya, mranaa tah!”
“Ran! Mrenea, Ran!” swarane Pak Darji saka kamare. Temen, gak guyon Pak Ganda esuk iki.
Mboktalah! Masiya jenengku Yadiran, ojok banter-banter apaa ngundang ngono. Sing gak ngreti rak dikira ngundang ‘jaran!’. Diamput, kepalaku sitok iki! Telat pisan aé katene dioring-oring!
“Koën wis tau nyang Borobudhur, Ran?”
“Empun, Pak! Tapine riyin, sik sekolah dhasar nika.” Soal apa maneh, iki? Rèk, cik mumete! Perkara telat thik macem-macem! Gak papa, srengeni juragan wis lumrah, wong ancene aku pegawe celik, rak iya? Tapi kathik nyebut-nyebut Borobudhur iku, lo, katene yok apa? Kemalan temen Pak Darji iku!
“Koën gak kepengin, tah, mrana maneh? Bareng wis dipugar iki jare bagus, Ran! Gelem melok aku, Koën?”
“Lho, niki kantor ajenge piknik, ngoten, tah?”
“Piknik gondhulmu! Koën iku lo dakjak nyang Borobudhur! Gelem, tah? Aku katene nyang Munthilan. Jipe ngglondhang. Kancanana, ya!”
“Nggih. Kapan brangkate?”
“Dhiluk engkas. Mari kantor. Langsung aé.”
Mari kantor? Langsung? Rak gak jumatan? Wah, sholat nganyari mejid worung. Borobudhur luwih menjila.
Munthilan iku nggone maratuwane juragan.
“Sakeluwarga, tah, Pak?”
“Jane arek-arek ya prei. Tapi wong iki perlune mung sethithik! Lan kesusu. Dadi ya kene wong loro dhewe wae. Aku botuh kanca lan sopir serepan!”
Ē, tahlah! Ngono, tah? Pancene botuh sopir kathik muter-muter. Kepalaku iki pancen gak duwe sopir khusus. Mulakna nek katene lunga ndhuk luwar kota, ngajak pegawene sing isok nyopir. Biyasane Cak Kadir. Tapi wektune iki wonge lagek mantu. Terang gak isok diajak. Aku oleh kethuk!
Pengin ancene nyang Borobudhur. Cumak, katene mrana dhewe iku thik ngayane. Sajege kerja iki rasane mamang lunga adoh-adoh ngono! Sangu cupet! Padha hal wis dakrewangi lembur, lho! Botuh iki rasane ana aé! Dioyak cumak ketok buntute. Mulakna mopung ana sing ngajak nyang Borobudhur gratis, kathik sing ngajak kepalane dhewe, ‘ayo!’ ngono aé.
Sayange gak sida nganyari jumatan ndhuk mejid anyar! Tapi Gusti Allah rak maklum, la apa aku ngilangna kesempatan iki. Borobudhur-é, gak cedhak iku mono! Sholat Jumat ndhuk mejid anyar isok Jumat ngarep maneh! Jumate esik akeh.
“Nek gelem, moliha dhesik njopuk salin. Rencanaku sampek Senen kaet balik molih.” Ngono Pak Darji notugna ngomong.
“Yok napa?! Mantuk riyin, tah, kula niki?”
Mbok, ndadak ngene iki sing gak kuwat! Tapine ancene kepala kantor esik enom. Kongkon lan duwe karep dadakan ngono iku ya wis biyasa!
Diamput! Ila-ilane katene weruh Borobudhur sepisan maneh! Gremis ngene dilabuhi sepedhah-montoran molih! Ya, kebes. Gak papa, mengko balik nyang kantor numpak becak! Langsung aku kandha mbarek Bu Dhe sing dakpondhoki apa perluku molih esuk. Mbarek tata-tata sandhangan, blesek-blesek mlebu tas rangsel. Sepatu teles. Ganti sepatu simpenan sing esik enyar. Kate nyang luwar kota, harene! Cepetan aé, mergane Pak Darji mau nyusu-nyusu.
Prasaku wis cepet! Becak dakkon mbandhang aé, gak kathik dakenyang. Sik meksa ketilapan! Tekan kantor, gak nututi! Kantor wis totup. Diamput! O, iya, sé, Jumat! Totupe jam sewelas.
“Pak Darji nggih kondur?” takonku marang Dul, penjaga kantor. Sik nyapu ngresiki jogane kantor areke.
“O, enggih! Sampiyan kèn tengga mriki dhesik. Anu, murugi setrine. Dijak pisan teng luwar kota, turene wau.”
Oh, brubah pikiran. Maëng kandhane ijen aé!
Diamput! Tiwas kesusu-susu! Omahe juraganku adoh, Rèk, saka kantor! Sing wedok dorung tata-tata! Isok jam siji lagek teka ndhuk kantor!
Nalikane iku aku krungu takhrim. Maca ayat suci ndhuk mejid anyar cedhak kantor. Eling, aku! Iya! Sholat dhesik rak isok! Perlu Rèk, iku! Suwara ayat suci iku ngethik-ethik ati, koyok ngawe-awe nyeluk aku kon sembahyang!
“Tetip rangsel, nggih, Wak Dul! Kula katene kesah teng mejid riyin. Jumatan!”
Udan dhong terang. Dadi gak kathik mlayu-mlayu. Gak kuwatir kebes maneh. Cumak sepatuku enyar, mlangkahku kudu pelih-pelih. Dalane jembrot, jemeke nggelani hare. Eman, Rèk, sepatu esik enyar!
Lha iku! Marine sholat, sepatuku ilang! Diamput! Dakteleki mumet gak nemu! Nggelakna! Gak kira ketlesut. Jelas dicolong mbarek tangan jahil, nggrathil, melikan duweke liyan! Sepatu enyar, Rèk! Diamput-oput-oput!
Sidane balik nyang kantor nyeker! Getun aku! Lah apa aku mau kathik ketarik ayat suci barang! Lah apa kathik mampir sholat! Wis genah katene nyang luwar kota rak pantes sé gak sholat Jumat! Gusti Allah rak maklum lèk gak disowani Yudiran sakjumatan aé!
“Lho! Saweg mawon Pak Daruji mongkur! Rangsel sampiyan pun katut teng jipe. Anu, sing setri wau nyuwun ditumbaske oleh-oleh pelem teng Peken Gentheng! Anake kalih dibeta sedaya. Mengke mriki melih ngampiri sampiyan!” ujare Dul, penjaga kantor.
“Beneran! Kula nyambut kendharakane! Sepatu kula ical teng mejid. Ajenge mendhet sepatu riyin teng griya!” omongku ndhesek. Kesusu. Lha mongsok katene nyang Borobudhur nyeker aé, Rèk?!
Yamahane Wak Dul dakgawa molih. Ngebut aé. Balapan mbarek sing nyang Pasar Gentheng. Wis gak udan maneh, mulakna gak kuwatir kebes.
“Lho, Ran! Dorung budhal, Koën, Nak?”
“Dereng, Dhe. Mendhet sepatu! Sepatu kula amblas teng mejid!”
“Yok apa sé?!”
Aah! Kesuwen! Sepatu kebes mau dakenggo maneh, sret, cepetan aku balik nyengklak Yamaha. Weerrr!! Buuanter! Gak preduli rodha mburi nyiprat kabeh ndhuk geger! Sampek ndhuk kantor, jip dorung katok! Lega! Ēh, engatase golek gratisan nyang Borobudhur aé, ngos-ngosan kaya ndhas sepur ireng langsir! Yamaha langsung mlebu plataran kantor. Srrooogg!! Langsung dakoperna mbarek Wak Dul. Areke nyengir.
“O-alaah, sampiyan niku! Pun disosul mriki niki wau. Sareng kula beja sampiyan mendhet sepatu, langsung Pak Daruji murugi sampiyan teng griyane awak sampiyan. Kesusu selak siyang, turene! Selak awan, ngoten criyose sing setri, mboten kanti.”
Ē-alah! Thik apese awakku dina iki!
“Ngga saniki kula terke mantuk pisan! Kajenge nututi!” ujare Wak Dul sing nunggu kantor. “Kalih dene kula nggih perlu sepedhahmontore, kesah Pandhegiling!”
“Nggih, pun, ngga!” wangsulanku setuju, mbarek nyengklak ngguk mburine Dul sing wis nyetarter Yamahane. Wong iki ketoke ngreti kesusune wong! Pandhegiling mbarek omahku jurusane padha ngidule saka kantorku.
“Lé! Sampiyan sing nyetir! Mongsok ngretos kula griya sampiyan!”
Ook! Gombal!
Tekan ngomah dipapag mbarek Bu Dhe. “Oo, semalakathak! Pak Darwi maëng ngampiri mrene, Nak Ran! Kepalamu iku, lho! Dakbejani koën nggak onok, terus warah lèk awak pena ditinggal aé, gak sida melok. Terus katene langsung budhal! Koën worung dijak! Moring-moring Pak Darwi mau! Katene brangkat isuk, ndadakna sampek setengah loro esik nguthek ndhuk njero kutha aé!”
Wah, diamput!
Ngono iku critane! Gara-gara katene oleh gratisan telik Borobudhur, sepatu enyar ilang ndhuk mejid! Worung pisan nontok Borobudhur! Diamput gak ilok-ilok!
Esuke Sabtu, gak enak aku gak mlebu kantor. Gak mlebu iku apa alesane? Karo maneh katene lah apa ndhekem ndhuk omah? Mulakna aku mlebu kantor koyok biyasane!
Totuk kantor, mlebu ruwangan kerja, Pak Ganda menthelengi aku! Pancet aé, Pak Ganda iku, guyone! Ketoke srengen, tapine ngenyek. Aku dipendeliki tapine gak disapa! Ook, koyok lodrug Markesa aé! Marakna aku salah tingkah aé.
“Napaa, Pak! Diteleki Pak Darji melih, tah, kula?” ujarku ngimbangi guyone, nirokna omongane wingi ika.
“Sik, tah! Koën iku esik orip?!” takone mbarek ngulu idu. Cleguk, kalamenjinge obah-obah. Esik mentheleng, gak ngguyu, gak mesem. Malah semu mendelik.
“Mbok-alah! Pak Ganda iki, gak enak temen guyone. Wong genah obah, omong, ambune kringete kecut ngene dianggep gak orip! Ampun ngoten napaa, Paaak-pak! Ambakna dadi kepala makili Pak Darji lagek sedina aé, wis ngono, Rèk, sumbunge!”
“Lho, yok apa, sé?! Kantor iki geger, Ran! Dakkira koën ya katut matek! Koën wingi lak melok Pak Darji luwar kota, tah? Esuk iki mau aku nampa tilpun saka pulisi Nganjuk. Jare jipe kantor kene ringsek tabrakan mbarek trek gandheng ndhuk Wilangan! Penumpange matek kabeh! Siji aé gak ana sing orip! Pak Darji sekeluwarga! Termasuk awakmu! Onok tas rangsel nganggo jenengmu, jare pulisi ndhuk tilpun mau! Yok apa, sé, iki? Arek-arek saiki dakkerahna, ngabari keluwargane Pak Darji mbarek menyang omah pondhokanmu pisan…..!”
“Yok napa?! Ah, ampun guyon, ah! Leres, tah, jipe Pak Darji kecelakakan?!”
“Sumpah, Ran! Koën iku esik orip temen, tah…..?!”
Sanalika aku eling nggonku misuh-misuh merga sepatuku ilang ndhuk mejid. Diamput! Gara-gara mejid anyar, sepatuku ilang! Saiki gak diamput maneh! Jelas, Gusti Allah Mahaagung! Gak gelem digothangi sowane Yadiran sajumatan aé! Gak kersa dikalahna ajine lan pesonane ditandhing mbarek Borobudhur. Luwih pinter ngatur lelakon! Saiki aku ngreti maknane suwara ayat suci sing ngawe-awe aku wingi ika. Lan maknane sepatuku enyar ilang ndhuk mejid! Ya anguran sepatu enyar ilang timbangane nyawa! Wis! Gak isok mesuh diamput-diamputan maneh aku! Sepatu ilang ya babahna, pokok nyawanku esik cemanthel ndhuk awakku! Diamp….! Gak notuk mesuh maneh. Anu, ganti syukurlah Alhamdullillah!
Majalah Jaya Baya, 2 Oktober 1983.

Dipethik saka: Buku Anthology crita cekak Trèm karangane Suparto Brata, diterbitake dening Pustaka Pelajar, Yogyakarta, 2000.

Catatan: Buku Trem, Antologi Crita Cekak karangan Suparto Brata
Penerbit: PUSTAKA PELAJAR, 2000,
Alamat: Celeban Timur UH III/548 Yogyakarta 55167
Telepon: (0274)381542 Fax (274)415232
Email: pustaka@yogya.wasantara.net.id

Resensi Buku Trem oleh Yoseph Bambang bisa dikunjungi di
http://www.supartobrata.blogspot.com/ : Cathetan Tumrap “Trem” Suparto Brata

Tags:

1 comments to "30TH SEA WRITE ANTHOLOGY"

  1. lik_nana says:

    ckckck...ending e sama sekali ga ketebak sebelumnya. mantab eyang

Leave a comment