Subuh, aku tangi. Putuku telu, SMA, SMP lan SD wis upyek nonton TV. “Dilirihke swarane! Eyang sholat!” pambengoke anakku wedok. Aku menyang jedhing. Bar subuhan aku njinggleng ing ngarep komputer, ngarang. Swarane TV wis bantas maneh. “Ayo, gage padha sholat!” pambengoke mantuku lanang, bapake bocah-bocah. “Sik!” wangsulane putuku meh bareng. “Subuhe selak entek,” mantuku saya sereng. “Sik, dhiluk engkas! Bar iki, lo!” SMA semaya.
Meh saben-saben mengkono kuwi. Mangka ora dina prei sekolah. Anak lan mantuku esuk ngono ya uwet nandangi urusan ngomah sadurunge padha budhal kantor. Ngontrol anak-anake ya yen sempat. “SMA, wis sholat?” mantuku takon. “SMP, adus, wis awan!” jare anakku. Wangsulane rena loro, “Wis!” utawa “Sik!”, lan tetep padha nonton TV. “Kok wis, ki? Kapan?”. Jawabe SMA, “Iki mau ndhik kamar!” Dene SMP diwaoni ibune, “Kok ora krungu gebyar-gebyure adus. Adus bebek, ya? Ora gebyur?” Si SMP mangsuli ngotot, “Uwis, kok!”
Dinane padhang. Padha arep sekolah, lan budhal kantor. SMA nggandholke SMP. SD melu mobile bapak-ibune. “Mbok sepedhah montormu kuwi diresiki, ta, SMA. Mosok bar kodanan ngono, blethoke ngregeti mesin, ora dilapi blas!” Diwangsuli, “Ya engko dakcucekne. Endi dhuwite?” Lan ibune menehi dhuwit kanggo nyucekake sepedhah montor.
Padha brangkat, kari aku karo pembantu wadon siji tinggal ing ngomah. TV mati.
Aku biyen, sekolah SMP jaman perang ing kutha pengungsen, esuk umun-umun wis nyapu latar ngarep. Ibuku uwet neng pawon. Kangmasku nyapu jogan. Saomah ya wong telu kuwi. Mula yen ora padha tandang gawe ngurusi omah, ya laku ngrumat bale somah ora bisa kepenak. Aku ngiseni kolah jedhing, yen ora dakiseni apa bisa padha adus gebyar-gebyur? Ibu mangsak, yen ora apa aku lan kangmasku bisa madhang ing ngomah? Kangmas nyang kantor oleh blanja, yen ora apa bisa keluwargane kene oleh dhuwit? Dadi wong telu nglakoni madeg bale somah, gotongroyong saling ngiseni lowonge gawe. Dinane padhang, kangmas budhal kantor mlaku, kantore cedhak. Aku nyrebeti sepedhahku dhisik nganti resik tenan. Yen rantene garing daklengani, ben genjotane penak. Lan banjur budhal sekolah, pamit sibu, “Dalem sekolah, Bu!”
Awan SMA lan SMP teka. Mlebu omah, langsung njejak petekan listrik ing ngisor meja nganggo pucuk sepatune, nyetel TV. Lungguh madhep TV karo cucul sepatu. SMA nusul sawise nyelehke sepedhah montore. Swara TV dadi rame angger putu-putu padha neng ngomah. Ora tau leren. Melek mripat, melek TV. Madhang barang, padha nggawa piringe neng ngarep TV. Nontone cedhak banget, watara sakmeter saka layar TV. Wis padha nganggo kacamata. Embuh priye nalar sebabe, nonton TV cedhak akibate terus nganggo kacamata, apa supaya nonton TV cetha mergane mripate wis bawur dhisik mula kudu nganggo kacamata. Gek suwarane TV bantase eram. Yen ana ibu bapake, kerep wae dilaruhi, “Swarane dilirihke!” Ya banjur lirih, sedhela. Ora suwe diremote dipijeti swarane TV bantas maneh. “Dilirihke!” pambengoke ibune maneh. Ngono kuwi wis ajeg-ajegan.
Aku biyen ing pengungsen, sekolah SMP ora nganggo sepatu. Mulih saka sekolah tekan ngomah menyang jedhing dhisik, wisuh sikil wisuh tangan, lagek mlebu ngomah. Terus salin klambi bedinan. Lagek menyang lemari makan, njupuk sega lan lawuh, terus dakgawa menyang meja, madhang neng kono, piring diseleh ing meja.
Yen minggu, mesthine padha neng ngomah. Nanging kerep wae anak lan mantuku ana acara liya ing njaban omah, upamane pengajian apa arisan keluwarga. Wiwite dina ya pancet kaya adat saben. Subuh aku tangi, putu-putu wis udreg menthelengi TV. “SMA, SMP, sholat!” Diwangsuli, “Sik!”. Karepe mengko dhisik, acara TV-ne lagi muyek, ora bisa ditinggal. Yen nganti ketilap, ya rugi banget. “Wektune sholat selak entek!” udrege bapake. “Sik, ta! Sedhiluk engkas iki, lo!” wangsulane sentak.
Merga dina minggu, ora sekolah, ora kesusu adus barang. Mula dilaruhi ibu-bapake supaya adus dhisik, wangsulane putu-putuku ya padha wae, “Sik!” Sidane ibu-bapake padha lunga arisan, putu-putu ya padha durung mingket saka nonton TV. Dikontrol ditakoni wis sholat, wangsulane “Wis! Neng kamar mau!” Yen prekara adus ora ditakokake, wong pancen ora sekolah, ora kudu adus dhisik. Nganti jam siji utawa jam loro awan ibu-bapake mulih saka arisan apa pengajian, putu-putuku ya padha durung adus. Ora mingket saka nonton TV. Wong nyatane ora adus ya bisa kepenak wae nonton TV. Lan ora sah melu nyaponi omah, ora sah melu mangsak, ya ora kecingkrangan apa-apa. Madhang ya kari njupuk piring lan sega salawuhe terus digawa neng ngarep TV, ya ora kecingkrangan apa-apa, bisa nonton TV kanthi kepenak. Ibu-bapake padha ngaso neng kamar, nganti asar, putu-putu ya ora leren nonton TV. “Wis sholat asyar?” Wangsulane mung rena loro, “Sik!” utawa “Wis!”. Nglanjak sore padha dilaruhi, “Ayo, padha adus dhisik!” Wangsulane mung rena loro, “Sik!” utawa “Wis!”. Kerep wae daktiteni, aduse tenan jam wolu bengi, sawise nonton TV wiwit subuh mau. Nyatane ora adus sedina ya ora kecingkrangan nonton TV.
Aku wis tau elik-elik. “Wong arep UAS apa UNAS ngono, lo, mbok sinau. Mbok maca-maca buku. Aja nonton TV wae. Buku kuwi cendhelane donya, lo!” Diwangsuli karo putu-putuku, “Lo, Eyang, TV kuwi ya cendhelane donya, lo! Ora sah maca buku, nonton TV ya ngreti kahanan saindenge donya. Gek ora rekasa kudu njlimeti seneng maca lembaran buku barang. Blajar maca wae ya wis kangelan. Enak nonton TV. Seneng nonton TV wis marem tenan! Urip kuwi nonton TV. Sinau utawa maca buku ngono barang kuwi mung ngridhuhi urip wae.”
Aku biyen, urip ing kutha pengungsen jaman perang nglawan Walanda, yen arep ulangan umum ngono, wahdhuh, sinauku ngapalake rumus-rumus aljabar utawa taun-taun sejarah ndremimil. Dalil ilmu ukur, dua segitiga sama dan sebangun kalau dua garis dan sudut apitnya sama. Ngono kuwi kudu apal, lan kudu bisa mbuktekake yen padha. Perang Diponegoro taun 1825-1830, Herman Daendeles iku gawe dalan saka Anyer nganti Penarukan taun 1811. Ngono barang kuwi kudu apal tenan, mengko diujekake ing ulangan umum, kudu bisa njawab tinulis. Tanganku kudu nulis jawabane kuwi.
“Lo, Yang, aku nonton TV ya ngreti Komjen Susno Duadji ditawan pulisi. Bentrok Mbah Priok mateni Satpol PP telu. Kuwi rak ya sejarah. Yen ditakokake ing UNAS aku kari mbunderi A apa B. Ora sah kangelan nenulis barang. Apa perlune bisa nenulis, wong ora nenulis jawaban ing UNAS ya bisa lulus,” bantahe SMA.
Sabanjure aku ya ora elik-elik maneh marang putu-putu anggone padha nonton TV. Wong urip kuwi nonton TV. Sarana nonton TV sepedhah montore bisa resik dhewe. Sarana nonton TV carane selibriti kawin pegat bisa ditiru lan disinau, disiasati, nulari watege putu-putuku. Kuwi kabeh merga kemajuane tehnologi. Kemajuane tehnologi saiki pancen dadi jamane para putuku, dudu jamanku biyen. Aku ora bisa tansah elik-elik utawa maoni. Aku kudu nrima, ora bisa nglawan majune tehnologi. Bisaku matrapake kemajuan tehnologi ya mung anggonku bisa ngengarang ing komputer kanthi kepenak, ora kaya jamanku biyen kudu nggethu nulis tangan lan banjur dakketik tak-tek pirang-pirang lembar. Bareng ana sing salah, kudu daksetip utawa nggunting-nempel sing ngrekasa banget. Kemajuan tehnologi kang mengkono, ngenakake uripe manungsa, kudu daksyukuri.
Kajaba nyukuri majune tehnologi, aku ya mung bisa ndedonga. Muga-muga ing jaman-jaman uripe putu-buyutku mbesuk, kemajuan tehnologi kuwi bisa banget ngepenakake uripe manungsa sapadha-padha. Muga-muga jaman mbesuk, kemajuan tehnologi kuwi sarana nonton TV bisa dianggo golek sandhang-pangan lan papan. Sarana nonton TV umure manungsa bisa luwih saka 100 taun. Sarana nonton TV bisa urip ing demensi papat, yakuwi ora ana lete ruwang lan wektu. Saiki ana Blitar, saiki bisa menyang Surabaya tanpa lelungan tanpa mbuwang wektu. Jleg tekan, sakuwat iku uga. Kuwi urip ing demensi papat. Muga kemajuan tehnologi nonton TV bisa mengkono. Sarana nonton TV bisa oleh bojo, lan nglairake generasi anyar. Malah bisa wae kanthi kemajuan tehnologi, ora sah sholat, ora sah naik haji, bisa munggah surga.
Nanging kuwi kemajuan tehnologi jaman mbesuk. Saiki durung. Jaman saiki, kepengin nggayuh urip sing kepenak tembe mburi, aku isih perlu lan dakperlokake lunga umroh. Kemajuan tehnologi jaman saiki durung bisa nyandhak lunga umroh mung sarana nonton TV. Kuwi daksyukuri banget. Marga aku saiki wae, nonton TV wae wegah banget. Kemajuan tehnologi nonton TV ora bisa dakenggo ngepenakake uripku. Malah dadi gorehe atiku.
*
(cuthel)
(cuthel)
Dipacak ing: Majalah JAYA BAYA no. 46 Minggu III Juli 2010.
Wah kula remen sanget saged nyumurupi anggitane eyang parto malih.
Riyin jaman alitan kula kerep maca wonten JB, ning awit thn 1997, ibu mpun mboten lengganan malih. Terus nggih mandeg wacanan jawa kula. Lha niki internet pranyata nggih termasuk teknologi ingkang ngepenaake nggih yang? :-)
Pancen bocah saiki, senengane nonton, TV, main game, internetan utawa SMS-an, ora ana waktu nganggur terus maca buku...
senang sekali saya bisa berkunjug ke blog Bapak (Eyang) Suparto Brata ..
maaf saya kurang bisa bhs jawa, jadi menggunakan bhs indonesia .. mboten nopo-nopo nggih Eyang .. :-)
smg Eyang tetep sehat & semangat nge-blog ..
terima kasih telah mengunjugi blog saya