Gabyah uyah, novel kuwi crita karangan utawa anggitan, dudu crita nyata. Beda karo pawarta. Manut teori sastra sing aku lali sapa sing ngukuhake, kepriyea wae wujude crita karangan kuwi pengalaman lan pikirane pengarange mesthi katut ing crita kang dikarang. Lan marga sumbere crita saka pengalamane, supaya critane urip, akeh-akehe padha tiru-tiru apa sing diweruhi didadekake pusere crita. Niru urip sing diweruhi, ndadekake sing maca ya ngapreasi tenan, critane dadi muyek kaya urip sing lagi dilakoni dening sing ngarang lan sing maca critane. Ing kono katiyasane pengarang ngolah crita diudi dadi komoditi (barang dagangan) payu apa ora dol-tinukune diapresiasi dening para maose, kang marakake pengarang dadi kondhang lan sugih.
Pengalamanku dadi pengarang sastra Jawa lan sregep macani buku utawa crita sastra Jawa, pancen nuduhake menawa teori sastra mau bener. Gebyah uyah bener, sanajan ana uga sing nyleweng; upamane gawe novel sing nyritakake crita nyata. Utawa gawe crita absurd, sing babar pisan ora “niru” saka pengalaman anggone meruhi kahanan sing nyata apa sing wis tau nyata kedadean ing jaman kawurine. Penylewengan kaya mengkono mau, ndadekake karyane beda karo sing lumrahe, fenomenal, bisa uga ndadekake karyane kawentar, utawa malah cures, ora didhemeni dening para maose. Sarana macani crita sastra Jawa saurute jamanku, aku nengeri yen crita sastra Jawa kuwi bener-bener nyritakake apa sing dialami dening pengarange. Sing pengarange menangi jaman penjajahan Landa, sing dicritakake kahanan jaman samana, sing menangi jaman perang kamardikan critane akeh prekara jaman perang kamardikan, sing menangi jaman reformasi critane akeh sing dijeblesake karo gambaran ing jaman reformasi. Daktengeri mengkono marga sastra Jawa sing dakwacani ora awujud buku, nanging awujud crita sing dipacak ing majalah utawa koran.
Dhisike aku seneng maca crita sing arupa buku (buku basa apa wae). Nanging sawise perang kamardikan, penerbitan buku anyar meh ora ana, apa maneh buku sastra Jawa. Koran lan majalah basa Indonesia lan basa daerah (Sundha, Jawa, Bali) tetep terbit, mula sapa sing kepengin maca pawarta lan crita sastra anane ya mung koran apa majalah. Crita sastra sawise perang kamardikan sidane akeh blabar kawat ing majalah apa koran. Klebu sastra daerah. Bisane maca pawarta lan susastra ya mung ana sing dipacak ing koran utawa majalah. Eloke dhek samana akeh banget sing dhemen maca buku sastra daerah, klebu sastra Jawa, bareng ora ana buku anyar sing terbit, crita sing dipacak ing koran apa majalah basa daerah ya dadi sasaran wacan sastra daerah, klebu sastra Jawa. Pengarang ya nulis ing kono, para maose sing karem sastra ya golek wacan ing kono.
Sejarah penerbitan koran lan majalah tutuge dikendhaleni dening pemerintah merga kertase kudu import, terbit kudu nganggo idi, sidane penerbitan koran lan majalah bahasa Indonesia saya bisa mekar-ngambar kanthi oleh bantuan subsidi kertas. Dene koran basa daerah rekasa mekar-ngambar, sidane sing bisa lestari terbit makmur ya mung ing majalah. Penerbitan buku uga isih rekasa, kertase uga isih kudu disubsidi dening pemerintah (liwat IKAPI). Penerbitan buku sastra uga isih langka banget.
Buku sastra daerah, klebu sastra Jawa wis langka banget. Kepriyea wae sing karem sastra Jawa parane nikmati, ngarang utawa maca, ya mung ing majalah. Nganti Pak Suripan Sadi Hutomo, gegedhuge sastra Jawa nalika samana, ngarani sastra Jawa kuwi ya sastra majalah.
Marga sastra Jawa kuwi ya sastra majalah, mula kepriyea kordhane pengarang lan para maose sastra Jawa, ya mung ana ing penerbitan majalah. Yen ora nulis ing majalah, pengarang sastra Jawa ya ora bisa moncer. Kala samana, daktengeri, para pengarang sing ngotot critane diterbitake dadi buku, bukune ora populer. Dene sing critane dipacak ing majalah, dadi populer. Contone Pak Soebagijo I.N. Bukune kumpulan crita cekak Sambodja (nuwunsewu, aku rada lali jenenge bukune) sing diterbitake dening Balai Pustaka Jakarta 1957, ora kondhang babar pisan. Pak SIN luwih kondhang kadidene pamomong Taman Putra ing rubrik majalah Panjebar Semangat. Lan nganti saprene, Pak SIN, yuswa 88 taun kliwat, tulisane bab pawarta tetep gencar dipacak ing majalah Jawa, nanging didadekake buku, bukune ora payu. Iki uga mretandhani yen ing bab memaca, bangsa kita ora dhemen maca buku.
Pengarang sastra Jawa sing karangane bisa dipacak ing majalah basa Jawa ping lima apa ping enem ngono wae, terus wae ngirimake karangane supaya dipacak ing majalah ngono kuwi. Karangane akeh, sing maca akeh, sastra Jawa sumringah, ora mati. Lan karangan crita sing dipacak ing majalah, racake crita sing “niru” kahanane jaman samono (sing diweruhi pengarang) lan banjur katrem dadi wacane para maos, marga kahanan kang mangkono uga diprangguli dening para maose nalika kuwi. Nalika jaman lagi wae mungkur perang kamardikan, akeh crita sing dikarang crita perjuwangan, marga pengarange nglakoni jaman kuwi, sing maos uga menangi jaman kuwi. Kahanan sastra Jawa kang kaya mengkono kuwi klakon nganti saprene. Ing jaman saiki kuwi kanca guru kangelan munggah pangkat kudu golek sertifikat barang, crita-crita sastrane ya akeh sing ngunder prekara nasibe dadi guru. Nganti antarane pawarta karo sastra kuwi dipacak padha lan bareng ing majalah-majalah basa Jawa. Sing awet dilakoni dening pengarang jaman samana lan para pamaose uga dilakoni dening pengarang jaman saiki sarta pamaose yakuwi bab katresnane jalu lan wanita. Kabeh-kabeh padha nandhang pangrasa kang kaya mengkono, mula prekara panandhang katresnan jalu lan wanita uga dadi kembange wacan sastra jaman kawuri, lan uga katulis jaman saiki.
Dadi wiwit jaman lagi wae rampung perang kamardikan nganti sahingga saprene, sastra Jawa kuwi ya tetep sastra majalah. Arepa kepriye wong yen kepengin maca sastra Jawa, utawa pengarang arep nyebar karyane, ora ana maneh papane sing mapan, ya ing majalah basa Jawa. Mangka sabenere, sastra kuwi buku. Buku bisa awet disimpen, diwaca maneh, bisa tumurun marang generasi tutuge. Lan liyane sastra Jawa, klebu sastra Indonesia, sastra kuwi buku. Sastra Indonesia sing biyen ya sastra majalah lan sastra koran, nerbitke buku kangelan, saiki wis balik kaya sastra dunia liyane, sastra kuwi buku. Dene sing dipacak ing koran, mung sampiran rubrik wae. Penulis novel wis kurang minate dipacak kadi crita sambung ing koran, luwih dhemen langsung diterbitake dadi buku. Koran dhewe ya pupus ora niyat macak novel kadi crita sinambung ing korane.
Novel sing dipacak ing majalah, yen wis terbit majalah sing anyar, critane sing dipacak ing majalah sing kepungkur ya wis tamat. Ora diwaca maneh. Tegese crita karya sastra majalah kuwi cendhak umure. Pengarang sastra Jawa sing biyen getol ngarang ing majalah nanging karangane ora diterbitake dadi buku, antara liya Susilomurti, Dwi Prasaja S, Hardjana HP, Basoeki Rachmat, Purwadhie Atmodihardjo, Satim Kadaryono, ya wis ora ana jenenge lan asilkaryane sing dikenang ing sejarah sastra Jawa. Angel dilacak. Dene Ranggawarsita, Mangkunegara IV, Senggono, St.Iesmaniasita, Esmiet, marga karangane diterbitake dadi buku, bukune isih ana sing nyimpen lan isih ana sing maca maneh. Jaman Orde Baru taun 1967 subsidi kertas minangka penerbitan koran lan majalah distop. Koran lan majalah sing uripe saka subsidi kertas, kukut. Nanging sawatara majalah sing menggrik uripe akeh peminate ing desa-desa, oleh subsidi saka pemerintah sing dijenengi “Koran Masuk Desa”. Majalah basa Jawa sing pandhemene akeh ing desa, bisa ajeg urip. Taun 1975 ana owah-owahan kurikulum pendidikan nasional, yakuwi wiwit TK nganti PT mung diajarake bahasa Indonesia. Dene wulangan sastra didadekake sawulangan karo Bahasa Indonesia. Nyinau Bahasa Indonesia wae mbutuhake wektu akeh, meksa muride ora jegos ngomong basa Indonesia sing apik. Wektune entek dienggo ngajar Bahasa Indonesia, maca sastra wis ora keduman wektu. Ajaran memaca buku wis ilang saka pamulangan sekolah. Nalika kurikulum iki ditrapake, akeh para guru basa Jawa sing protes. Meh kabeh pengarang sastra Jawa nalika samana guru, la basa Jawa ora diwulangake ing sekolah, ya padha ngaplo. Lan wiwit kuwi, marga ora ana piwulang sastra aliyas memaca buku, bangsa Indonesia ora duwe pakulinan memaca buku, nggegulang uripe mung sarana weruh lan krungu, kaya ta, ngrungokake radio, nonton TV, hubungan HP. Ora disaranani maca buku. Mangka wong pinter sadonya iki mesthi maca buku lan nulis buku. Dene weruh lan krungu kuwi kodrat, bocah umur 3 taun nonton TV wis ngreti critane, katrem, terus apa sing ditonton didadekake cagak piwulang uripe, ngukir karaktere. Kaya uripe wong tani biyen, sanajan buta huruf nandur pari bisa subur karana weruh lan krungu tangga teparone sing padha nandur pari. Nggegulang urip mung sarana weruh lan krungu kuwi padha karo manut takdir kodrate, tegese padha karo uripe wong primitif. Dadi yen wong Indonesia saiki iki uripe mung digegulang sarana weruh lan krungu: nonton TV thok, ngrungokake ajarane guru thok, tatap muka karo dosen thok, ngrungokake khodbah agama thok, lan ora disaranani memaca buku lan nulis buku, tegese uripe padha karo wong primitif. Sanajan wis cekel gawe ing tingkat masyarakat kang dhuwur, yen ora memaca buku lan nulis buku, karaktere ya padha karo wong primitif. Gampang tersinggung, dhemen nggoleki salahe wong liya, golek menange dhewe, seneng tindak kekerasan, tawuran, ngincim-incim patine golongan liya, demonstrasi anarkitis, angger akeh balane mesthi kudu menang sanajan ancur-ancuran.
Ora bisa diwewadi, nganti saprene, pengarang sastra Jawa lan para maos sastra Jawa, ajange ora bisa uwal saka majalah basa Jawa sing sumebar jaman saiki. Mangka para pelenggane majalah basa Jawa saya suda, gunggunge majalah sing terbit ya saya kurang. Ewa samono, pengarang sing nulis ing kono tetep bisa alih generasi anom, lan ora wegah-wegih ngarang crita dawa (susastra) ing majalah-majalah mau. Daksemak, kacihna pengarange ora crita maneh bab perang kamardikan, marga ora menangi jaman samana. Sing dialami jaman saiki bludage karem ngonsumsi narkoba, dhugem ing café, nonton sinetron TV, main HP lan sabanjure. Klebu buku novel Rembulan Ndhuwur Blumbang karangane Narko “Sodrun” Budiman. Teori sastrane isih tetep diugemi, sing diripta pengalaman sing disekseni, ditiru-tiru diplegake karo kahanan sing diweruhi. Anggone ngarang uga dipenake dipacak ing majalah, tegese ora nyempal karo niyate nggayuh komoditi kaya sing ditindakake para kanca pengarang sastra Jawa majalah jaman sawise perang kamardikan. Ana sing beda karo gegayuhan sing dilakoni para pengarang sastra Jawa majalah, yakuwi karangane sastra Jawane iki digawe (diterbitake) dadi buku. Ana gegayuhan mbalekake sing prenah yen sastra kuwi buku. Iki gegayuhan kang adiluhur, yakuwi nyusuli gumebyare susastra donya, yen sastra kuwi buku. Lan buku kuwi pigunane kudu diwaca. Lan yen maca buku kuwi bisa ngowahi takdir. Pakulinan maca buku bisa ngowahi karakter bangsa apa pribadi, ora tumingkah primitif maneh.
Mangka ing wektu iki, buku kuwi dudu barang komoditi sing laris, durung bisa nyugihake lan ngondhangake sing nggawe buku. Nanging Narko “Sodrun” Budiman nekad nerbitake novele dadi buku. Genah ora ngoyak bandha, nanging luwih dilambari karep supaya bangsa (Jawa) luwih nggayuh urip sarana maca buku, ben saora-orane karaktere owah ora primitif. La supaya bukune sing terbit iki bisa murakabi lan nggayuh sasaran (akeh sing maca), novel iki kudu nduweni aji-aji sing bisa narik kawigatene sing maca bukune. Apa? Yen nalika ngarang crita sing dientha supaya critane bisa dipacak ing majalah, si pengarang wis mbayangake sing bakal maca karangane para maos sing lengganan majalah basa Jawa. Dheweke saorane wis duwe aji-aji kepriye carane nengsemake para maos pelenggan majalah basa Jawa sing bakal macak karangane. Nanging yen diedharake dadi buku, pengarang kudu waskita apa wae sing dadi karemane wong maca buku. Kamangka dinane iki bangsa Indonesia iki gegulang uripe tanpa disaranani maca buku lan nulis buku. Gegulang uripe sing ya uga dadi cagak uripe mung sarana weruh lan krungu, kaya kodrate. Kajaba kawaskitan, merlokake man jadda wajada, jare wong Sepanyol: perlu teguh lan makarya nggantha. Narko “Sodrun” Budiman ketoke siyap tandanggawe rawe-rawe rantas malang-malang putung anggone wani nerbitake buku novele.
Ing uderane novel Rembulan Ndhuwur Blumbang, Narko “Sodrun” Budiman wis kanthi tlesih ngugemi ngripta crita diplegake karo apa sing disekseni. Kaluwihane antara liya, cara nyandrane kahanan beda karo para pengarang sastra Jawa majalah sing lagi ngetren jaman saiki. Ora nyandra nasibe guru, ora nyandra lelakon ing kampus, ora nyandra kasangsarane uripe wong Jawa, ora crita prekara katresnan para tumaruna. Sing dicandra uga urip ing jaman saiki, kaya sing akeh kagebyarake ing TV, yakuwi Kekerasan Dalam Rumah Tangga. Marga beda sing dicandra, dadi ya beda karo sing umume digarap dening para pangarang sastra Jawa majalah wektu iki; lan yakuwi sing dadi kaluwihane novel iki. Sing dicritakake wong wis jejodhoan (Purnomo lan Anisah) lan wis duwe anak (Faza), nanging anggone ngrumat bale somah kok ora ayom ora ayem. Marga dipacak ing majalah, saka kawitane para maose ora ngreti, dadi ya terus wae nyemak crita sambunge. Yen mangreteni temane kaya ngono (KDRT) sadurunge maca critane, racake wong wis wegah maca bukune. Terus emoh tuku. Nanging ora papa, marga irahane novel pralambang kang narik kawigaten banget: Rembulan Ndhuwur Blumbang. Iki pancen dudu crita fantasi apa sensasi, sing adate disenengi wong sing seneng maca buku. Iki crita congkrehe wong wis jejodhoan ngrumat bale somah. Crita lumrah kedadean jaman saiki. Nanging Narko “Sodrun” Budiman carane nulis crita ora ndlujur lumrah wae. Wegig banget, crita lumrah dicritakake kanthi cara ora lumrah. Ora nganggo alur sing lugu. Luwih akeh dipedhot-pedhot sarana antawacana kang uga ora runtut, ndadekake para maose takon-takon tutuge lan gregeten. Critane nyeseg udreg, antawecanane nglendheh, sajak emoh melu udreg.
“Mulih! Ayo mulih!”. “Mas?”. “Ra usah takon! Ayo mulih!”. “Mas! Ana apa iki?”. “Mengko teka ngomah ae!” “Sareh sik ta, Nak. Ana rembug ya dirembug neng ngomah kene. Bapak lan simbok sing nyekseni.”. “Mboten, Pak! Kula gadhah griya piyambak. Prekara niki kedah dituntasne teng griya.”. “Ya wis, ning adhikmu aja dikasar lho ya?”. “Pak! Tututana bocah loro mau, Pak! Magrib-magrib akeh setan liwat.”. “Halaah, mbok bene ta, Mbokne! Aku arep adus.”. “Piye ta, Pak? Kok mentingne lek adus? Anis kae lho piye? Anisah, Paak!” Akeh alure crita digarap sarana antawecana sing ora dinuga kontektuale mengkono kuwi. Marakake pitakonan. Bareng ketemu katerangane sing maos dadi getem-getem lan gregeten.
Conto liya. Nalika Anisah ngreti yen Miko anggone jomblo nganti sapatemon ing lesehan kuwi marga dikhianati wong wadon aran Septiani, Anisah kepengin weruh kaya ngapa ta rupane Septiani, Miko saguh nuduhake. Yakuwi kebeneran wektu kuwi Septiani uga lagi mlebu kothak (warung) lesehan nomer 10. Anisah dijak mlaku bareng liwat kothak nomer 10, dikon nyawang wong wadon sing ana kothak nomer 10. Yakuwi Septiani, tilas yange Miko. Anisah nyawang, weruh Septiani sing pancene ayu tenan, Anisah rumangsa kalah ayu. Anisah ngawasake tenan, ngreti yen Septiani katone lagi meteng, weteng mblendhuke tansah dielus tangan kiwa. Anisah anggone ngawasake Septiani adreng banget, nganti ora nyawang sapa wong lanang sing ngancani Septiani mangan ing kono, mung katon mangan dhokoh nyuwili daging iwak guramih bakar bumbu kecap. Dene Miko nalika nglirik kothak nomer 10 sing diuwaske wong lanange, mesthine wong kuwi sing ngetengi Septiani. Beja banget bisa dadi bojone wong ayu Septiani.
Crita kuwi mung dipedhot samono, diterusake oncate Anisah lan Miko saka warung kono. Wis, mung ngono. Para maos ora dithoklehi apa wae sing ana ing kothak 10 mau. Nggregetake, kena apa kedadean kuwi dicritakake barang ing buku iki? Para maos selak ndang ngreti barese lan babare crita. Kira-kira ngene iki alur crita sing disebut suspense, foreshadowing, lan surprise. Kagarap kanthi wegig dening pengarang novel Rembulan Ndhuwur Blumbang iki. Akeh maneh pengarang ngetrapake tembung apa ukara sing jan pas, lan inovatif. Antara liya nalika Miko ketemu pandeng-pandengan maneh karo Anisah, saiki Anisah wis duwe anak Faza umur 5 taun. Manohara banget manut pamawase Miko. Ukara cekak aos, ning wis makili gambaran sapirang-pirang. Biyen prasaku yen dienggo pepadhane wong kuwi njupuk tokoh wayang purwa, ayune kaya Sembadra, ayune kaya Srikandhi. Ungkapan cekak aos kuwi genah ngapresiasi jaman saiki banget. Bebayane yen dadi buku, angel dibayangake dening para maose mbesuk 50 taun maneh. Nanging ora papa, kuwi nuduhake yen pengarange pancen setiti ngapresiasi jamane. Wong sing nduweni kasenengan maca buku lantip lan wicak kok manggihi tembung lan ukara ‘fenominal-kreatif-inovatif’ mengkono.
Mengkono antara liya keluwihane Narko “Sodrun” Budiman anggone nggarap novele Rembulan Ndhuwur Blumbang. Muga-muga bukune uga nyimpen wewadi surprise nglegakake ati tumrap para sing mundhut lan maca buku iki. Satemene, anggone para pengarang sastra Jawa majalah padha cancut makarya sastra Jawa diterbitake dadi buku, ngupadaya ndeleh prenahe sing sajatine yakuwi sastra kuwi buku, wis akeh sing nganyaki. Kanca-kanca pengarang saka Triwida, saka SSJY, saka PSJB, wis padha giyat nerbitake crita Jawa dadi buku. Luwih maneh bareng Ayip Rosidi mbudidaya paring bebana Rancagé (1994), yakuwi maringi bebana marang buku sastra Jawa sing terbit paling apik ing saben taune. Nanging saprene katone mbabaran buku mengkono kuwi durung kasil katekan ing sasarane sing tenan, yakuwi buku sastra Jawa dadi wacan gumrayah umum. Saben buku terbit banjur akeh sing tuku lan sing maca, durung kasil mengkono.
Ganjelan sing paling gedhe: Bangsa Indonesia ora duwe budaya maca buku lan nulis buku. Pendidikan Nasional Indonesia wiwit tumapake 1975 ora mbudhayakake putra bangsa maca buku lan nulis buku, lan saka TK nganti ing PT sing diajarake mung basa tunggal, basa Indonesia thok. Basa liyane merat saka pamulangan sekolahan. Sanajan akeh sing wis padha ngreti yen maca buku kuwi penting, maca buku kuwi padha karo nyawang cendhela donya, maca buku kuwi ngowahi takdir uripe dadi saya becik, mula penerbit Mizan, Gramedia, mrodhuksi buku saakeh-akehe, gawe toko buku saakeh-akehe, gawe perpustakaan saakeh-akehe, ing pamrih supaya bangsa Indonesia kanthi gampang bisa oleh buku lan maca buku, terus uripe dadi saya luwih becik, bebudene saya alus. Nanging nyatane, mudale buku ora timbang karo akehe putra bangsa sing kepengin maca buku. Saben-saben toko buku Gramedia ngobral bukune gedhen-gedhen, marga ora payu dol-dolane. Putra bangsa Indonesia wurung bèrbudi bawa laksana, marga ora maca buku, ora seneng maca buku. Aku tansah eling tulisane Multatuli, “Kita ora pesta panen pari ing sawah, nanging kita pesta panen pari sing kita tandur ing sawah”. Kuwi dakgambarake penerbitan buku dening Mizan, Gramedia, kepengin pesta bukune dituku lan diwaca dening putra bangsa, nanging bangsa kita katalompen, ora ‘nandur pari ing sawah’, ora memproduksi massal putra bangsa berbudaya membaca buku dan menulis buku. Yen pari ditandur ing sawah, yen putra bangsa supaya berbudaya maca buku lan nulis buku ya ing sekolahan, 12 taun wiwit anyake umur sekolah! Kurikulum Pendidikan Nasional sing kudu ngayahi pakaryan iki.
Muga-muga ganjelan pepalang dening Kurikulum Pendidikan Nasional kita kuwi ora ngurangi semangate para pengarang sastra Jawa anggone nerbitake buku. Marga sarana memaca buku lan nenulis buku kuwi ndadekake putra bangsa ora lelaku lan ajiwa primitif. Dadi pinter lan wicaksana. Ora mung sastra kuwi buku. Nanging uga ilmu kedhokteran kuwi buku. Ilmu tekhnik kuwi buku. Ilmu sejarah kuwi buku. Ilmu jiwa kuwi buku. Ilmu agama kuwi buku. Sarana maca buku lan nulis buku, putra bangsa dadi wong sing pinter lan wicak. Kabeh bisa migunani ngowahi takdir, yen sakathahe ngelmu kuwi ditulis lan diwaca ing buku. Nanging sadurunge ilmu-ilmu kuwi ditulis lan diwaca ing buku, paling dhisik putra bangsa dadi dhemen memaca buku ya ditepungake dhisik karo buku crita, buku dongeng, buku legenda, ora liya buku-buku kuwi ya buku sastra. Dhemen memaca buku kudu diwiwiti sarana memaca buku sastra. Aja mung sastra tunggal, nanging sastra basa apa wae uga aksara apa wae; Rolas taun ing sekolah cukup waktu kanggo mbudhayakake putra bangsa nyinaoni maneka basa, maneka aksara. Manut pengalaman pendhidhikan Walanda, umur-umur kawitan bocah sekolah, bisa dikulinakake sinau 8 basa, lan maneka warna gambar huruf. Mengko yen wis kulina maca maneka basa buku sastra lan maneka warna aksara, lagi wiwit maca buku ilmu-ilmu kedhokteran, teknik, lan liyane maneh ing pamulangan luhur. Ing pamulangan luhur, putra bangsa wis milih study kang cocog karo ganthane urip, lancar studyne marga disengkuyung kelantipane maca buku basa lan aksara apa wae. Sing milih study jurusan agama Islam ya wis lancar maca buku basa lan tulisan Arab, sing milih study teknologi Jepang ya wis lancar maca buku huruf Jepang.
Semangate Narko ‘Sodrun’ Budiman nerbitake critane dadi buku iki kudu terus diububi. Mengkono uga semangate para pengarang sastra Jawa liyane anggone mbudidaya nerbitake critane dadi buku. Sastra Jawa kuwi buku, diwaca lan ditulis kanggo wacan wong sadonya wiwit biyen nganti mbesuk. Muga penerbitan buku sastra Jawa enggal nggebyah lan gumrayah. Amin.
Surabaya, 1 November 2012. Suparto Brata.
0 comments to "Rembulan Ndhuwur Blambang"